Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr.

wb

 Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Gunawan minangka kepala Desa Demangrejo


 Ingkang kula kurmati pamong perangkat desa demangrejo
 Ingkang kula kurmati Bapak Seniya minangka kepala Dusun Banaran
 Bapak ketua RW 8 ,9 bapak ketua RT 16, 17, 18,19 ingkang kula kurmati
 Para kadang sanggya para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan saha para
kadang wredha mudha ingkang bagya mulya

Sumangga kula lan panjenegan sami tansah ngaturaken puja piji syukur wonten ngarsanipun
Gusti Allah SWT ingkang sampun paring barokah tumraping panjenengan sedaya dalasan kula.
Satemah bapak ibu sedherek sedaya saged kempal manunggal wonten ing papan menika kanthi
wilujeng nir ing rubeda.

Bapak ibu saha para rawuh ingkang kinurmatan kula ingkang kapiji minangka talanging atur
saking kadang mudha ing dhusun Banaran ngaturaken sugeng rawuh dhumateng bapak ibu tamu
undhangan ingkang sampun kersa nglodhangaken wekdal ngenthengaken salira hangrawuhi
menapa ingkang dados sedyanipun kula sakanca. Kula ugi tansah ngaturaken agunging
pangapunten menawi anggen kawula nyawisaken papan saha pasugatan kirang nuju prana
dhumateng panjengan sedaya, boten selaras kalihan pangkat kalenggahan bapak ibu sedaya.
Sepisan malih kula nyuwun agunging pangapunten.

Para rawuh ingkang kula kurmati saha para kadang wiranom ingkang bagya mulya, kula ugi
ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng para kadang wiranem saha
kanca-kanca karang taruna ingkang sampun paring pambiyantu wujud bahusuku penggalihan
menapa dene tenaga saengga acara menika saged kaleksanan, mugi-mgi saged kaleksanan kanthi
lancar dumugi pungksasan ing samagke. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng bapak kepala
dhusun banaran minangka penanggung jawab saha awit paringipun idin dhumateng acara menika.
Agunging panuwun kula aturaken dhumateng para warga masyarakat dhusun banaran ingkang
sampun kersa paring donatur kangge regenging acara menika, mugi kasaenan panjengan sedaya
pikantuk lelintu saking gusti Allah SWT. Caos uninga bilih anggaran ingkang kaginakaken wonten
ing acara menika pikantuk 7.575.000 (pitung yuta gangsalatus pitungdasa gangsal ewus rupiyah)
kanthi rincian kas pemuda saha saking para donatur warga dhusun banaran. Wondene acara
menika nelasaken dana 5.870.000 (gangsal yuta wolungatus pitungdasa ewu rupiyah) saengga
taksih gadhah tirahan 1.705.000(setunggal yuta pitungatus gangsal ewu rupiyah)Boten kesupen
ugi kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng juru keamanan LINMAS desa demangrejo,
babinkantibmas desa demangrejo, babinsa, kapolsek sentolo saha sedaya jajaranipun ingkang
sampun paring ijin saha njagi keamanan saengga acara menika saged kalampahan kanthi tertib.

Bapak ibu sedaya ingkang kula kurmati. Dinten sumpah pemuda kaping 91 mendhet tema
“Bersatu kita maju”. Tema menika kangge ngemutaken kita sedaya babagan komitmen ingkang
sampun dipun ikraraken dening para mudha nalika taun 1928 (sewu sangangatus wolulikur)
wonten ing Sumpah pemuda. Kanthi semangat persatuan mugi-mugi kita saged nyembadani
menapa ingkang dados gegayuhaning bangsa.

PBapak ibu sedaya ingkang kula kurmati, mbok bilih cekap semanten atur kula, temtu kathah
klenta klentu atur saha tata subasita ingkang kirang mranani penggalihipun panjenengan sedaya
kula estu nyuwun agunging sih Samudra pangaksami. Cekap semanten atur kula matur nuwun

Wassalamu’alaikum Wr. wb

Anda mungkin juga menyukai