Anda di halaman 1dari 3

Upacara Adat Minangka Wakil Saking Pinangkin Putri Ing Adicara Penampa Penganten Lanang

Assalamualaikum Wr.Wb. Bismillahirrohaman nirrohim, alhamdullilah hirrobil alamin wabihistainu ala umuriddunnya waddin waalaalihi wasobbihi ajmain ama badu. Ingkang tansah dimulyakaken Allah para kyai,para alim,para ulama ,ingkang tansah kawula hormati sesepuh,pinisepuh,saha para tamu undangan ,wabil khusus panjenenganipun Bapa Wisnu sarimbit dalah kalawangsa. Sepisan monggo kula ajak sesarengan ngaturaken puji syukur ngarso Allah SWT ingkang tansah ngaturi kanikmatan,kabejan dalah kasarasan dumateng kita. Dene angka kaleh monggo sesarengan tansah ngaturaken shalawat dalah salam katur ngarso junjungan kita Nabi Muhammad Rasullullah SAW,ingkang tansah kita antu-antu safaatipun milai gesang wonten alam bebrayan ngantos benjang wonten yaumul khiamah. Para pirawuh ingkang tansah kinurmatan kepareng kula matur minangka suleh salira panjenenganipun Bapa Setyo sekalian ibu,kinen nampi pasrah saking panjenenganipun Bapa Wisnu minangka besan kakung. Kawula tampi pasrahipun ingkang angka sepisan salam taklim saking panjenenganipun Bapa Wisnu sekalian Ibu. Mugi-mugi salam taklim punika minangka pandungo anggenipun nyambung pasederekan lumantar daupipun anak kawula Rara Ayu Sekar Ningrum pikantuk anak mas Raden Ibrahim Putra saking panjenganipun

Bapa Wishnu sekalian Ibu. Dene angka kalih panjenganipun Bapa Wisnu sekalian Ibu amasrahaken anak mas Raden Ibrahim Putra, kawula tampi kanthi astha kalih. Saha anak mas Raden Ibrahim Putra, kula anggep kados putra kula pinyambak ing pandungo kasuwunaken penganten kekalih anggenipun mbangun balewisma saget langgeng selami-laminipun. Dene angka tiga, panjenganipun Bapa Setyo sekalian Ibu,amasrahaken uba rampe kawula tampi kanthi renaming penggalihg ing pangajap,mugi Allah atur ridho sedaya-dayanipun. Ing wasana cekap semanten atur kawula lepat nyuwun lumunturingsih pangaksama ,hayu-rahayu sami pinanggih widodo nir ing sambikala. Nuwun. Wassalammualaikum Wr.Wb.

Nama Anggota Kelompok 3,kelas IX-B: 1. Evilia Permani D. 2. Irma Ristantina L. 3. Rini Kurniawati [12] [17] [24]

Anda mungkin juga menyukai