Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak ibu guru sekolah (..........)

Sedoyo konco-konco seperjuangan ingkang kawulo tresnani.

Langkung rumiyin monggolah kito sesarengan ngunjukaken takwa lan syukur dumateng Allah, ingkang
sampun amaringi sedoyo kanikmatan dumateng kito, lan sehinggo kito saged makempal sesarengan
wonten ing ruangan meniko.

Sholawat ugi salam mugiyo kaunjuk dumateng nabiyullah Muhammad SAW ingkang kito ajeng-ajeng
syafaatipun mbenjang wonten dinten kiyamat.

Hadirin ingkang kawulo hormati, jumenengipun kulo ten mriki badhe nyampeaken pidato utowo
sesorah kanti judul pentingipun pendidikan. Micoro bab pendidikan iku pembahasane ombo banget,
pramilo ing sesorah meniko kulo persingkat mawon.

Pendidikan niku identik kaliyan lembaga sekolah, pondok pesantren, bimbel lan sak piturute. Wonten
ing sekolahan para siswa diwenehi pendidikan ugi wawasan pemerintahan, wawasan ilmu alam,
wawasan ilmu sosial, ilmu agama lan sak piturute. Ananging pendidikan niku mboten ing sekolah formal
mawon koyo SD/MI SMP/MTS SMA/MA lan sak piturute. Sebab menungso urip meniko kedah selalu
belajar wonten ing pundikemawon tempat, ora mung nanging ning sekolah.

Hadirin ingkang kinurmatan

Pendidikan ingkang penting sanget inggih puniko wawasan ugi akhlak budi pekerti, sebab sang soyo
majune zaman generasi penerus bangsa Indonesia niki soyo amburadul, soyo rusak mergo kurang
benteng ilmu agama ugi ilmu akhlak tata krama. Mulo tugas para guru saha wali murid kudu nemeni
anggene ndidik para puta-putri terutamanipun ndidik akhlak supadoos bener lan pinter.

Contonipun kemerosotan akhlak budi pekerti niku katah sanget mulai saking griyo kalih tiyang
sepahipun. Sakniki sampun jarang kito mireng putra-putri matur kaleh tiyang sepah ngagem bahasa
krama, sing katah nggih ngagem ngoko. Padahal bahasa ingkang sae kangge tiyang sepah inggih meniko
bahasa krama luwih-luwih krama inggil.

Hadirin ingkang berbahagia

Manfaat pendidikan kagem generasi muda niku katah sanget, inggih puniko ndidik supados poro siswa
saged mangertosi ilmu umum, saget mangertosi ilmu agama, saget mangertosi ilmu adab lan ugi
tatakrama. Mulo bocah-bocah sing ora podo gelem sekolah ayo podo diajak supoyo gelem melbu
sekolah maning, sebab menawi putra-putri generasi penerus mboten purun sekolah mangke saged
ngrasakke piyambak gelone ora sekolah lan rugi sanget.

Menikolah sekedik sesorah ingkang saget kawulo aturaken, migoyo manfaat.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai