Anda di halaman 1dari 1

PERKUMPULAN RT I RW I BADE WIWITAN

Assalamualaikum WR. WB
Wonten ngarsanipun ibu sesepuh RT ingkang kawulo hormati, dumateng ingkang
kagungan dalem, ugi poro ibu-ibu ingkah rawuh ugi ingkah kawula hormati.
Sakderengipun pakempalan kito wiwiti pramilo langkung rumiyin ngunjuaken raos puji
syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun kepareng nglimpahaken pinten-pinten
kerohmata, kenikmatan, taufik serto hidayahipun sahinggo ing sonten puniko kito saget
silaturahmi kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.
Mboten kasupen sholawat soho salam mugi katur wonten ngarsanipun junjungan kito
nabi besar Muhammad SAW ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang wonten yaumul
kiyamah, Aamiin.
Ingkang saklajengipun kawulo minangka pranoto adicoro ngaturaken agunging panuwun
dumateng ingkang kagungan dalem ingkang sampun kepareng paring papan palenggahan lan
sedayanipun. Ingkang puniko mugi-mugi sedaya amalipun katampi wonten ngarsanipun Allah
SWT.
Gegandengan wedal sampun ndalu pakempalan kito wiwiti, langkung rumiyen kawula
waosaken susunan adicoro :
1. Pembukaan
2. Pembacaan notulen
3. Laporan-laporan :
a. Seksi tabungan
b. Seksi bangdes
c. Seksi jimpitan
d. Seksi iuran
e. Seksi sosial
4. Kultum
a. …..
b. …..
5. Pangandikan
a. Ibu Sumartini
b. … .
6. Lain-lain : arisan
7. Penutup
Monggo ibu-ibu kagem bikak pakempalan kito maos Basmalah sesarengan … matur
suwun. Kanti waosan meniko mugi-mugi Allah tansah paring kelancaran Aamiin.
Adicoro saklajengipun 2. ………., 3. …….…, 4. …………, 5. ……………
6. Penutup.
Ibu-ibu gegandengan wedal sampun ndalu lan pakempalan sampun paripurna mila
mangga pakempalan kito tutup, kawula minongko pranoto adicoro tentunipun kathah
kekiranganipun kawula nyuwun pangapunten, dumateng ingkang kagungan dalem kawulo
ngaturaken agunging panuwun.
Kagem nutup pakempalan puniko, monggo sesarengan maos Hamdalah.
Kagem ibu-ibu kawulo ngaturaken sugeng kundur.
Wassalamualaikun WR. Wb.

Anda mungkin juga menyukai