Anda di halaman 1dari 2

Bismillaahirrahmaanirraahiim,

Assalamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

Dhumateng panjenenganipun para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti


dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating
praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing
pakurmatan. Para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu
pantes lamunta sinudarsana.

Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul putra
pinanganten, nun inggih Rara Ayu Inayatul Lutfiyyah putrinipun Bapa Yoga Jalu, ingkang
kadhaupaken kaliyan Bagus Bimo Adi Saputra putra kakungipun Bapa Dimas Ageng
Pratama ingkang lenggah wonten ing Desa Kutayasa Kec. Bawang Kab. Banjarnegara,
sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinten Senen, 19 Juni 2023
wanci tabuh 09.00 mapan ing KUA Kec. Kutabanjarnegara.

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara
ingkang sampun rinacik dening para kulawangsa nun inggih:

1. Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana. Ingkang badhe
kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban kutabanjarnegara
ing mriki.
2. Acara kaping 2,waosan kalamullah ing sampun keserat ing pustaka suci Al Qur'anul
Karim.
3. Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe kaleksanan
minangka titi laksana adicara ingkang angka tiga.
4. Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra
temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.

Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang
ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya hangadi salira mulas
wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten kekalih badhe hamarak sowan wonten ngarsa
panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga. Wondene jengkaring temanten
sarimbit saking sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu juru sumbaga ibu Puji Dian
Astuti ingkang sampun samekta ing gati, murih rahayuning sedya kasumanggakaken ingkang
piniji.

Para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, paripurna lampahing tata
upacara sowaning risang penanganten, katitik putra kekalih sampun lenggah jajar kanthi
kawistara suka rena kaampingi kekalih Bapa saha Ibunipun ing sasana rinengga. Suasana
menika mracihnani bilih laksitaning adicara sampun tinarbuka. Anamung murih lampahing
adicara ing titi wanci menika wiwit purwa, madya dumugi wasananing pepanggihan tansah
winantu ing karaharjan nir ing sambekala, ri kalenggahan punika kita tansah dhedhepe
wonten ngrasanipun kanthi sareng-sareng ngunjukkaken pandonga. Ingkeng menika, kanthi
nenuwun lan nyeyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT mangga kita takak kanthi lafal
basmallah, kula dherekaken. Bismillaahirrahmaanirraahiim.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamullah, ingkang
badhe kasarirani denening sedherek nakmas Akhirul. Dhumateng sedherek nakmas akhirul
sumangga.

Para rawuh ingkang tansah sinuba ing pakurmatan, tumapak titi laksana adicara
ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bapa Yoga Jalu sekaliyan
ingkang hamengku gati. Anamung, awit keparengipun Bapa Yoga Jalu sekaliyan, atur
pambagyaharja kasuwunaken dhateng sulih sariranipun, nun inggih Bapa Lurah Eka Bakti.
Dhumateng Bapa Lurah Eka Bakti kula sumanggaaken, saha mugi kepareng Bapa Yoga Jlu
sekalian kasuwun lengser sawetawis saking palenggahan, saperlu jumeneng hanjjajari Bapa
Lurah Eka Bakti Sumangga.

Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka sekawan, kasuwun paringipun


tanggap sabda saking panjenenganipun Bapa Dimas ageng Pratama sekaliyan ingkang badhe
dipunsalirani dening panjenenganipun Bapa Anggoro Wimboh. Dhumateng panjenenganipun
Bapa Anggoro Wimboh kula sumanggaaken, saha kasuwun keparenga Bapa Dimas Ageng
Pratama sekaliyan garwa angampingi jumenengipun Bapa Anggoro Wimboh sadangunipun
paring tanggap sabda.

Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun Bapa Anggoro Wimboh


minangka talanging basa Bapa Dimas Ageng Pratama sekaliyan, gya tinampi
panjenenganipun Bp Aqmal Jihan minangka sulih sarira panjenenganipun BpYoga Jalu
sekaliyan. Ing wasana wekdal kasumanggakaken.

Kangge hamungkasi adicara ing syang punika badhe kapungkasi kanthi waosan
donga, dhumateng Ibu Hajah Ayu Rahmawati kasumanggakaken.

Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal hamdallah, kula


dherekaken. Alhamdulillahirabbil'alamin.

Ugi kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking


wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, jenang sela wader pari
sesonderan, apuranta menawi lepat atur kawula.

Wassalaamu'alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

Anda mungkin juga menyukai