Anda di halaman 1dari 2

PENGETAN DINA SUMPAH PEMUDA

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


Bapak Kepala Kelurahan Sembada Harja ingkang dhahat kinurmatan
Bapak ketua RW 03, ingkang dhahat kinurmatan
Bapak ketua RT 05, ingkang dhahat kinurmatan
Lan para lenggah ingkang satuhu kinabekten sutresna

Merdika! Merdika! Merdika!

Ingkang sepisan sumngga kita ngunjukaken atur puji lan syukur dhumateng Gusti ingkang Maha
Welas Asih, amargi paringipun rahmat kita taksih saged kempal manunggal ing enjing menika lan
saged dherek mangayu bagya pengetan dinten sumpah pemuda lan ingkang salangkung awis
ajinipun, inggih punika bagas waras, sarta maneka warnaning kabetahaning gesang kacekapan boga
miwah sastra.

Wonten ing acara menikakula ngajak awak kula piyambak supados emut kaliyan labuh labetipun
para pemuda Bangsa Indonesia nalika wonten ing jaman semanten, kedah remen nyaosaken
menapa kemawon ingkang awujud tenaga, bandha saha nyawanipun kagem ngusir walandi lan
ngrebut Negara ingkang kita tresnani menika. Boten kesupen ugi wonten ing jaman semanten ing
tanggal 28 wulan Oktober tahun 1928 para pemudha sampun ngrikraraken janjinipun dhateng
negeri kita. Awit saking menika mboten klentu bilih para bangsa kepingin dadosaken negeri kita
negeri ingkang ngadahi maneka warna basa, budaya, agma, suku, kulit, lsp. Dados negeri ingkang
manunggal ing raos lan jiwa, dados negari kang kiyat lan nyawiji sahengga boten malih negari
ingkang saged njajah bangsa kita.

Para lenggah ingkang satuhu kinabekten, sumangga wonten ing tahun 2012 sakmenika nalika
negeri kita Indonesia sampun ngadahi yuswa 67 tahun, sumangga kita tetep ngadahi semangat
kados para pemudha kadosing tahun 1928 mawi cara kita kiyambak-kiyambak. Mawi ilmu ingkang
kita gadhahi, sumangga kulo ngajak para lenggah sami supados ngisi kamardikaan menika
kanthi semangat ln makarya ingkang sae sahengga bangs kita saged majeng lan boten kawon kaliyan
bangsa sanesipun.

Para lenggah ingkang kula kurmati, wonten ing pungkasaning atur, minangka wonten galap
gangsulir atur, kula nyuwun agunging pangaksami. Pungkasan sumngga kita contho sami semangat
Bhineka Thunggal Ika para pemudha supados bangsa Indonesia tetep rumaket lan kiyat.
Amin, Amin, yaa robbal alamin

Wassalamualaikum Warahmatullhi Wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai