Anda di halaman 1dari 2

Pranatacara

Upacara Pasrah Tampi Temanten

Assalamu'alaikum wr.wb

Bismillahhirrohmannirrohim

Alhamdulillah alhamdulillahi rabbil 'alamin

Washalaatu wassalamu 'ala asrofil anbiyai wal mursalin wa 'ala alihi wa shohbihi ajmain

Asyahadu ala ila ha illalloh wa asyhadu anna Muhammad ae Rosululloh

Upacara suci adat jawi pasrah tampi penganten Dyah Ayu .....putrinipun Bapak.... Sekalian ibu..........
ingkang badhe kaijabaken kaliyan den bagus..... Putranipun ingkang bapak.... sekalian ibu........ . Para
sesepuh, para pinisepuh kakung putri ingkang luhuring budi saha ingkang tansah kula bekteni, para
ulama ingkang tansah nindakaken kautaman lan sumandhing kitab suci.

Minangka pambukaning atur, mangga kita sedaya tansah ngonjukakaken puja lan puji syukur wonten
ngarsanipun Gusti Alloh taala, amarga ing wekdal menika kita tansah pinaringan kesarasan saha
kekiyatan sami saged rawuh wonten ing Masjid Al ikhlas saperlu sami dherek paring puji pandonga
dhumateng badhe ijabipun Dyah Ayu........ dalah den Bagus.....

Shalawat serta salam kita haturaken kangge junjungan kita Nabi Muhammad S.a.w, dalah para
kulawarga lan para shahabatipun, ingkang sampun nilaraken dhumateng kita sedaya anenggih dinul
Islam, inggih Islam mulia raya, agami ingkang dipunridhoi Alloh taala kanthi kita pinaringan gegebengan
Al Quran saha Al Hadis. Menawi kita temen temen, tumemen, temenanan saha istiqomah anggenipun
sami nindakaken lan ngamalaken, insya Alloh anjalari gesang kita saged bahagia fiddumnya wal akhiroh,
Allohumma amiin.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung putri rohimakumulloh saha ingkang tansah kula bekteni, menggah
urut-urutaning lampah upacara ijab qobul ing siyang niki inggih menika:

1. Adicara sepisan inggih meniko pambuko, dumateng para tamu ingkang sampun rawuh ing
masjid Al ikhlas niki,mari Kulo lan panjenengan sedoyo mbukak adicara niki kanthi cara
ngaturaken basmallah sesarengan ".........................."
2. Adicara kaping kalih inggih menika waosan, ingkang menika matur bapak.....Keparenga
murwakani kanthi ngaturaken waosan ayat suci Al Quran. Ingkang kinurmatan bapak ...............
Kula sumangggaaken.
3. Waosan ayat suci Al Quran paripurna, kalajengaken adicara kaping tiga inggih menika atur
pasrah, wondene ingkang kepareng paring kutbah nikah nenggih ingkang kinurmatan Bapak ....
4. Paripurna kutbah nikah, adicara kaping sekawan inggih menika upacara ijab qobul ingkang
badhe dipun-sarirani wali calon penganten putri nenggih ingkang kinurmatan Bapak ...
5. Paripuma upacara suci ijab qobul kalajengaken adicara kaping gangsal inggih menika waosan
doa tumrap badhe penganten sekalihan, ingkang badhe dipunsarirani Bapak....
6. Wondene adicara kaping nenem upacara akad nikah.

Mekaten menggah urut-urutaning lampah adicara upacara ijab qobul, badhe dhaupipun Dyah
Ayu........... kalihan bagus .......ingkang badhe katindakaken ing siyang / dalu menika dinten surya
kaping..... .....warsa.

Sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang kawulo aturaken, katah ature mesti katah
lupute saking kawulo pribadi ngaturan seh samudro pangaksami.
kawulo akhiri, Wabillahi taufiq walhidayah
Wassalamu alaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai