Anda di halaman 1dari 1

(TIYO) Assalamualaikum Wr. Wb.

Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.


Soho poro tamu undangan walimatul urs lan sedoyo pengantar penganten ingkang kulo
hormati.
Wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking tiyang sepuh ( wali ) kemanten jaler inggih
puniko Bpk. Tasroni sekeluargo.

Soho minongko wakil sedoyo pengantar kemanten sangking desa Karangdempel, keparengo
matur sepindah bilih sowan kulo sak rombongan mulai bidal sangking desa Karangdempel
ngantos dumugi dusun Sikancil mriki Alhamdulillah bilih kawontenan kulo sak rombongan
wonten ing perjalanan dipun paringi wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo.
Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dumateng Bapak H. Tuban sekeluargo, dene
menopo kulo sak rombongan tansah dipun sediyakaken papan pinarakan soho hidangan-
hidangan ingkang tansah ngremenaken dumateng manah kawulo, boten sanes mugi-mugi
sedoyo meniko tansah ndadosno amal ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Allah SWT.
Amin.

Kaping tigonipun, keranten Bpk. ( wali ) meniko wahu boten saget ngeteraken utawi
nyowanaken putri kakungipun dateng dalem mriki, keranten inggih taksih wonten kerepotan
ingkang boten saget dipun tinggal.
Poro rawuh ingkang kulo hormati.
Tegesipun moso borongo anggenipun ndidik soho ngramut kados pundhi amrih sahene.
Keranten Mas ( suami ) inggih ngoten meniko kawontenanipun taksih joko thir dereng nate
omah-omah pramilo menawi wonten dalem mriki Mas (suami) katah klenta-klentunipun kulo
suwun supados dipun arahaken amrih sahenipun supados anggenipun jejodohan saget tentrem
bahagia dunnyo akherat
Ingkang terakhir, mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno sak cekapipun kawulo sak
rombongan mangke ugi nyuwun pamit, mboten sanes ingih nyuwun tamahipun pangestu,
mugi-mugi kulo sak rombongan wangsul sangking dalem mriki ngantos dumugi griyonipun
piyambak-piyambak tansah dipun paringono aman wilujeng boten wonten setunggal alangan
punopo. Amin..

Wassalamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai