Anda di halaman 1dari 1

TEKS SAMBUTAN WAKIL DARI

FORUM REMAJA DUSUN KEMPONG (FRDK)

Assalaamu’alaikum Wr.Wb
Alhamdulillaahi robbil ‘alamiin,
wassolaatu wassalaamu’alaa asrofil anbiyaa ii wal mursaliin sayyidina muhammadin, wa’ala alihi
wa’ashabihi ajma’in,
robbis srohli sodri wahsirli amri wahlul ukdatammi lisaani yafkohul kauli,
amma ba’du.

 Wonten ngarsanipun Bapak Kadus dusun Kempong lan sak jenjang perangkatipun, poro sesepuh
pinisepuh ingkang dahat kinurmatan.
 Ketua Forum Remaja Dusun Kempong lan sak jenjang perangkatipun ingkang kinurmatan.
 Ingkang kawulo hormati …………… ( rumah yg ditempati )
 Rencang-rencang remaja dusun kempong ingkang kulo tresnani ugi lan ingkang kulo banggakan.

Sepindah, monggo kito aturaken raos puji syukur kito dumateng Alloh SWT, engkang sampun pareng
Rahmat lan karunianipun dumateng kito sedoyo. Sahinggo kito saged makempal manunggal ing adicoro
kempalan rutin puniko kanti mboten manggihi alangan satunggal punopo.
Sholawat sarto salam monggo sami kito aturaken dumateng Baginda Nabi Muhammad SAW engkang
kito antu-antu syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah. amin

Keparing matur,
kawulo ing mriki matur makili rencang-rencang remaja dusun kempong,
sepindah, ngaturaken agunging panuwun dumateng sohibul bait nggeh puniko ……......……… (Bpk/Mas),
amargi sampun purun nampi kito sedaya lan sampun maringi papan palenggahan lan pasugatan dumateng
kito sedaya.
Kaping kalihipun, kawulo makili rencang-rencang sedaya nyuwun agunging samudro pangaksami
dumateng sohibul bait, mbok bilih wonten tindak tanduk ingkang mboten trep utawi kito sedaya sampun
ngrepoti dumateng sohibul bait.
Cekap semanten atur kula, mbok bilih kathah keklentuanipun anggen kula matur kula nyuwun agunging
pangapunten.
Kulo pungkasi,
wabillahi taufik wal hidayah, wa ridho wa inayah,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai