Anda di halaman 1dari 1

Naskah Sesorah Dina Kartini

Kinanthi Siwi Maharani/9A/16

Assalamualaikum wr. Wb.

Ingkang kula hormati Bapak saha Ibu Guru SMP N 1 Sleman lam kanca- kanca ingkang
kula tresnani. Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti ingkang Maha Agung, katitik wekdal
menika kita sedaya saged manunggah pepanggihan ing papan menika kanthi rahayu
wilujeng nir ing sambekala.

Para rawuh ingkang kinurmatan, wonten ing tanggal 21 April punika inggih tanggal
lahiripun Raden Ajeng Kartini. Raden Ajeng Kartini punika salah sawijining Kusuma
bangsa ingkang memperjuangaken emansipasi Wanita saengga kanthi wekdal punika para
Wanita saged nyambut damel sesarengan priyayi kakung. Pramila saben tanggal 21 April
Bangsa Indonesia mengeti minangka Dinten Kartini.

Pengetan menika ugi kangge atur panuwun dhumateng Raden Ajeng Kartini, awit saking
perjuanganipun ngantos wekdal punika para wanita saged nggadhahi drajad sami kaliyan
priyayi kakung.

Dhumateng para mudha, sumangga sareng- sareng nyengkuyung mbangun negari ingkang
adil, makmur, lan rukun.

Punika ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatanipun atur saha kirang trapsila
anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.

Maturnuwun,

Wassalamualaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai