Anda di halaman 1dari 3

Assalamu’alaikum Wr.

Wb

Nyuwun para rawuh kakung sumawana putri saderengipun kawiwita sumagga kula
dherekaken SESANTI murih Mulyaning Bawana (iringa music)

*Ucapan Puji Syukur….

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong
temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering
hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti
waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten
qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso
panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan
walimatul urs ipun Raden Bagus Rizki Riyanto bin Bp. Dalikhun kalian Rara ayu Asyifa Ade
Nur’aini binti Bp. Warsito

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

1. Adicoro Pambuka
2. waosan pustoko suci al Qur’an
3. Walimatul urs
4. Khutbah Nikah
5. Do’a pengatin (Pria ke wanita)
6. Sungkeman
Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul
fatihah, Liridloillah--------

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan
rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-
Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening Bp. Agus kalian Sdri Nurtanti wekdal soho
panggenan kaaturaken.

*(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng
ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan
sami.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih acara inti walimatul urs atur dumateng poro
lenggah bilih titi laksana ijab suci putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Asyifa Ade Nur’aini
putra puteri saking panjenenganipun Bp.Warsito sekalia Ibu Marsiyah ingkang sampun
kajatukrama kalia Raden bagus Rizki Riyato putra anjalu saking panjenenganipun Bp.Dalikhun
sekalian Ibu Suyatmi ingkang pilenggah wonten ing Desa Kroya, Kec. Kroya wewengkon
Kab. Cilacap

*(Walimatul urs)

Atur uninga wonten ngarsanipun para rawuh bilih ijab qobul temanten bade haleksanan dinten
niki (Juma’at) wanci tauh 13.00 Wekdal Nagari Indonesia iring kilen mapan wonten ing Dusun
Panumping, Desa Kalibombong, Kec. Kalibening, Kab. Banjarnegara.
(Khutbah Nikah)

Ndungkap adicoro ingkang ongko sekawan nuninggih khutbah nikah, monggo kito dipirengaken
khutbhah Nikah, wekdal niki bade dipun sampekaken dening Bp. Sarno dumateng
panjenenganipun wekdal dipun sumanggakaken.

* Kanti babagan-babagan ingkang sampun pirengaken mugi-mugi dadosno manfaat kususipun


dumateng ingkang ngaturanken,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo
lan panjenengan sami.

(Do’a pengantin)
Adicoro selajengipun inggih puniko Do’a pengantin ingkang bade rumaos dening penganten pria
dipun sumonggakaken.

(Sungkeman)
Sad laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing
sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem.

*Pembacaan teks sungkeman

Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak
derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro
anggenipun andereaken lampoahing roncening adicoro wiwit awal dumugi akhir katah
kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra
pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai