Anda di halaman 1dari 2

RAHAYU RAHAYU RAHAYU SAGUNG DUMADI

Ingkang dhahat kinurmatan Ketua RT 2 RW 1 Dusun Jarak Kecamatan Wonosalam


Kabupaten Jombang
Dhumateng sesepuh pini sepuh, para alim para ulama ingkang kula taklimi
Ingkang kawula kurmati Bapa Agus Darminto minangka Kepala desa jarak.
Ingkang kula kurmati Mas Rusydi Hafidz Alinata kalian Mas Andra Ramadhan
minangka pemateri wonten ing dalu menika
Sumrambah dhumateng para kadang ingkang sampun hanyengkuyung adicara menika
Ugi para panitia ingkang tansah bagya mulya
Saderengipun kita miwiti adicara ing wanci dalu menika, sumangga sami ngaturaken
puji sokur dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring rohmat taufik
hidayah sarta kawelasanipun saengga kita saged pepanggihan wonten ing adicara
PELATIHAN MUTIMEDIA kanthi tema “MENGEMBANGKAN PRODUK DESA DI
TENGAH REVOLUSI INDUSTRI 4.0”.

Boten kesupen Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng Nabi Agung
Muhammad SAW ingkang kita tengga safaatipun mangke wonten dinten pungkasan. Sugeng
pepanggihan kalihan kula pun Aqmal Dandung Aditya. Wonten ing adicara menika kula
minangka pranatacara ingkang badhe nuntun lampahipun adicara menika. Mugi – mugi
adicara menika saged kalampahan kanthi lancar wiwit purwa, madya, ngantos wasana.
Para rawuh ingkang rinengkuh karaharjan keparenga kula andharaken rantaman adicara
wonten ing wanci dalu menika,
1. ingkang angka setunggal inggih menika pambuka,
2. angka kalih pamedharsabda saking Ketua panitia
3. angka tiga pamedharsabda saking kepala desa jarak
4. angka sekawan mlebet adicara inti inggih menika pemaparan materi
5. angka gangsal utawi ingkang pungkasan inggih menika panutup.

Inggih kangge nyekak wekdal punika, sumangga kita wiwiti adicara menika kanthi maos
Basmalah sesarengan, (Bissmillahirohmanirrohim).
Salajengipun adicara angka kalih inggih menika pamedharsabda saking Ketua
Pelaksana Pelatihan multimedia (Dhumateng Mas Andika Wiladan Trisula kula
sumanggaaken – matur nembah nuwun dhumateng Mas Andika Wildhan sampun kersa
paring pamedharsabda ing kalodhangan menika).
Dipunlajengaken adicara angka tiga inggih menika pamedharsabda saking Kepala
desa jarak (dhumateng Bapa Agus Darminto panjenenganipun kula sumanggaaken – kula
aturaken gunging panuwun dhumateng Bapa Agus).

Angka sekawan mlebet adicara inti, inggih menika pemaparan materi. Materi angka
setunggal badhe kaandharaken denning Mas Andra Ramdhan, salajengipun materi angka
kalih badhe kaandharaken denning Mas Rusydi Hafidz
Sugeng midhangetaken. (masuk acara)

Sokur bage... menika kala wau sampun kalampahan adicara pelatihan multimedia,
kanthi tema “MENGEMBANGKAN PRODUK DESA DI TENGAH REVOLUSI
INDUSTRI 4.0”. Kula minangka sesulih saking sedaya para kanca ngaturaken gunging
panuwun ingkang tanpa pepindhan, dhumateng sedaya para kadang ingkang sampun
hanyengkuyung adicara menika, saengga saged kalampahan kanthi lancar tanpa reribed
setunggal menapa.
Boten kesupen, kula nyuwun gunging sih samudra pangaksami awit saking sedaya
kalepatan kula lan para kanca, amargi kita sedaya menika namung menungsa limrah ingkang
boten uwal saking kalepatan. Pangajab kula, mugi kanthi wontenipun pelatihan multimedia
menika saged murakabi lan mupangati kangge para kadang sedaya

Wekasanipun atur, kanthi sesanti


“Mobah mosiking donya pinasrahan mring Hyang Suksma,
Manungsa tan kena kinira amung bisa angupaya lan manekung puja.”

RAHAYU RAHAYU RAHAYU.


MATUR NEMBAH NUWUN.

Anda mungkin juga menyukai