Anda di halaman 1dari 2

Pranata Adicara Tirakatan

Pengkol Rt 03

Asalamualaikum wr.wb

Dumateng Bapak Rt ingkang kulo hormati,


Bapak, Ibu, sesepuh ingkang kulo hormati,
Lan rencang-rencang kawulo mudo ingkang kulo tresnani..

Langkung rumiyen keparengo angaturaken puji syukur kunjuk wonten ngarso


dalem Alloh swt ingkang sampun kepareng paring pinten-pinten kanikmatan,
karohmatan dumateng kulo lan panjenengan sami sahinggo kanti kawilujengan
kasarasan saged angrawuhi panghargyan pengetan dinten kamardikan republik
indonesia wonten ing dalu puniko.
Sholawat sarto salam mugi tetep kacurahaken dumatheng Nabi Muhammad
SAW ingkang tansah kita wantu-wantu syafaatipun benjing ing dinten kiamat.

Dumateng ngarsanipun poro lenggah kakong miwah putri ingkang tansah kulo
hormati, keparengo kulo wonten ing mriki derekaken lampahing adicoro ing
dalu puniko. Nanging sakderengipun adicoro wonten ing dalu puniko dipun
awiti keparengo kulo ngaturaken reroncining adicoro wanten ing dalu puniko.

1. Adicoro ingkang sepindah pambuko


2. adicoro ingkang kaping kalih upacara (Nembangake sesarengan tembang
Indonesia Raya)
3. adicoro ingkang kaping tigo sambutan
a) sambutan ingkang sepindah saking ketua panitia
b) sambutan ingkang kaping kalih saking bapak Rt 03 Pengkol
4. adicoro ingkang kaping sekawan pembagian hadiah
5. adicoro ingkang kaping gangsal hiburan
6. adicoro ingkang pungkasan panutup

Gemeni wekdal soho kawontenan monggo doyo-doyo adicara ing dalu punika
pun kita wiwiti kanti waosan basmalah sesarengan.
Bismillahirrohmanirrohimmm......

Poro tamu lenggah kakong miwah putri ingkang kulo hormati, kito
lajenganken Adicoro inkang ongko kalih inggih puniko upacara (Nembangake
sesarengan tembang Indonesia Raya)
Poro rawuh kasuwun jumeneng
Indonesia Raya......
Para Rawuh kahaturaken lenggah

Ndungkap acara ingkang kaping tigo noinggih sambutan sambutan


- Sambutan ingkang sepindah saking ketua panitia, Dumatheng Sedherek Alan
wedal soho panggenan kulo sumanggakaken..
Mekaten kolo wau sambutan sangking ketua panitia..
kalajengaken sambutan ingkang kaping kalih noninggih sambutan saking Bapak
Rt 03 Pengkol
Dumatheng Bapak Mustadi wedal soho panggenan kulo sumanggakaken.
Mekaten kolo wau sambutan sangking Bapak Rt
Kito lajengaken adicoro ongko gangsal engkang sampun ditenggo kalian adek-
adek injih meniko Pembagian Hadiah, acara badhe dipandu kalian ketua
pemuda.

Mekaten kolo wau pembagian hadiah ,mugi-mugi saget nambah semangat adek-
adek anggone sinau.
Acara saklajengipun noninggih Hiburan, wekdal saha panggenan kulo aturaken
dumateng rencang-rencang kawulo mudo..

Adicara ingkang pungkasan noninggih panutup.


Monggo acara ing dalu puniko kito tutup kanti waosan Hamdallah..
Alhamdulillah....
Kulo minangka pambyawara menawi wonten klenta klentune atur kulo nyuwun
agunging samudro pangaksami.
Akhirul kalam
Wassalamualaikum Wr Wb
Nuwun..

Anda mungkin juga menyukai