Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Mukoddimah

Ingkang kula hormati, ………………… Dst


Mila-mila, sumangga kula lan panjenengan ngaturaken puji lan syukur
dumateng gusti Allah swt. ingkang sampun maringi kenikmatan lan ugi
kesehatan dumateng kita, sehingga kita saged kempal wonten teng pelataran
griyone bapak kades desa Srikaton puniki kangge ngawontenaken acara sedekah
bumi masyarakat desa srikaton. Sholawat lan salam mugi-mugi selalu
tercurahkan kangge Nabi Muhammad saw. lan keluarganipun , para sahabat, lan
para pengikut-pengikute.
Bapak/Ibu lan kulo hormati, kula wonten teng panggung puniki atas nami
ketua panitia desa Srikaton. lan kabeh perangkat desa Srikaton pengen
ngaturaken matur nuwun kangge masyarakat desa Srikaton ingkang sregep lan
kompak berpartisipasi ing acara syukuran sedekah bumi niki.
Sedekah bumi merupakan ungkapan rasa syukur kita dumateng gusti
Allah swt. ingkang sampun maringi rejeki kangge kita sedoyo , khususe
masyarakat desa Srikaton. Sedekah bumi ugi saged kangge sarana sosialisasi lan
kerukunan masyarakat sedoyo. Mugi-mugi ing wontenipun acara sedekah bumi
tahun niki, saged bakta berkah kangge kita sedoyo lan saged damel desa
srikaton nambah sae lan nambah maju. Selajenge , mugi-mugi acara sedekah
bumi niki saged berjalan lancar, bonten wonten halangan, lan bonten wonten
hal-hal ingkang aneh.
Cekap sementen ingkang kula sampeaken, mugi-mugi bermanfaat kangge
kita kabeh. Menawi wonten kalepetan-kalepetan, kula nyuwun pangapunten,
sebab kula tiyang biasa ingkang gampang salah lan bonten sempurna. Matur
nuwun kangge perhatiane panjenengan sedaya .

Wassalamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai