Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum wr.

wb

 Bismilla hirohmanirohim, alhamdulillahirobbilalamin, wabihi nastanginu ngala umuridunnya


wadin wassolatu wassallamu ngala asrofil ambiya hiwalmursalin wangala alihi wasohbihi
ajmangin amabagdu.

Dumateng ibu nyai bariyah selaku ketua rombongan yasin tahlil ingkang kulo hormati

Dumateng ibu lurah sesepuh desa pangkalan saperangkatipun ingkang kulo hormati

Wabilhusus dumateng sohibul baet ibu ....................sakeluarga engkang kulo hormati

Dumateng sedoyo poro rawuh, ibu-ibu jamaah pengaosan alhidayah ingkang kulo hormati

 Keparengo wonten ing siang sonten meniko kulo minangkani pembagi wekdal pengaosan rutin
badhe maosaken ranteman adicoro
 Ananging sakderengipun monggo kito sareng-sareng tansah ngunjukaken raos puji syukur
wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten hidayah inayah dateng
kito sedoyo, sehinggo kito saged makempal wonten majlis taklim meniko kanti tansah sehat lan
katetepan iman islam, Allohuma amin
 Solawat soho salam mugi tansah konjuk dumateng tuntunan kito Nabi Agung Muhammad SAW,
ingkang tansah kito ajeng-ajeng safangatipun fidunnya wal ahiro Allohuma Amin.
 Hadirin ingkang tansah kulo mulyaaken saderengipun adicoro kulo waos monggo kito
menyanyikan lagu Indonesia raya, mars muslimat, hymne muslimat, mars fatayat, yalalwaton
sesarengan
 Dumateng sedoyo poro rawuh kulo aturi jumeneng sakwetawes lan dumateng ibu peni kulo
aturi maringi aba-aba kangge mimpin poro rawuh sedoyo
 Hadirin sedoyo ingkang tansah kulo mulyaaken adicoro pengaosan wonten ing siang sonten
meniko enjeh meniko:
1. Sepinda pembukaan
2. Kaping kaleh waosan yasin katerasaken tahlil
3. Kaping tigo istirahat
4. Kaping sekawan pengaosan
5. Kaping gangsal lain-lain
6. Kaping enem penutup
 Ibu-ibu ingkang tansah kita hormati monggo kito bikak kanti waosan umul kitab sesarengan
lilahitangala alfatihah
 Maturnuwun dumateng poro rawuh ingkang sampun kerso mbikak acoro meniko, kanti waosan
alfatihah. Mugi-mugi ndadosaken lancaripun acoro wiwit awal dumugi akhir
 Ndungkap acoro ingkang kaping kaleh nggeh meniko waosan yasin tahlil, ingkang badhe dipun
pimpin kalian ibu nyai................................dumateng ibu nyai ...................................wekdal kulo
sumangga aken, sakcekapipun
 Mekaten wau waosan yasin tahlil, mugi-mugi sedoyo arwah ingkang dipun kintu doa, dipun
tampi sedoyo amal kesaenanipun dipun mulyaaken lan dipun paringi makfiroh dening Allah SWT
 Ndungkap acoro kaping tigo enjeh meniko istirahat
 Kanthi mboten ngirangi raos kemerdekaan panjenengan sedoyo, wekdal istirahat kulo
cekapaken semanten
 Dungkap acoro kaping sekawan enggeh meniko pengaosan. Engkang bade dipun asto dening ibu
.......................... dumateng ibu........................... wekdal kulo sumonggoaken sacekapipun
 Mekaten wau pengaosan ingkang sampun dipun sampeaken. Mugi-mugi kito sedoyo saged
mendet hikmaipun lan saged ndadosaken iman lan taqwa kito dumateng Allah SWT
 Ndungkap hadicoro kaping gangsal enggeh meniko lain-lain dumateng ibu-ibu monggo sinten
ingkang badhe ngisi acoro lain-lain
 Poro ibu-ibu hadirin sedoyo ingkang kito hormati pengaosan rutin sonten meniko sampun
kalampahan kanti sae lan mboten wonten alangan saktunggal menopo
 Kulo pribadi selaku ingkang dados pembagi wekdal, bilih kathah klenta-klentu atur kulo, kulo
nyuwun agunge pangapunten.
 Monggo kito tutup acara niki ngagem bacaan hamdallah sesarengan “Alhamdulillah hirobil
alamin”
 Wabilah taufik walhidayah wassalamualaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai