Anda di halaman 1dari 3

Bissmilahirohmanirrohim

Alhamdulillahirobil

ngalamin

wasolatu wasalamu ngala mursalin sayidina wamau lana


muhammadin waala alihi wasohbihi ajmain. Ama baadu
Ingkang kulo hormati shohibul bait sekeluarga.
Ingkang kulo hormati Ibu-ibu pimpinan jamiah yasin.
Ingkang kulo hormati Ibu-ibu pini sepuh.
Ingkang kulo hormati ibu-ibu jamaah yasin ingkang
berbahagia. Kangge mukadimah atur kulo sumonggo kito
sesarengan minanjataken puji syukur dumateng Alloh SWT.
Khanti niat ngibadah soho mboten wonten alangan setunggal
punopo.
Sholawat ugi salam mugi kunjuk dumateng Nabi
Muhammad SAW ingkang kito ajeng-ajeng safaatipun min
yaumi hada ila yaumil khiyamah.
Ibu-ibu ingkang kulo hormati
Ing mriki kulo namung kajibah ngaturaken susunan acara
ing dalu punika :
1. Pembukaan
2. Waosan ayat suci Al-Quran
3. Waosan Yasin Tahlil
4. Lain-lain

5. Penutup
Waosan yasin soho tahlil mangke bade kekintunaken
lelawuripun shohibul bait inggih puniko
Sak derengipun acara dipun milai sumonggo kito bikak
kanthi waosan umul kitab kanthi pangajap mugi-mugi acara niki
mangke saget lancar mboten wonten alangan setunggal punopo.
Acara kaping kaleh inggih puniko pembacaan ayat-ayat
suci Al Quran dumateng ingkang bertugas kulo sumonggo aken.
Matur nembah nuwun waosan ayat-ayat suci Al Quran
mugi-mugi mbeto barokah kusus ipun ingkang maos umum ipun
dumateng kito sedoyo.
Acara sak lajengipun inggih puniko waosan yasin soho
tahlil dumateng ingkang bertugas kulo sumangga aken.
Alhamdulillah hirabbil alamin waosan yasin soho tahlil
sampun cekap. Mugi lantaran waosan puniko hajatipun kito
sedoyo di ijabah Allah SWT. Amin
Acara sak lajengipun Arisan.
Mekaten kolowau acara sampun kito lewati sareng-sareng
mugi-mugi anggen kito niat amal wonten ing dalu puniko
pinaringan amal ingkang sholih-sholikah ingkang dipun ridhoi
dening Allah SWT. Amin..
Saking kawulo, kulo cekapi semonten kemawon mbok bilih
anggen kulo mbikak mulai awal ngantos akhir wonten kalepatan
kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun.

Lan kulo akhiri Wassalamu Alaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai