Anda di halaman 1dari 3

TEKS MC/ PEMBAWA ACARA

FORUM REMAJA DUSUN KEMPONG (FRDK)

Assalaamu’alaikum Wr.Wb
Alhamdu Lillaahi Rabbil ‘Aalamiin, Wa Bihi Nasta ‘Iinu ‘Alaa Umuurid Dun-Yaa Wad Diin,
Wash Shalaatu Wassalaamu ‘Alaa Asyrafil An Biyaa-I Wal Mursaliin,
Sayyidinaa Wa Maulaanaa Muhammadin Wa ‘Alaa Aalihii Wa Shahbihi Ajma ‘Iin,
Ammaa Ba’du
 Wonten ngarsanipun Bapak Kadus dusun Kempong lan sak jenjang perangkatipun, poro sesepuh
pinisepuh ingkang dahat kinurmatan.
 Ketua Forum Remaja Dusun Kempong lan sak jenjang perangkatipun ingkang kinurmatan.
 Ingkang kawulo hormati …………… ( rumah yg ditempati )
 Rencang-rencang remaja dusun kempong ingkang kulo tresnani ugi lan ingkang kulo banggaaken.

Langkung rumiyin, sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah
SWT., ingkang sampun kepareng kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani, sahengga ngantos wekdal
punika panjenengan sadaya, dalasan kula, saged hangrawuhi kempalan rutin Musyawarah utawi rapat
rutin Forum Remaja Dusun Kempong. Monggo kita sareng-sareng maos, bi khoulina ... Allhamdulilahi Robil
alamin.
Kaping kalihipun, salawat salam mugi tansah dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, mangga kita
haturaken shalawat, (Allahumma shalli wa sallim ‘ala sayyidina Muhammad wa ‘ala ali Muhammad).
Mugi-mugi kanthi Salawat punika kita sedaya keparing syafa’at benjang ing yaumil kiamah. Amin
Allahuma ... Amin.

Para kadang Muda Werdo, ingkang kaula trisnani.


Kaula ingkang jinejer wonten mriki, minangka pranata cara, keparenga langkung rumiyin badhe
hangaturaken menggah urut reroncening adicara ndalu puniko.
1. Sapindah, inggih puniko pambuko.
2. Kalajengaken adhi cara kaping kalih, inggih puniko waosan tahlil sekalian doa sak cekap ipun.
3. Adhi cara nomer tigo, inggih puniko sambutan-sambutan.
a. Sambutan kaping pisan, saking ...................... (tuan rumah)
b. Sambutan kalih ipun, saking ....................... (ketua remaja/ yang mewakili)
c. Kalajengaken sambutan ingkang nomer tigo, saking ............ (wakil perangkat dusun/
sesepuh/ ingkang mewakili)
4. Dilajengaken adhi cara ingkang nomer sekawan, inggih puniko laporan-laporan pengurus remaja
dusun kempong.
5. Adhi cara ingkang nomer gangsal ipun, inggih puniko musyawarah rembuk.
6. Adhi cara ingkang pungkasan, inggih puniko penutup.

Sumangga ing adicara Musyawarah utawi Rapat rutin Forum Remaja Dusun Kempong punika,
kawiwitan kanthi maos Basmalah ... Bismillahirrohmanirrohiim.
Mugi-mugi Gusti Allah tetep paring barokah, sahengga lampahing adicara punika saged lumampah
kanthi rancag engga paripurna.

Adhi cara ingkang selajeng ipun, ingkang nomor kalih inggih punika, waosan tahlil sekaliyan doa sak
cekap ipun.
(tahlil .... )
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, paripurna waosan tahlil puniko mugi-mugi dadosaken amal jariyah kulo
lan panjenengan sedoyo. Amiiin.

Di lajengaken adhi cara ingkang nomer tigo, inggih puniko sambutan-sambutan.


a. Sambutan kaping pisan, saking ...................... (selaku tuan rumah) kulo sumanggaaken.
(sambutan .... )
Matur semba nuwun, mugi-mugi sedaya ingkang dipun sediaaken, wekdal, papan
panggenan, daharan saha unjuan. Dados amal ingkang sae dumatheng panjenengan
ipun mas ................. dalah keluarga. Amin, Allahuma ... Amin

b. Sambutan kalih ipun, saking ....................... (selaku ketua remaja/ yang mewakili) kulo
sumanggaaken.
(sambutan .... )
Matur semba nuwun dumatheng Kang Mas .................. selaku ketua remaja/ yang
mewakili, sambutan ipun. Mugi dados perhatian kita sedaya. Amin.

c. Kalajengaken sambutan ingkang nomer tigo, saking ............ (wakil perangkat dusun/
sesepuh/ ingkang mewakili) kulo sumanggaaken.
(sambutan .... )
Matur semba nuwun dumatheng bapak .................. wakil perangkat dusun/ sesepuh/
ingkang mewakili, sambutan ipun. Mugi dados perhatian kita sedaya. Amin.
Dilajengaken adhi cara ingkang nomer sekawan, inggih puniko laporan-laporan pengurus remaja dusun
kempong. Ingkang kaijabahan nglaporaken kulo sumanggaaken.
(laporan ..... )
Matur semba nuwun dumatheng sedoyo pengurus Remaja Dusun Kempong, Mugio sageta dados
perhatian kita sedaya.

Alhamdulillah hirobhil alamin, amargi wekdal sampun sak antawis ndalu, mangga kita lajengaken adhi
cara punika.
Kalajengaken adhi cara nomor gangsal, ingkang kita sedaya tenggo-tenggo. Inggih punika musyawarah
rembuk, sinten mawon ingkang gadah usulan utawi ide gagasan utawi permasalahan menopo kemawon
enggal dipun aturaken.
Mangga acara musyawarah rembuk punika kita wiwiti khanti waosan basmalah.
Bismillahirrohmanirrohiim.
Kulo sumanggaaken.....
(musyawarah rembuk ..... )

Alhamdulillah hirobhil alamin, mugia usulan-usulan musyawarah rembuk punika kita sedaya saget
nglaksanakaken, lan sageta maringi kita perubahan, terutama nipun ing lingkungan Remaja dalah
Masyarakat dusun Kempong mriki. Amin ... Allahuma. Amin.

Terakhir utawi pamungkas, inggih puniko penutup.


Kanhti pari purna nipun musyawarah rembuk utawi rapat rutin Remaja Dusun Kempong punika, kita
wonten ing pungkasan adhi cara. Mbok bilih wonten kelepatan, Kula nuwun agunging samudera
pangaksami dumateng panjenengan sedaya.
Monggo kita akhiri kanhti waosan hamdalah sareng-sareng,
Allhamdulilahi Robil alamin.

wabillahi taufik wal hidayah, wa ridho wa inayah,


Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai