Anda di halaman 1dari 1

Pidato Bahasa Jawa Acara Pernikahan :

Assalamualaikum Wr. Wb.

Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.


Soho poro tamu undangan walimatul urs lan sedoyo pengantar penganten ingkang kulo
hormati.

Wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking tiyang sepuh ( wali ) kemanten jaler
inggih puniko Bpk. Tasroni sekeluargo, soho minongko wakil sedoyo pengantar
kemanten sangking desa Karangdempel, keparengo matur sepindah bilih sowan kulo sak
rombongan mulai bidal sangking desa Karangdempel ngantos dumugi dusun Sikancil
mriki Alhamdulillah bilih kawontenan kulo sak rombongan wonten ing perjalanan dipun
paringi wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo.

Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dumateng Bapak H. Masron sekeluargo,
dene menopo kulo sak rombongan tansah dipun sediyakaken papan pinarakan soho
hidangan-hidangan ingkang tansah ngremenaken dumateng manah kawulo, boten sanes
mugi-mugi sedoyo meniko tansah ndadosno amal ingkang dipun trami wonten
ngarsanipun Allah SWT. Amin..

Kaping tigonipun, keranten Bpk. ( wali ) meniko wahu boten saget ngeteraken utawi
nyowanaken putri kakungipun dateng dalem mriki, keranten inggih taksih wonten
kerepotan ingkang boten saget dipun tinggal.

Poro rawuh ingkang kulo hormati.

Tegesipun moso borongo anggenipun ndidik soho ngramut kados pundhi amrih sahene.
Keranten Mas ( suami ) inggih ngoten meniko kawontenanipun taksih joko thir dereng
nate omah-omah pramilo menawi wonten dalem mriki Mas (suami) katah klenta-
klentunipun kulo suwun supados dipun arahaken amrih sahenipun supados anggenipun
jejodohan saget tentrem bahagia dunnyo akherat.

Ingkang terakhir, mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno sak cekapipun
kawulo sak rombongan mangke ugi nyuwun pamit, mboten sanes ingih nyuwun
tamahipun pangestu, mugi-mugi kulo sak rombongan wangsul sangking dalem mriki
ngantos dumugi griyonipun piyambak-piyambak tansah dipun paringono aman wilujeng
boten wonten setunggal alangan punopo. Amin..

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai