Anda di halaman 1dari 4

Nama : Maulana M.

Aunun Najib

Kelas : XI MIPA 2

No. Absen : 16

TANGGAP WACANA PAMBUKA

PENGETAN ISRA’ MI’RAJ

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak-bapak, ibu-ibu, para sederek kaum muslimin wa muslimat ingkang kula hurmati,
Kula minangka panitia penyelenggara pengetan Isra’ Mi’raj ing masjid…………. Mriki,
ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para sanak sederek miwah
tangga tepalih saha warga sekitar dalasan kaum muslimin lan muslimat samudayanipun, ingkang
sampun kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan Isra Mi’raj ing mriki papan, lan
ingkang sampun kersa paring pambiyantu bot repoting pahargyan menika, estu tanpa pambiyantu
saking panjenengan sami, pengetan menika mokal kalampah kados ing titi wanci menika, kula
dalasan para rencang panitiya mboten waged atur piwales punapa-punapa, namung waget
nyenyuwun wonten ngarsa Dalem Allah SWT, mugi amal sae panjenegan sami kaelokno dados
amal sholeh ingkang katampi wonten ngarsa Dalem Allah SWT..Amin.

Mangga sesarengan kita munjuk atur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang
sampun paring kanugrahan Rahmat saha Hidayah, dene kula panjenengan sami saged makempal
wonten ing mriki saperlu ngawontenaken pengetan Isra’ Mi’raj, kanthi mboten wonten alangan
satunggal punapa.

Sholawat saha salam mugi tansah kunjuk katur wonten ngarso Dalem Baginda Rosulullah
SAW, lan mugi kemawon kula dalasan panjenengan sedaya ingkang somo makempal wonten ing
papan mriki, pikantuk safa’at saking dunya dumugia akhirat, Amin..Amin Ya Robbal ‘Alamin.
Para rawuh sedaya ingkang satuhu bagya mulya, ing wekdal punika kaleres tanggal 27
Rajab 14……. H utawi tangal……wulan…….. tahun……. M, kita sesarengan mengeti Isra’
Mi’raj kanjeng Nabi Muhammad SAW, Isra’ Mi’raj punika ageng faedahipun dhateng manungsa
sak donya, mliginipun kita umat Islam, kangge ngeyakinaken umat Islam bilih Kanjeng Nabi
Muhammad SAW ngawontenaken Isra’ inggih punika tindak ing wanci ndalu saking Masjidil
Haram dumugi ing Masjidil Aqsa ing Palestina, kanthi titihan Buraq inggih punika satunggaling
kewan ingkang sampun dipun cawisaken dening Allah SWT, dene Kanjeng Nabi Mi’raj punika
minggah dateng langit, saking masjidil Aqsa ( Palestina ) dhumateng Sidratul Muntaha, Sidrotul
Muntaha punika langit sap kaping pitu.

Ing salebeting isra’ lan mi’raj punika kanjeng Nabi Muhammad pikantuk wahyu shalat
sedinten sedalu kaping gangsal, ing samangke luwih gamblang lan cethanipun badhe dipun
wedaraken dening Bapak…….. saking……….. .

Kaula atas nami Ketua Panitia peringatan Isro Mi’roj, ngarep-arep mugi-mugi ilmu
pengetahuan agama kaula khususipun masalah isro lan mi’roj menika leres-leres dipun pirengi
dening para rawuh sedaya, lan selajengipun saged dipun amalaken miturut tuntunan ingkang

Kula kinten atur pambuka pengetan Isra’ Mi’raj saking kula cekap semanten kemawon,
Mangga kita sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kita wiwiti kanthi waosan
Basmalah : “ Bismillahirrahmanirrahim “.

Akhirul kalam usikum wanafsi bitaqwallah

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


STRUKTUR TEKS TANGGAP WACANA

1. Salam Pembuka
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
2. Panyapa
Bapak-bapak, ibu-ibu, para sederek kaum muslimin wa muslimat ingkang kula hurmati,
Kula minangka panitia penyelenggara pengetan Isra’ Mi’raj ing masjid…………. Mriki,
ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para sanak sederek miwah
tangga tepalih saha warga sekitar dalasan kaum muslimin lan muslimat samudayanipun,
ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan Isra Mi’raj ing mriki
papan, lan ingkang sampun kersa paring pambiyantu bot repoting pahargyan menika, estu
tanpa pambiyantu saking panjenengan sami, pengetan menika mokal kalampah kados ing titi
wanci menika, kula dalasan para rencang panitiya mboten waged atur piwales punapa-
punapa, namung waget nyenyuwun wonten ngarsa Dalem Allah SWT, mugi amal sae
panjenegan sami kaelokno dados amal sholeh ingkang katampi wonten ngarsa Dalem Allah
SWT..Amin.
3. Purwaka
Mangga sesarengan kita munjuk atur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang
sampun paring kanugrahan Rahmat saha Hidayah, dene kula panjenengan sami saged
makempal wonten ing mriki saperlu ngawontenaken pengetan Isra’ Mi’raj, kanthi mboten
wonten alangan satunggal punapa.
Sholawat saha salam mugi tansah kunjuk katur wonten ngarso Dalem Baginda Rosulullah
SAW, lan mugi kemawon kula dalasan panjenengan sedaya ingkang somo makempal wonten
ing papan mriki, pikantuk safa’at saking dunya dumugia akhirat, Amin..Amin Ya Robbal
‘Alamin.
4. Surasa Basa
Para rawuh sedaya ingkang satuhu bagya mulya, ing wekdal punika kaleres tanggal 27
Rajab 14……. H utawi tangal……wulan…….. tahun……. M, kita sesarengan mengeti Isra’
Mi’raj kanjeng Nabi Muhammad SAW, Isra’ Mi’raj punika ageng faedahipun dhateng
manungsa sak donya, mliginipun kita umat Islam, kangge ngeyakinaken umat Islam bilih
Kanjeng Nabi Muhammad SAW ngawontenaken Isra’ inggih punika tindak ing wanci ndalu
saking Masjidil Haram dumugi ing Masjidil Aqsa ing Palestina, kanthi titihan Buraq inggih
punika satunggaling kewan ingkang sampun dipun cawisaken dening Allah SWT, dene
Kanjeng Nabi Mi’raj punika minggah dateng langit, saking masjidil Aqsa ( Palestina )
dhumateng Sidratul Muntaha, Sidrotul Muntaha punika langit sap kaping pitu.
5. Wigatine / Dudutan
Ing salebeting isra’ lan mi’raj punika kanjeng Nabi Muhammad pikantuk wahyu shalat
sedinten sedalu kaping gangsal, ing samangke luwih gamblang lan cethanipun badhe dipun
wedaraken dening Bapak…….. saking……….. .
6. Pangarep – Arep
Kaula atas nami Ketua Panitia peringatan Isro Mi’roj, ngarep-arep mugi-mugi ilmu
pengetahuan agama kaula khususipun masalah isro lan mi’roj menika leres-leres dipun
pirengi dening para rawuh sedaya, lan selajengipun saged dipun amalaken miturut tuntunan
ingkang sampun diajaraken dening Allah SWT, kagem kula sedaya umat islam.
7. Wusana
Kula kinten atur pambuka pengetan Isra’ Mi’raj saking kula cekap semanten kemawon,
Mangga kita sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kita wiwiti kanthi waosan
Basmalah : “ Bismillahirrahmanirrahim “.
8. Salam Panutup
Akhirul kalam usikum wanafsi bitaqwallah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai