Anda di halaman 1dari 1

PIDATO BAHASA JAWA TEMA ISRA MI'RAJ

Oleh : Fregyan Dava Kafithudin

Assalamualaikum Wr. Wb.


Hamdan Wa Sukrolillah, Washolatu wasalamu Ala Rosulillah, Amma ba du.

Dumateng bapak ibu guru ingkang kawulo hormati sarto rencang-rencang ingkang kawula
tresnani. Langkung rumiyin mangga kita sesarengan ngaturken raos puja puji syukur dhumateng
Gusti Allah SWT. Awit rahmat lan hidayahipun ingkang kaparingaken dhumateng kita,
sahengga kita sedaya saged makempal wonten ing panggonan mriki, ingkang sami-sami
hanggadahi tujuan mengeti adicara ISRA MI'RAJ, kang klebu ceramah agama kagem santapan
rohani ing enjing punika.
Poro hadirin ingkang minulyo, kito umat islam sampun sawajare mangertos dumateng
junjungan nabi kito nabi Agung Muhammad saw, sedoyo meniko namung kagem ningkataken
iman lan takwa kito dhumateng Allah swt. Semoho ugi kita saged luwih ngedekaken kito
dhumateng Allah swt, lan saget nglakoaken sedoyo perintahipun lan ngedoih sedoyo ingkang
dado larangan-laranganipun Allah swt.
Isro miroj punika ageng paedahipun dhumateng manungsa sak ndonya, mliginipun kita
umat Islam. Kangge ngayakinaken umat Islam bilih kanjeng nabi Muhammad Saw.
ngawontenaken isro, inggih punika tindak ing wanci dalu saking Masjidil Haram dumugi ing
Masjidil Aqsa ing Palestina, kanthi titihan Buraq inggih punika satunggalipun khewan ingkang
sampun dipun cawisa-ken dening Allah SWT. Kanjeng nabi miroj punika minggah da-teng
langit, saking Masjidil Aqsa (Palestina) dhumateng Sidratul Muntaha. Sidratul Muntaha punika
langit sap pitu.
Kawulo ngarep-arep mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kito khususipun masalah isro
lan mijor meniko bener-bener dipun gateaken dening poro rawuh sedoyo, lan salajengipun saget
dipun amalaken miturut tuntunan ingkang sampun diajaraken dening Allah swt kagem kito
sedoyo umat islam.
Para hadirin hadirat Rahimmakumullah. Mbok menawi namung dumugi semanten, sesorah
ingkang saged kula aturaken, dene kula nyuwun agunging samodra pangaksami mbok menawi
wonten tindak-tanduk kula saha ceweting atur kula ingkang kirang mranani penggalih.
Pitungkasing atur.
Wallahu muafik ila aquamithorik,
Wassalamu alaikum wr. wb

Anda mungkin juga menyukai