Anda di halaman 1dari 1

Assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Alhamdulillahirobbil 'alamin, Wabihinastain, wa ala umurriddunya waddin,Wassholatu


Wassalamu ala asrofil anbiya'i wal mursalin, wa ala alihi washohbihi aj main. La haula
wala kuata Illa billahil Aliyyil adhim, Amma ba'du.
Ingkang kawulo hormati, Bapak Ketua RT 02 RW 13 engkang tansah kinabekten
Ingkang kawulo hormati ugi poro rawuh wargo RT 02 RW 13

Sepindah, monggo kito memuji syukur Dumateng Allah SWT kanthi rahmat soho
hidayahipun kito sedoyo saget makempal wonten acara kumpul pepanggihan rutin rapat
erte ing papan panggenan kawulo. Mugi mugi gusti maringi barokah ing kegiatan
puniko.

Kaping kalih, kawulo matur sugeng rawuh dumateng pak erte soho poro wargo ingkang
kinormatan ugi maturnuwun dumateng sedoyo ingkang kerso lan saget rawuh wonten
dalem kawulo sekeluarga.

Kaping tigo, wondene anggen kulo nyiapaken panggenan, nggelar kloso kalebet
samangkih ubo rampenipun wonten ingkang kirang mranani panggalih poro rawuh,
kawulo nyuwun agenging pangarsami,

Ing Wasono, mekaten sambutan kawulo pinongko ingkang panggenan rapat kumpulan
wonten ing dalu puniko, wonten kirang langkungipun atur, kawulo nyuwun
pangapunten. Wa billahi taufik wal hidayah wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa
barakatuh.

Anda mungkin juga menyukai