Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

1. Dhumateng ngersanipun poro sesepuh pinisepuh ingkang kula Hormati


2. Dhumateng panjenenganipun Bapak Dukuh Haryadi ingkang kawula hormati.
3. Dhumateng panjenenganipun Bapak Sudarman selaku KABAGPEM desa ingkang kawula
hormati.
4. Dhumateng panjenenganipun Bapak Hartadi selaku Ketua RT 01 dusun kepek desa ingkang
kawula hormati.
5. Dhumateng ngersanipun poro bapak-bapak/ibu-ibu/sederek sedaya warga kepek rt 01 lan
sedaya tamu undangan ingkang kawula hormati ugi.

Langkung rumiyin monggo kito sesarengan ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun
Allah SWT, ingkang sampun paring kenikmatan saha kawilujengan dhumateng kito sedaya
saenggo saget ngrawuhi syawalan utawi Halal Bi Halal ing wedal ndalu puniko. Sholawat serto
salam kita unjukaken dhumateng nabi agung Muhammad SAW ingkang kita antu-antu
syafaatipun wonten ing mbenjang hari akhir yaumul Kiyamah.

Ibu, Bapak para rawuh dalasan para tamu undangan ingkang kula hormati, sakderengipun
kula nyuwun pangapunten ingkang agung, dene kula kinen matur dhumateng para sesepuh
dalasan para rawuh sedaya, kula ingkang minangka wakil sedaya rencang-rencang Karang
Taruna KEPEK 1 Pedukuhan Kepek mriki.

Ingkang sepindah, kula sak konco pemuda/pemudi kepek 1 nyaosaken sungkem


pangabekthos kawula dumateng sedoyo poro bapak-bapak, poro ibu-ibu wonten ing pedukuhan
kepek rt 1.

Ingkang ongko kaleh, sak lebetipun sesambetan saha sesrawungan kula sak konco karang
taruna kepek 1 mbok bilih kathah sanget tandang tanduk, solah saha tingkah, saha atur ingkang
mboten ngremeni dhumateng panjenengan sedaya bebasan tindak sapecak, tembung sak limah
saha ulat dlerengan, ingkang sedaya kala wau ketingal punapa dene ingkang mboten terang-
terangan. Ingkang dipun sengaja punapa dene ingkang mboten dipun sengaja, mugi sedaya kula
wau. Kula, minangka wakil Karang Taruna kepek 1 mriki ngaturaken sugeng riyaya, MINAL
AIDZIN WALFAIDZIN. Kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan lahir tulusing batin.
Dhumateng Ibu, Bapak, Para sesepuh khususipun wonten ing Dukuh kepek rt 01 mriki
lumeberipun dhumateng sedaya tamu undangan lan sedaya ingkang rawuh wonten dalu punika.

Mugi gusti Allah Subhanahu Wataala paring pangapunten dhumateng kita sedaya.lan mugi-
mugi sedaya doso saha kalepatan sageto kalebur wonten ing dalu puniki.
Amin...Amin...Amin...Ya Rabbal alamin.
Ugi kula atas nami kanca-kanca Karang Taruna Lestari Asri nyuwun doa saha pangestu
mugi Karang Taruna Lestari Asri saged nglajengaken lan nindakaken gegayuhan luhur
tumindak ingkang sae ing pangajab saged migunani dhumateng diri pribadi khususipun, ugi
dhumateng masyarakat Dukuh Ngelo Asri lumeberipun Nusa bangsa dalasan Agami.

Ibu, Bapak, para rawuh ingkang kawula hormati, mekaten menggah ikrar saking Karang
Taruna Kepek 1 ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenegan sedaya. Kawula
minangka wakil saking kanca-kanca Karang Taruna mboh bilih kathah kekirangan saha
kalepatan kawula nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi kita sedaya pinaringan berkah
dalasan hidayah saking ngarsanipun Allah SWT.

Amin Ya Rabbalalamin...

Bilahit taufiq wal hidayah,

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai