Anda di halaman 1dari 2

ADICARA PENGAOSAN KAMPUNG ASEMREJO

Bismillahirrahmanirrakhim

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarrakatuh

Alhamdulillahi Robbil Al-Amin,Wasollatu Wassala Mu’alla Asrofil Ambyai Walmursalin Wa’Alla Alihi
Washhobihi Aj’main Amaba’du

Ingkang kula hormati bapak Nur Rokhim,ingkang kula hormati ibu-ibu pengaosan warga Asemrejo,ugi
sedoyo para rawuh ingkang dipun mulyakaken dening Allah SWT.

Ingkang sepindah:Sumonggo kita tansah manjataken puji syukur kunjuk dumateng Allah SWT,Ingkang
sampun paring rahmad hidayahipun dumateng kita sedoyo,inggih nikmat sehat,nikmat sempat,nikmat
iman,ugi nikmat islam.Katitik ing sonten puniko kita saged makempal wonten ing masjid Al-Iklas
Asemrejo saperlu ngawontenaken pengaosan rutin ugi Tolabul Ilmi bab Agami Islam.

Ingkang ongko kalih:Sholawat ugi salam kawula tujuaken dumateng junjungan kita nabi agung
Muhammad SAW,Ingkang kita tenggo safaatipun ing yau mul hizab.

Ibu-ibu inkang kula hormati kagem bikak pengaosan ing sonten puniko langkung rumiyen kita maos ayat-
ayat suci Al-Quran,kita awiti saking serat Alfatikhah,serat Al-Iklas,Serat Al-Falaq,serat An-nas.

Nyuwun dipun pandhu bp Nur Rokhim kalajengaken tausiyah ugi doa ingkang dipun andharaken dening
bp Nur Rokhim,sumonggo wekdhal sak cekapipun kula aturaken.

Mekaten kala wau menggah pengaosan ingkang dipun andharaken dening bp Nur Rokhim,Mugi-mugi
sedoyo kolo wau saged ndadosaken amal kesaenan ugi nambah keimana dumateng kita sedoyo
Aamiin….Yaa Robbal Al-lamin.

Mboten katalumpen kawula aturaken dumateng bp Nur Rokhim,ugi ibu-ibu ingkang sampun nyawisaken
papan wekdal sakubarampenipun kagem pengaosan ing sonten puniko.Mugi-mugi amal kesaenanipun
pikantuk leluri saking Allah SWT.Aamiin….

Saklajengipun pengumuman:

1. Infaq
2. Giliran Pengaosan (snek)

Sumonggo ibu-ibu pengosan ing sonten puniko kita tutup kanthi maos serat Al-Asr sesarengan

Bissmillahirrahmannirrakhim………………..

Cekap semanten pengosan ing sonten puniko,wonten kalepatan kawula nyuwun agunging pangapunten.

Wabilahi taufik walhidayah,Wassallamualaikum Wr Wb.

Konduripun nderekaken sugeng tindak…..matur nuwun.

Anda mungkin juga menyukai