Anda di halaman 1dari 2

Elma Widya Saputri_17020114020

Pranatacara

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun, para pepundhen ingkang satuhu kinabekten, para pinisepuh miwah sesepuh
ingkang kinurmatan, para tamu ingkang minulya, sarta kadang kula wredha miwah mudha
ingkang sutresna.

Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti, Pangeran ingkang
Mahawelas lan asih ingkang sampun ngluberaken kanugrahan ingkang arupi kanikmatan ingkang
tanpa pepindhan. Kathanda ingkang dinten punika, kita sampun dipun keparengaken makempal
kanthi wilujeng ing papan punika, saperlu sami pengetan dinten Ambal Warsa Kutha Surabaya,
Rebo, 31 Mei 2018 kanthi sesanti “Memetri Jayaning Budaya Nagari”.

Kawula nuwun, ingkang kinurmatan Gubernur Jawa Timur mawi Wakil, Walikota
Surabaya mawi Wakil. Saha ingkang kawulo hormati poro pini ugi aji sepuh ingkang sampun
rawuh dhateng adicara samenika.

Kula dhateng ngriki badhe ngaturaken titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika.
Susunan Acaranipun inggih punika :

1. Pambuka
2. Sambutan Walikota Kutha Surabaya
3. Sambutan Gubernur Jawa Timur
4. Pagelaran seni arupa kethoprak
5. Pagelaran tari-tari khas Jawa Timur
6. Pagelatan seni arupa ludruk
7. Pagelaran Wayang Kulit
8. Penutup

Adicara ingkang sepisan inggih menika sambutan. Sambutan ingkang kaping setunggal
nuninggih sambutan sangking Walikota Kutha Surabaya ingkang bade kaslirani dumateng Ir.
Tri Rismaharini, M.T., kula sumanggaken.

Sambutan ingkang kaping kalih inggih menika saking Gubernur Jawa Timur. Dhumateng
Dr. H. Soekarwo, S.H, M.Hum. wekdal kulo sumanggakaken. Matur nuwun.

Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika adicara samenika, pagelaran seni arupa
kethoprak kanthi lakon “Retno Dumilah” dening Sanggar Kethoprak Surabaya. Wekdal
kaliyan panggenan kula sumanggakaken. Matur nuwun.

Salajengipun inggih adicara samenika, pagelaran tari-tarian khas Jawa Timur ingkang
dipuntampilaken dening Sanggar Tari Ramayana Surabaya, kula sumanggakaken.

Adicara kaping gangsal inggih menika pagelaran seni arupa ludruk kanthi lakon “Sarip
Tambak Asa” dening Sanggar Bharada Unesa Surabaya, kula sumangakaken.

Lumampah adicoro sak lajengipun inggih menika pagelaran wayang kulit dalang Ki
Pramudya, wekdal kaliyan panggenan kula sumanggakake.

Adicara ingkang pungkasan inggih menika wasana. Kula minangka pranatcara nyuwun
agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi kula kathah kalepatan.
Sugeng kondur, pungkasaning atur mangga samya hasesanti jaya-jaya wijayanti, nirbaya,
nirwikara, nir ing sambekala. Nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai