Anda di halaman 1dari 7

1) ATUR PANAMPI TEMANTEN

a. Ucap salam dan perkenalan


Assalamualaikum wr.wb
Kulo nuwun
- para tamu kakung sumawa putri ingkang kinurmatan
- panjenenganipun bapak (besan) saha rombongan ingkang satuhu kulo bekteni

kulo wonten ing mriki minangka wakil tuan rumah panjenenganipun bapak/ibu (tuan
rumah)

b. Menyambut kedatangan
Ingkang sepindah ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken agunging panuwun dumateng
para tamu sedanten ingkang sampun kepareng rawuh wonten ing pahargyan mriki.
Mbok bilih, anggenipun nyepakaken papan lungguhan ugi suguhan mboten nyocoki
dumateng manah panjenengan sedanten, kulo atasnami tuan rumah ngaturaken agunging
pangapunten.

c. Inti (atur panampi)


Kaping kalih, kulo minangka wakil saking wali temanten kakung/putri inggih punika bapak
(tuan rumah) nampi kanthi leganing panggalih pasrah temanten saking bapak (wali besan)
pinangka walinipun temanten kakung/putri.
Nyuwun donga pangestu mugi- mugi para putra temanten menika sagedto dados pasangan
ingkang Sakinah, mawaddah warohmah,, tansah keparingan berkah donya akhirat, lan
enggal dipun paringi momongan ingkang soleh/solehah, migunanni dating agami lan
negeri.

d. Penutup
Saklajengipun, kulo atas nami tuan rumah, naming saged dongakaken dumateng
rombongan temanten saha tamu, bilih mangke acara sampun paripurna, sagedto kundru
tumuju dalemipun piyambak piyambak mboten wonten alangan satunggaling punopo.
Cekap semanten ingkang saged kulo aturaken, kathah kalepatan nyuwun agunging samudro
pangaksami.
Wassalamualaikum, wr.wb.
2) ATUR PASRAH TEMANTEN
a. Pembukaan (salam)
Assalamualaikum wr.wb,
Nuwun kepareng matur dumateng poro rawuh
- Ingkang rumiyin dumateng ngarsanipun poro pinisepuh ingkah satuhu kinabekten
- Dumateng keluarga besan, panjenenganipun Bapak ___ kaliyan garwa, para gotrah
keluarga ingkang kinurmatan
- Dumateng para rawuh kakung sumawa putri ingkang kulo hormati
b. Ungkapan puji syukur
Sumoggo kita tanasah ngunjukaken puja puji syukur wonten ngarso Allah SWT ingkang
sampun pinaringan kenikmatan, kawilujengan dhateng kito sedoyo, sahingga wonten
dinten puniko kito saged sowan wonten dalem mriki kanthi wilujeng tanpo alangan
satunggaling punopo
c. Perkenalan
Saklajeng keparengo kulo nderek nepangaken nami kulo _____ sesulih atur pangandikan
panjenenganipun Bapak ___ kaliyan garwa, saking Desa _____ dalah sedoyo kaluarga
ingkang sowan wonten pahargyan mriki

d. Menyampaikan salam taklim


Sepindah kulo ngaturaken salam taklim kulo dumatheng poro pinisepuh lan bapak/ibu
besan, sumrabah dumateng poro rawuh sedoyo

e. Inti (atur pasrah)


Kaping kalih, sowan kulo mriki anamung bedhe masrahaken pinanganten putra nun inggih
mas ____ putro saking bapak ___. Mugi keparengo bapak (besan) kerso handaupaken
kaliyan putri sesilih nimas ayu ____.
Kejawi saking puniko ugi nyuwun donga pangestu dumateng para rawuh sedanten, mugi
saksampunipun paripurnaning akad menika, temanten kekalih tansah pikantuk
kawilujengan, dados keluarga ingkang Sakinah mawaddah warohmah.
Dumateng poro sedoyo pinisepuh, kerso paring wewwarah, pangertosan supados samangke
dados tiyang ingkang migunani lan murakabi tumraping kaluarga, migunani tumraping
bebrayan, sumrabah ing sesrawungan.

f. Penutup
Mbok bilih mekaten kemawon ingkang saged kulo aturaken, kathah kalepatan nyuwun
angunging pangapunten
Wasssalamualaikum wr.wb.
3) ATUR PAMBAGYO HARJO TEMANTEN (sambutan tuan rumah)
a. Salam dan perkenalan
Assalamualaikum wr.wb,, Nuwun kepareng matur dumateng poro rawuh
- Ingkang rumiyin dumateng ngarsanipun poro pinisepuh ingkah satuhu kinabekten
- Dumateng bapak/ibu pamengku gati ing kalenggahan meniko
- Dumateng para rawuh kakung sumawa putri ingkang kulo hormati
b. Ungkapan puji syukur
Sumoggo kita tanasah ngunjukaken puja puji syukur wonten ngarso Allah SWT ingkang
sampun pinaringan kenikmatan, kawilujengan dhateng kito sedoyo, sahingga wonten
dinten puniko kito saged sowan wonten dalem mriki kanthi wilujeng tanpo alangan
satunggaling punopo
c. Ucapan selamat datang
Para tamu kakung sumawa puti, kulo atas nami Bapak ____ kaliyan garwa ingkang
hamengku gati ngaturaken pambagya wilujeng ugi ngaturaken agunging panuwun awit
karawuhan panjenengan sedoyo, mugi keparengo pinarak ngantos dumugi paripurnaning
acara ing kelenggahan menika.
d. Menyampaikan hajat/acara yang sedang berlangsung
Para tamu kakung sumawa putri, bapak ____sekeluarga wonten ing dinten menika ngaturi
rawuh panjenengan sedaya nun inggih amargi badhe nyuwun donga lan pangestu. Bilih
wonten ing dinten menika bapak ____ sakaluarga hanetepi kewajibanipun tiyang sepuh,
malakramakaken putra putri nipun nun inggih rara ayu____ ingkang dipundhaupaken
kaliyan nakmas ____ingkang ki dalem wonten ing ____. Akad nikah menika sampun dipun
laksanakaken kala wau wanci jam wolu enjing.
e. Memohon doa
Sepindah malih Bapak_____ sakaluarga nyuwun donga lan pangestu mugi mugi temanten
kekalih menika sagedto dados keluarga ingkang Sakinah, mawaddah, warahmah. Aamiin.
f. Ucapan terima kasih
Para tamu kakung sumawa putri, Bapak____ sekalian ugi ngaturaken sanget agunging
panuwun dumateng para sanak kadang, tangga tepalih ingkang sampun mbiyantu sahingga
acara punika saged kalaksanan. Bapak ___ sakaluaga namung saged ndedonga mugi mugi
kadarman panjenengan kalawau dadosna amal kesaenan saking gusti Allah.
g. Permohonan maaf dan penutup
Ingkang pungkasan, Bapak ____ sakaluarga nyuwun pangapunten mbok bilih anggenipun
nyepaki papan lungguhan ugi daharan mboten nyocoki wonten ing penggalih panjenengan
sedoyo,
Kulo kinten cekap semanten ingkang saged kulo aturaken, kathah kalepatan nyuwun
agunging pangapunten.
Wassalamualaikum, wr.wb.
4) ATUR PAMBAGYO NAWUNG DUHKITO
a. Pembukaan (salam)
Assalamualaikum wr.wb,
Innalilahi wainna ilaihi raji’un
Nuwun, para takziyah ingkang kulo kurmati
b. Ungkapan puji syukur
Sumoggo kita tanasah ngunjukaken puja puji syukur wonten ngarso Allah SWT sahingga
ing wekdal punika kita tasih dipun paring Kesehatan kawilujengan, saged rawuh wonten
dalem duhkito ngriki ing upacara pametaking layon almarhum ___ menika
c. Ucapan terimakasih kepada takziyah dan kpd tetangga/saudara yg telah membantu
- Kulo minangka wakil saking keluarga ingkang nandang sungkawa , ngaturaken sanget
agunging panuwun dumatheng para takziyah ingkang sampun kepareng rawuh wonten
dalem mriki, pareng pangkurmatan ingkang pungkasan dateng almarhum ___.
- Keluarga ugi ngaturaken sanget angunging panuwundumateng panjenengan sedaya
ingkang sampun paring pambiyantu awujud bandha beya, iguh pratikel saha
penggalihan, ingkah sedaya kewau katujukaken ngentengi sangganipun kaluwarga.
Kaluarga ing mriki mboten saged lelintu menapa menapa kejawi paring donga mugi
mugi anal kesaenan panjenengan sedaya pikantuk piwales dening Allah SWT.
d. Menyampaikan penjelasan terkait kematian almarhum (waktu/tempat)
Para takziyah ingkang kulo kurmati, menapanipun upaya lan ikhtiyar kaluwarga dateng
almarhum__ nalika gerah supados sagedto sehat malih, ananging sedoyopepesthen menika
wonteng astanipun Allah SWT, Pramila kanthi tentrem, bapak ___ sampun sowan wonten
ngarsanipun gusti Allah rikala dinten___, wanci tabuh jam ____, wonten ing ___.
e. Meminta doa untuk almarhum dan bab utang piutang almarhum
- Dumateng para takziyah sedoyo kepareng paring donga mugi sedaya amal kesaenan
almarhumah sagedto dipun tampi dening Allah SWT, linebur sedaya dosa
kalepatanipun, lan dhateng kaluarga ingkang dipun tilar mugi kaparing manah ingkang
tabah, ikhlas, tawakal.
- Mbok bilih almarhum ___ rikala sugeng gadhah kalepatan utawi petangan ingkang
dereng rampung dumateng panjenengan sami, kaluarga nyuwunaken agunging
pangapunten, lan panjenengan kersa arawuh ngrampungaken sedaya kewau kaliyan
kaluarganipun.
f. Penutup
Mbok bilih mekaten kemawon ingkang saged kulo aturaken, kathah kalepatan nyuwun
angunging pangapunten
Wasssalamualaikum wr.wb.
5) SAMBUTAN HALAL BIHAL
a. Salam
Assalamualaikum wr.wb,, Ingkang kulo kurmati bapak/ibu lan hadirin sedoyo
b. Ungkapan puji syukur
Sumoggo kita tanasah ngunjukaken puja puji syukur wonten ngarso Allah SWT ingkang
sampun pinaringan kenikmatan, kawilujengan dhateng kito sedoyo, sahingga wonten
dinten puniko kito saged makempal wonten adicara halal bihala menika kanthi sehat wal
afiat
c. Isi
- Ucapan terimakasih telah hadir
Para rawuh ingkang kinurmatan, kulo ngaturaken agunging panuwun awit karawuhan
panjenengan sedaya wonten ing adicara halal bihalal menika
- Penjelasan tujuan acara
Kita sedaya mangertos bilih halal bihalal menika penting sanget kangge ngawujudaken
kebersamaan, gotong royong, lan sami paring pangapunten dhateng sesami.
Monggo acara halal bihalal menika dipun isi kanthi saling ngapuro supados sedaya
kalepaten kita saged dipun apunten dening Allah SWT.
- Harapan
Mugi mugi acara dinten punika saged migunani kita sedaya. Mugi lantaran adicara
menika kita saged saling pangapunten dumateng kalepatan ingkang alit utawi ageng,
ingkang sengaja lan mboten di sengaja.
d. Penutup
Mbok bilih mekaten kemawon ingkang saged kulo aturaken, kathah kalepatan nyuwun
angunging pangapunten
Wasssalamualaikum wr.wb.
6) SAMBUTAN MRETI DESA
a. Salam
Assalamualaikum wr.wb,, Ingkang kulo kurmati bapak/ibu lan hadirin sedoyo
b. Ungkapan puji syukur
Sumoggo kita tanasah ngunjukaken puja puji syukur wonten ngarso Allah SWT ingkang
sampun pinaringan kenikmatan, kawilujengan dhateng kito sedoyo, sahingga wonten
dinten puniko kito saged makempal wonten adicara mreti desa menika kanthi sehat wal
afiat
c. Isi
- Penjelasan tujuan acara
Para rawuh ingkang kulo kurmati, mreti desa punika inggih acara adat jawi ingkang
dipun laksanaken saksampunipun panen pantun. Tujuanipun inggih kagem ngaturaken
agunging panuwun tanduran pantun kasil dipun panen kanti sae hasilipun. Upacara
mreti desa punika dipun laksanaken kanthi prosesi kirab budaya lan gunungan awujud
hasil bumi.
- Harapan
Mugi mugi adicara mreti desa punika saged ningkataken syukur kito marang gusti allah
lan saged dados rumakete pasederekan antar warga dusun mriki.
d. Penutup
Mbok bilih mekaten kemawon ingkang saged kulo aturaken, kathah kalepatan nyuwun
angunging pangapunten
Wasssalamualaikum wr.wb.
7) SAMBUTAN 17 AGUSTUS
a. Salam
Assalamualaikum wr.wb,, Ingkang kulo kurmati bapak/ibu lan hadirin sedoyo
b. Ungkapan puji syukur
Sumoggo kita tanasah ngunjukaken puja puji syukur wonten ngarso Allah SWT ingkang
sampun pinaringan kenikmatan, kawilujengan dhateng kito sedoyo, sahingga wonten
dinten puniko kito saged makempal wonten adicara halal bihala menika kanthi sehat wal
afiat
c. Isi
- Ucapan terimakasih telah hadir
Para rawuh ingkang kinurmatan, kulo ngaturaken agunging panuwun awit karawuhan
panjenengan sedaya wonten ing adicara tirakatan pengetan dinten kamardikan republic
Indonesia menika
- Penjelasan tujuan acara
Bapak ibu ingkang kulo kurmati, kamardikan Indonesia punika dipun paringi gusti
Allah lantaran perjuangan leluhur kito sami ingkang sampun perang lawan penjajah.
Monggo wonten adicara tirrakat menika, kita sami dongakaken leluhur kito mugi jasa
anggenipun merjuangke kamardikan sagedto dipun tampi dados amal kesaenan
dhateng gusti Allah. Lan mugi nigari kita tansah pinaringan keselamatan dening gusti,
tumuju negara Makmur sentosa
- Harapan
Mugi mugi kita saged manfaataken kamardikan ingkang sampun dipun paring gusti
kanthi sak sae saenipun. Mugi saged mbangun bangsa tumuju kemajuan
d. Penutup
Mbok bilih mekaten kemawon ingkang saged kulo aturaken, kathah kalepatan nyuwun
angunging pangapunten
Wasssalamualaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai