Anda di halaman 1dari 1

Assalaamualaikum warahmatullaahi wabarkaatuhu,

Alhamdulillaahirabbilaalamiin. Assholaatu was-salaamualaa asyrofil an-biyaa-i wal mursaliin.


Syayyidinaa wa maulana muhammadin waalaa alihi wa shohbihi aj-maiin. Amma bad.
Dhumateng ngarsanipun para pepundhen, para pinisepuh saha para sesepuh ingkang pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, nun inggih panjenenganipun Bapak Dukuh
ingkang asmanipun Bapak Anggara, Bapak Ketua RW ingkang asmanipun Bapak Indo menapa dene
Bapak Ketua RT ingkang asmanipun Bapak Agfian ingkang tuhu kinabekten. Para Bapak saha Ibu
minangka tokoh masyarakat ing tlatah Pedukuhan Sanden ingkang tansah kula hormati. Mboten kesupen
dhumateng para kanca pengurus GEMAS (Generasi Muda Sanden) ingkang tansah kaantu-antu
kiprahipun ing sak lebeting gesang kemasyarakatan.
Keparenga kula ndherekaken lampahing adicara pepanggihan ing titiwanci punika.
Kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karantam, ingkang ing samangke badhe
kapurwakani kanthi adicara ingkang angka sepisan nun inggih Pambuka. Kalajengaken adicara ingkang
angka kalih, atur pambagyaharja saking Ketua Pemuda Ndungkap adicara ingkang angka tiga,
Pangandikan saking Bapak Dukuh. Adicara ingkang angka sekawan inggih menika Musyawarah, ingkang
samangke lampahing adicara musyawarah menika kaaturaken dhateng sedherek Ketua Pemuda.
Wondene adicara ingkang angka gangsal inggih adicara Panutup.
Para bapak, para ibu saha para sedehrek sedaya ingkang tansah kinurmatan. Sumangga adicara
pepanggihan ing titiwanci punika tumunten kita awiti. Sumangga kita purwakani kanthi sareng-sareng
ndedonga kanthi nenuwun lan nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal
Basmalah, kula dhereaken.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, atur pambagyaharja saking Ketua Pemuda Mas Bagas. Ingkang
menika dhumateng sedherek Ketua Pemuda kasumanggaaken.
=====(setelah pambagyaharja dari ketua selesai)=====
Matur nuwun.Kalajengaken adicara ingkang angka tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh Sanden.
Dhumateng Bapak Dukuh, wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
=====(setelah Sambutan Dukuh selesai)=====
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Dukuh Sanden ingkang sampun
kepareng paring pangandikan..
Para Bapak, para ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, lumebet adicara ingkang angka
sekawan, inggih adicara Musyawarah. Wondene lampahing adicara musyawarah menika, sawetahipun
kula aturaken dhateng sedherek Ketua Pemuda. Dhumateng sedherek Mas Bagas kasumanggaaken.
=====(setelah jalannya musyawarah selesai)===
.
Para Bapak para Ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, titi laksananing adicara pepanggihan
ing wekdal punika wiwit purwa. Minangka panutuping adicara, sumangga adicara ing titiwanci menika
kita pungkasi ngiras pantes minangka raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos
lafal Hamdalah, kula dherekaken. . Alhamdulillaahirabbilaalamiin
Para lenggah ingkang kinurmatan, ing mbok bilih sak dangunipun kula ndherekaken lampahing adicara,
kathah atur ingkang kirang nuju prana menapa dena tindak-tanduk kula ingkang kirang mranani, saestu
kanthi andhap asoring manah kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, nyuwun aguning
pangapunten.
Wusana, wassalaamu;alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

Anda mungkin juga menyukai