Anda di halaman 1dari 4

Pranatacara Panggih

Assalamualaikum wr wb
*)
Para Rawuh saha para lenggah ingkang satuhu bagya mulya. Kanthi
menika dumugi wahyaning mangsakala laksitaning adicara panggih
anut adat widi widana ingkang sampun sinengker. Parandene adicara
panggih menika badhe kapratitisaken dening Ibu juru sumbaganing
penganten/juru rias hanenggih...(Sofia Dwi Aulina), awit saking menika
dhumateng Ibu..(Sofia Dwi Auliana) murih rahayuning sedya hamung
sumangga.
Panggihipun riusang temanten sekalian lamun cinandra kadya
CANTHOKA INGKANG MUNYA ING TIRTA, REBAT ASRI
KALIAN SEKARING BALIMBING

Lumampah sri atmaja pinanganten putri kawistara.Mijil saking dalem


panti busana.Nimas ayu(Zahra ayu diningrat).Kampinganana dening
kanjeng rama (Yuliana) Dalah Ibu(Sinta Rahmawati) kadya wonten
swasana wiwaraning sasana pawiwahan.Sawetawis saking katebihan
ketingal lamat lamat.
Sri atmaja pinanganten kakung inggih nak bagus (Vanesa Giardini
Nafi) Putra panejenganipun bapak(Susi) dalah ibu(Siti Zuvita Ayu
Ramadani).Kepareng lumampah mijil saking wisma patreman,galiyat
galiyat lampahnya, ketingal gagah pideksa,
*)*)
Mila pinanganten kakung gya hamurwakani Hambalang gantal mring
pinanganten putri,menika kinarya pralambang katresnanipun ingkang
kasok daten pinanganten putri Zahra Ayu Diningrat lan pinanganten
kakung nenggih Vanessa Giardini navy
*)*)*)
Saklajengipun para pagar ayu liru kembang Mayang,menika
pralambang sampun “ditukaraken” kaping kalih pinanganten lan
bergabungipun piyambakipun sedaya lebeting keluwargi enggal
marasepuhipun mila dados ibarat lare[PUTRA] piyambakipun sedaya
piyambak.
*)*)*)*)
• Saklajengipun pinanganten kakung nderekaken lumampahing
adicara midak Tigan.
Kawistara kanang antiga tinapak padha pecah sanalika dening temanten
kakung. Punika asung pralampita bilih temanten kakung calon dados
lantaraning tuwuh/wiji ingkang suci,pratima bangkit tata jalma,putra
kinarya tetalining akrama.

• Tanggap temanten putri gita-gita hanjengku mring pepadhaning


keng raka,sarwi sumembah sarta hamiji pepadhaning ingkang garwa
*)*)*)*)*)
Saklajengipun,tinanting asta nira, nglajenk jumeneng Utawi ngadek
kalajengaken lumampahipun adicara nguter Iker
Para rawuh kakung putri,uteran punika pralambang sang bebrayan
agung kesanipun putra manten mugio tansah anut runtun linambaran
niat ing panah,niat ing ati minangka niat ing ibadah marang Gusti Allah
anyanipun lampahisunah rasullulah kesanipun putra manten kekaling
mugio tansah langgeng barokah.
*)*)*) *)*)*)
Titipurna adicara panggih, tumuli lumadi adicara sinduran.
Kawistara temanten kekalih sinengepan sindur ingkang kaaturaken
dening ingkang Ibu. Tanggapin sasmita ingkang Bapa gita-gita angasta
poncoting sindur tumuli hanganthi putra temanten kekalih tumuju ing
kursi palakrami.
Kawuryaaan alon-alon tindhake lan banget pangati-atine ingkang Bapa
tuwin Ibu hanganthi putra temanten sekaliyan tumuju unggyan kang
tinuju.Punika asung pralampita dhumateng kang binoja krama,mugi -
mugi anggenipun nepusi jangkaning agesang mangun brayat
anyar,tansah kebak ing pangati-ati ,datan grusa-grusu mundhak kesluru,
tan milik barang kang elok jalaran keselak muluk.

*)*)*) *)*)*) *)
Saklajengipun badhe kalampahan upacara Kacar kucur upacara
puniko anggambaraken bilih jejering kakung wajib paring guno kaskaya
dhumateng ingkang garwa. Sedaya asiling pakarya kedah kaparingaken
dalan wonten ingkang kasingidaken. Pinanganten Putri Anggadhahi
wajib hanampi guna kaya peparingan Kakung kanthi nastiti ngati ati,
den cak-aken kanthi premati murih raharjaning kulawarga. Mila
anggambaraken gemi nastitinipun pinanganten putri ing mangke
umboram pening upacara giyo katuraken dateng ingkang ibu mrih
kasimpen ing pedaringan suci.

*)*)*) *)*)*) *)*)


Adicoro sekajenipun nanggih dahar klimah yodahar walimah
pinanganten kekaleh samya dhahar kembul dulang dinulang kinaryo
pralambang prasetyanipun pinanganten kekalih nggenya nedya sebaya
papa sebaya Mulyo pahit getiring agesang bebrayan nedya karaoosaken
sesarengan bebasan bungah susah nedyo den lemah. Rekoso Podo
disanggo ,Mukti Podo dinikmati.
Ngunjuk Tirto Wening nggambarake bilih sedaya pakarti kang arso
linampahan kanthi linambaran wenining kalbu ,setemah hayu hayu
Rahayu kang tinemu kulawargo ingkang winagun dening pinanganten.

*)*)*) *)*)*) *)*)*)


Saklajengipun pinanganten putri nguculke keris pinanganten kakung
••••Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi
ingkang garwa sumarak wonten ing ngarsanipun ingkang Bapa tuwin
Ibu,tumuli sumungkem lan ngabekti nyuwun idi pangestu anggenipun
palakrama mugi tansah manggih bagya mulya,saget langgeng dumugi
salami-laminya.
Bekti dhumateng ingkang Rama labet enget bilih ingkang rama wus
sembada ngfukir jiwaraga dadya lantaraning tuwuh.
Parandene sumungkem dumateng ingkang ibu labet enget bilih ingkang
Ibu wus kinarya papanig yoga brata salebeting nawa candra dasa ari,
sarta hanglelithing wiwit alit dumugi akir dewasa,bebasan cilik
digedhek.ke,bodho kapinterake.

©©©©©©©
Dungkap paripurnanipun adicara, monggo dipun tutup acara menika
kanthi maos hamdallah sesarengan. Menawi sadangunipun kula ngadeg
wonten ing ngarsa panjenengan sami nglantaraken reroncening adicara
pawiwahan menika wiwit kanthi panutup. Kathah babagan ingkang
kirang ing trap sila saha subasita tumraping laku saha pacelathu, kula
nyuwun agunging pangaksami. Cekap semanten atur kula.

Wassalamualaikum, Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai