Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr.

Wb
Bismillahirrohmanirrohim, Alhamdulillahi robbil ‘alamin wabihi
nasta’in ‘alaa umuriddunnya waddin. Wassolatu wassalamu ‘ala
sayyidina Muhammad, wa’ala alihi wasohbihi ajma’in. amma ba’du.
Dumateng pangarsanipun sohibul bait Ibu …………… tiang
sekeluargi ingkang tansah kaulo hormati. Dumateng poro ibu
jama’ah waosan surat Yasin ingkang tansah kaulo hormati.
Sepindah, monggo sareng-sareng tansah muji syukur wonten
ayunan ing dalem Allah SWT. Ingkang tansah maringi mapinten-
pinten karohmatan soho keni’matan, sehinggo kito saget makempal
utawi silaturahmi wonten ing dalemipun Ibu ............... ingkang
mboten wonten alangan setunggal penopo kimawon. Amiin
Allahumma Solli ‘ala Sayyidina Muhammad
Lan mboten kesupen, sholawat ugi salam tansah kito
sanjungaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad Saw,
ingkang tansah kito antu-antu syafa’atipun mbenjang wonten
Yaumul Qiyamah.
Kaulo ing mriki bade maosaken acoro ing wekdal sak meniko,
ananging mbok bilih wonten kalepatan kulo ing sak mangke kulo
nyuwun agunge pangapunten dumateng poro rawuh sedoyo.

 Acoro ingkang sepindah injeh meniko Pembukaan


 Acoro ingkang nomor kalih injeh meniko waosan Surat Yasin
 Acoro ingkang nomor tigo injeh meniko waosan Sholawat Al-
Barjanji
 Acoro ingkang nomor sekawan injeh meniko Do’a lan Penutup

1. Amargi wekdal sampun dalu monggo sareng-sareng kito buka


acoro ing wekdal sak meniko kanti wosan ummul kitab. Li ridhoi
lillahi wali syafa’ati Rosulillah, Al-Fatihah …….
Mekaten kanti waosan ummul kitab, mugi-mugi acoro ing wekdal
meniko bade kelampah mboten wonten alangan setunggal
punopo kimawon. Amiin

2. Acoro ingkang nomor kalih injeh meniko waosan Surat Yasin,


bade dipun waosaken kalian Ibu …………… dumateng Ibu ……………
kaulo sumanggaaken.
Mekaten waosan Surat Yasin ingkang tansah kito mirengaken,
mugi-mugi kulo panjenengan sami tansah pikantuk pahala saking
Allah SWT. Amiin

3. Acoro ingkang nomor tigo injeh meniko waosan Sholawat Al-


Barjanji bade dipun waosaken kalian Ibu …………… dumateng Ibu
…………… kaulo sumanggaaken.
Mekaten waosan Sholawat Al-Barjanji ingkang tansah kito waos,
mugi-mugi kulo panjenengan sami tansah pikantuk syafa’at saking
junjungan kito Nabi Muhammad Saw.

4. Acoro ingkang nomor sekawan injeh meniko Do’a sekaligus


Penutup bade dipun pimpin kalian Ibu ……………

Ananging saking kaulo minongko pranoto adicoro . Mbok bilih


wonten kekiranganipun anggen kaulo maosaken Susunan Acoro
ing wekdal sak meniko, kaulo nyuwun agunge pangapunten
dumateng panjenengan sedoyo.

Astaghfirullahal adhim 3X

Akhirul kalam wabillahi taufik wal hidayah


Wassalamualaikum Wr. Wb

dumateng Ibu …………… kaulo sumanggaaken.

Anda mungkin juga menyukai