Anda di halaman 1dari 2

ASSALAMUALAIKUM WR WB

Hadrotal mukhtaromin poro alim, sesepuh pini sepuh, lan romo


romo kyai, wabilkhusus panjenengan ipun:
 Almukharom romo kyai zamroni zein ingkang tansah kawulo
mulyaaken
 Panjenengan Ipun romo kyai Ali Maftukhan Al Hafidz dalah
panjenenganipun ibu Nyai Syafirotul Asiroh selaku pengasuh Al
Ma'had Roudlatuttholibin
 Santriwan lan Santriwati senasib seperjuangan Sepindah
sumonggo kito se sarengan nyaosaken muji syukur wonten
ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan
dhumateng kulo lan panjenengan sami,ketitik ing ndalu puniko
kulo lan panjenengan sami saged mujalasah wonten ing majlis
puniko kanthi mboten wonten rubedo setunggal punopo.
Kaping kalihipun, Washolatu Wasalamu Ala Rosulullah saw.
Mugio kanthi kito ngatahaken maos sholawat dalah anindaaken
punopo ingkang dados syariatipun mugio kulo lan panjenengan
tansah pikantuk syafaatipun minat dunya hattal akhiroh amin ya
robbal alamin.
Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, Kawulo
minangkani mewakili sedoyo panitia Sepindah ngaturaken sugeng
rawuh sugeng pinarakan biqouli MARHABAN AHLAN
WASAHLAN,ugi ngaturaken sembah sewu panuwunan dene
punopo wonten ing ndalu meniko panjenengan sami saged
nyempataken wekdalipun saperlu ngrawuhi pengaosan dalam
rangka khitobah meniko
Mugi" kerawuhan kulo lan panjenengan sami kairingaken
rahmat fadholipun Allah SWT ingkang akhiripun mugio dados amal
khasanah ingkang katampi wonten ngarsanipun Allah SWT
Ingkang kaping kaleh kawulo dalah sedoyo panitia matur
sembah sewu nuwun bilih pengaosan ndalu meniko saged
terselenggara berkat dukungan soho partisipasi panjenengan, baik
moral maupun material Saking panitia mboten saged mbales
punopo" dateng amal sae panjenengan,
hamamuring saged mujiaken mugi" amal hasanah
panjenengan sami dipun bales dening Allah SWT kanti matikel tikel
lan mawantu wanty,
Ingkang kaping tigo, kawulo dalah sedoyo panitia nuwun
agunging sih samudro pangapunten dateng panjenengan sami mbok
bilih kawulo sah rencang wonten kirang sae ning panampi dateng
panjenengan, mbok bilih angganipun ngaturi pahormatan ugi sedoyo
kekirangan punopo kemawon ingkang saged ndadosaken cuwoning
mandhi poro rawuh sedoyo,
sepindah maleh kawulo sa rencang panitia nyuwun
lumuntuning pangaksami, senadyan toh kawulo sak rencang panitia
sampun berusaha semaksimal mungkin, sampun bekerja tanpa
mengenal lelah demi suksesipun acara injing'meniko, Hanaring
kawulo sak rencang panitia ugi manungso biasa mestinipun tebih
saking sifat kasampurnan.
milo saking meniko kawulo sak rencang panitia sepindah
maleh sak estu nyuwun agunging sih samudro pangapunten.
Mekaten menggah atur kawulo, mbok bilih anggen kawulo ngemban
jejibalan meniko katah kekhilafan ipun,wonten tumpang suhing boso
soho wijang wijilang wicoro, kawulo nyuwun agunging sammudro
pangapunten
WASSALAMUALAIKUM WR.WB

Anda mungkin juga menyukai