Anda di halaman 1dari 2

SAMBUTAN PANITIA PENYELENGGARA

Bismillahirohmanirrohim
Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Wonten ngarsanipun Bapak Kepala Desa Cepogo skaliyan Ibu Pinongko Pembina lan
Pangayom Forum Pengaosan Muslimat NU Desa Cepogo,

Wontern ngarsanipun Bapak/Bapak Pengurus Aswaja Desa Cepogo ingkang kulo hormati
Wonten ngarsanipun Ibu-Ibu Pengurus Muslimat Desa Cepogo,

Wonten ngarsanipun Ibu Usadzah Munjiyah saking Manggis, Winong, ingkang dipun
mulyaaken Alloh, lan ingkang tansah kulo dherekaken menggah mauwidzotul
hasanahipun,

Wonten ngarsanipun Ibu-Ibu Jama’ah Muslimat se Desa Cepogo ingkang kulo hormati,

Hadirin, hadirat, rahimakumulloh

Langkung rumiyin sumonggo kulo dherekaken ngambali ngaturaken puji syukur wonten
ngarsanipun Alloh SWT, awit saking kathahing rahmat, hidayah lan inayah ingkang
kaparingaken dhumateng kito sedoyo, sahinggo saget makempal wonten ing plataran
masjid Al Barokah Wonosari mriki, kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal
punopo.

Sholawat sarto salam mugi tansah katetepaken wonten ngarsanipun Junjungan kito Nabi
Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kito dherekaken menggah sunah-sunahipun
soho ingkang tansah kito tenggo syafaatipun wonten ing yaumil akhir samangkih,

Bapak-Bapak, Ibu-Ibu kaum muslimin muslimat rokhimakumulloh,


Atas nami Panitia Penyelenggara Pengaosan Muslimat ing kaludhangan meniko, ingkang
sepisan kulo ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinartan raos panuwun ingkang tanpo
pepindhan menggah karawuhan Panjenengan sedoyo ingkang sampun kepareng
ngrawuhi menggah atur undangan Panitia.

Maturnuwun dhumateng Ibu Ustadzh Munjiah, ingkang sampun kepareng nyisihaken


wekdalipun kagem ngrawuhi undangan ing mriki, ingkang samangkeh dipun suwuni
maufidhotul hasanahipun.
Matur nuwun dhumateng Ibu-Ibu Pengurus Pengaosan Muslimat ing Desa Cepogo,
ingkang sampun kepareng paring bimbingan lan pengarahanipun kagem kelancaran
pelaksanaan pengaosan rutin ing dinten puniko.

Maturnuwun dhumateng rombongan Rebana Sari Nada saking Wonosari,utawi dukuh


mriki piyambak, ingkang sampun kepareng atur panglipur sakwetawis kagem
ngregengaken adicoro Pengaosan Ibu-Ibu Muslimat Desa Cepogo, ing siang puniko,
ngiras pantes gladhen sesarengan.
Maturnuwun ugi dhumateng sedoyo tokoh masyarakat, Bapak Ketua RW, Ketua RT,
Ta,mir Masjid lan Wargo masyarakat ingkang sampun kepareng paring pambyantu
awujud penggalihan, eguh pratikel, tenaga lan dana ingkang kagem nyekapi menggah
kabetahan puniko, mugi-mugi amal kesaenan Panjenengan sedoyo dipun tampi Alloh lan
pikantuk imbalan ingkang matikel-tikel, amin.

Tasih wonten ing suwasono wulan syawal, Ibu-Ibu Muslimat ing Wonosari lumantar kulo,
ngaturaken : Taqobbalallohu Minna wa minkum, Minal ‘aidzin wal faizin, nyuwun
pangapunten lahir lan batos.

Ingkang sak lajengipun, ing mbok bilih anggenipun Ibu-Ibu Muslimat Dukuh Wonosari
engkang ngadani menggah adicoro Pengaosan ing siang puniko kathah kekiranganipun
samukawis punopo kemawon, lumantar kulo nyuwun agenging pangaksami.
Ingkang pungkasan sumonggo sami sareng-sareng nyuwun dhumateng Alloh, mugi-mugi
pepanggihan soho Pengaosan ing siang puniko sakestu pikantuk ridho saking Alloh,
kanthi niat tolabul ilmi, mugi-mugi saged ningkataken iman lan taqwa soho amal ibadah
kito sedoyo dhumateng Alloh SWT.
Allohuma amin, Ya Robbal ‘Alamin

Cekap semanten atur kulo minangkani saking Pamundhutipun Ibu-Ibu Anggota Jama’ah
Pengaosan Muslimat Dukuh Wonosari, atur kulo wiwit purwo, madyolan wusono temtu
tansah kathah kekhilafan lan kekirangan, awit makaten kulo nyuwun pangapunten sak
kathah-kathahipun.

Bilahi taufiq wal hidayah, wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Wekdal kulo atraken wangsul dhumateng Ibu Pambiyoworo, nuwun.

Anda mungkin juga menyukai