Anda di halaman 1dari 2

PRONOTO CORO

Assalamu'alaikum Warohmotuliohi Wabarokatu.


 Alhamdulillah...alhamdulillahirobir aalamin.
 Assolatu wassalamu’ala-asyrofil ambiyai walmursalin-sayyidina-
wamaulana
muhammadin wa ala alihi wa ashabihi ajmain ammaba’du.
 Ibi-ibu jama’ah pengaosan ingkang kawulo hormati, monggo kito
sareng-sareng
ngaturaken puji syukur dumateng ngarsanipun gusti ingkang Maha
Agung, ingkang sampun paring kenikmatan arupi kesarasan lahir
soho batin sahinggo kito saget ngrawuhi adicoro pangaosan puniko
kanthi lancar mboten wonten alangan satunggal punopo.
 Solawat soho salam tansah kito unjuk aturaken dumateng
ngarsanipun junjungan kito nabi besar Muhammad SAW, ingkang
tansah kito ajeng-ajeng safaatipun benjing ing dinten yaumul
kiyamah. Amin Allahuma aamiiin….
 Adicoro dalu puniko enggal badhe dipun wiwiti.
 Susunan adicoro inggih punika
1. Pambuko
2. Waosan Surat Al Qur’an
3. Puji-pujian
4. Waosan surat Al Mulk, Amsaul Husna, Yasin, Tahlil kalehan
do’a
5. Maidah Hasanah
6. Penutup
 Adicoro kaping setunggal inggih puniko pambuko monggo adicoro
dalu puniko kito bikak kanthi waosan surrotul Fathihah
sesarengan... Al-Fatihah.
 Adicoro kaping kaleh waosan surat Al-Qur'an, Surat… ingkang
dipun tindak'aken ibu ….. saritilawahipun ibu…. monggo wekdal
soho panggenan kulo aturaken.
 Adicoro kaping tigo sholawat nabi utowo puji - pujian, ingkang dipun
tindakaken ibu…… monggo wekdal soho panggenan kulo aturaken.
 Adicoro kaping sekawan waosan Surat Al Mulk, Asmaul Husna,
Yasin, Tahlil, kalihan do'a. ingkang dipun tindakaken ibu-ibu
Jama'ah mushola Al-Aqsa.
Monggo wekdal soho panggenan kulo aturaken.
 Adicoro kaping gangsal maidoh khasanah ingkang dipun tindakaken
ibu siti Fatimah monggo wekdal soho panggenan bulo aturaken.
 Adicoro kaping enem inggih puniko panutup Adicoro sampun
kalampahan kanthi lancar
Monggo kito tutup kanthi waosan hamdalah sesarengan
Alhamdulillahirobil alamin
 Cekap semanten, menawi enten atur kulo Ingkang mboten reno ing
penggalih Panjenengan sedoyo, kulo nyuwun samudro pangaksami.
Billahi Taufik wal hidayah wal ridho wal inayah...
Wassalamualaikum wr. wb.

Anda mungkin juga menyukai