Anda di halaman 1dari 4

PASRAH MANTEN

Assalamualaikum Wr Wb

Engkang kinurmatan kepala desa ......... saha perangkat desa........

Engkang kinurmatan keluargao ageng bapak........... (tuan rumah)

Engkang tansah kinabekten para sesepun pini sepuh soho para alim ulama

Ugi poro rawuh kakung miwah putri engkang bagiyo mulya

Langkung rumiyen manggo kito tansah muji sukur wonten ngarso dalem Allah SWT engkang sampun paring
mapinten” kenikmatan taufik soho hidayah, katitik eng ari kalenggahan dinten meniko kito saget makempal wonten
papan meniko kanti pinaringan sehat mboten wonten alangan setunggal menopo. Swolawat soho salam mugi tansah
kunjuk dateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW, engkang tansah kito ajeng” safa’at ipun wiwit ndunyo langkung”
mbenjang wonteng yaumul khiyamah Amiin

Poro rawuh engkang minulya, kepareng ing mriki kulo mundi dawuh saking keluargo bapak.......... (pengantin pria)
kulo kapiji masrah’aken pinanganten kakung dumateng panjenenganipun keluargo bapak............ (pengantin putri)

1. Engkang sepisan ngaturaken agung’ing panuwun dumateng keluargo bapak .........(pengantin putri) engkang
sampun kepareng nampi keluargo bapak......... (pengantin pria) sak pangombyong minggahipun paring
pasugatan engkang sa’estu ndados’aken bingah manah kulo sak rombongan
2. Ongko kalih, mbok bileh panjenenganipun bapak .......... (penganting pria) dalah pangombyong wonten atur
soho solah bowo engkang kirang mranani nyuwun agung’ing samudro pangaksami
3. Pinanganten ke kalih, inggeh bagus .............(pengantin pria) kalian diajeng .............(pengantin putri) sampun
kelaksanan ijab qabul kolowau kirang langkung tabuh .............( jam berapa ijabnya) kanti lancar mboten
manggih alangan setunggal menopo, mugi” keluargo enggal punika sak mangken estu dados keluara sakinah
mawadah warohmah soho keluargo engkang barokah.
4. Engkang sak lajeng’ipun bapak ........(pengantin pria) lumantar kulo masrahaken penganten kakung inggih
puniko nak bagus ...............(pengantin pria) putro panjenenganipun bapak .............. (pengantin pria) dumaten
panjenenganipun keluarga bapak.......... (pengantin putri). Mugi” saget kapangku dados putro piyambak.

Poro rawuh engkang kulo hormati, kulo minongko sesulih saking keluargo bapak .............(pengantin pria) mbok bileh
anggen kulo matur wonten kekirangan soho kalepatanipun mawantu-wantu kulo nyuwun lumunturing samudro
pangaksami pungkasaning atur, bilaitofiq walhidayah wassalamualaikum Wr Wb

PAMBAGYO HARJO PERNIKAHAN = TRIMO MANTEN


Assalamualaikum Wr Wb

Engkang kinurmatan kepala desa ......... saha perangkat desa........

Engkang kinurmatan keluargao ageng bapak........... (tuan rumah)

Engkang tansah kinabekten para sesepun pini sepuh soho para alim ulama

Ugi poro rawuh kakung miwah putri engkang bagiyo mulya

Langkung rumiyen manggo kito tansah muji sukur wonten ngarso dalem Allah SWT engkang sampun paring
mapinten” kenikmatan taufik soho hidayah, katitik eng ari kalenggahan dinten meniko kito saget makempal wonten
papan meniko kanti pinaringan sehat mboten wonten alangan setunggal menopo. Swolawat soho salam mugi tansah
kunjuk dateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW, engkang tansah kito ajeng” safa’at ipun wiwit ndunyo
langkung”mbenjang wonteng yaumul khiyamah Amiin

Poro rawuh engkang kulo hormati, kepareng kulo mundi dawuh saking sohibul hajad nggen meniko bapak
............(keluarga perempuan) sak keluargo kapureh matur wonten ngarso poro rawuh

1. Setunggal, sugeng rawuh soho sugeng pinarak dumateng poro rawuh soho pangombyong saking
keluargo bapak ............(keluarga pria)
2. Kanti bingahing penggalih panjenengan ipun bapak ............(keluarga perempuan) nampi rawuh
panjenengan sedoyo
3. Mbok bileh anggenipun nampi soho paring pangkurmatan kirang mranani penggalih panjenengan sedoyo
bapak ............(keluarga perempuan) nyuwun agung’ing pangapunten
4. Dumateng poro rawuh engkang kulo hormati, bileh eng ari kalenggahan puniko panjenenganipun
bapak ............(keluarga perempuan) anetepi darmaning sepuh amiwoho putro mahargyo siwi malakrama
aken ingkang putro putri asesilih diyah ayu ................(nama pengantin putri) pikantuk bagus ............... (Nama
pengantin pria) putro saking bapak ............(keluarga pria) engkang pilenggah ing ............ (alamat pengantin
pria). Dene Ijab qabul sampun kalampahankolowau kirang langkung tabuh .............( jam berapa ijabnya) kanti
lancar mboten manggih alangan setunggal menopo, mugi” keluargo enggal punika sak mangken estu dados
keluara sakinah mawadah warohmah soho keluargo engkang barokah.
5. Sak lajeng ipun keluargo bapak ............(keluarga perempuan) ngaturaken agung’ing panuwun dumaten sanak
sederek tonggo tepalih engkang sampun kerso paring pambiyantu arupi menopo kemawon mugi”
ndados’aken amal ibadah lan pikantuk lelintu saking Allah SWT.

Poro rawuh engkang kulo hormati, kulo minongko sesulih saking keluargo bapak .............(pengantin perempuan)
mbok bileh anggen kulo matur wonten kekirangan soho kalepatanipun mawantu-wantu kulo nyuwun lumunturing
samudro pangaksami pungkasaning atur, bilaitofiq walhidayah wassalamualaikum Wr Wb

PAMBAGYO HARJO KESRIPAHAN (MENINGGAL DUNIA)

Assalamualaikum Wr Wb

Innalillahi wainnailaihi rajdingun.........3x

Engkang kinurmatan bapak kepala desa sooa perangkat desa..............(Desanya apa)


Engkang kinabekten para kyai sesepuh pini sepuh soho poro alim ulama

Ugi poro muk’azizin soho muk’aziah, kadang sepuh miwah anem samudayanipun engkang kulo mulya’aken

Langkung rumiyen manggo kito tansah muji sukur wonten ngarso dalem Allah SWT engkang sampun paring
mapinten” kenikmatan taufik soho hidayah, katitik eng ari kalenggahan dinten meniko kito saget makempal wonten
papan meniko kanti pinaringan sehat mboten wonten alangan setunggal menopo. Swolawat soho salam mugi tansah
kunjuk dateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW, engkang tansah kito ajeng” safa’at ipun wiwit ndunyo langkung”
mbenjang wonteng yaumul khiyamah Amiin

Sagung poro rawuh engkang kulo hormati kepareng ing mriki, kulo mundi dawuh saking khobilul musibah inggeh
meniko panjenenganipun bapak..........(Keluarga yang ditinggalkan) soho keluargo kapureh matur wonten ngarso
panjenengan sedoyo

1. Engkang sepisan bapak ..........(Keluarga yang ditinggalkan) ngaturaken sugeng rawuh soho ngaturaken
agung’ing panuwun dumaten poro rawuh sedoyo enkang sampun kerso nderek atur belo sungkowo awit
aking sedonipun Alm/Almh
2. Ongko kalih, mbok belih anggenipun nampi rawuh panjenengan sedoyo kirang mranani,
bapak..........(Keluarga yang ditinggalkan) sak keluargo nyuwun agung’ing pangapunten
3. Ongko tigo, atur pirso bileh panjenenganipun Alm/Almh............... (Nama yang meninggal) sedo kirang
langkung tabuh ............... (waktu meninggal) kanti lantaran .................... (sebab kematian)
4. Pramilo saking meniko lumantar kawulo mbok bileh naliko sugeng’ipun Alm/Almh kagungan kalepatan
dumateng poro rawuh sedoyo pramilo nyuwun agung’ing pangapunten
5. Engkang sak’lajeng’ipun bapak..........(Keluarga yang ditinggalkan) nyuwun doa saking poro rawuh sedoyo
mugi” Alm/Almh ................ (yang meninggal) dipun paringi pangapuro sedoyo dosa kalepatan naliko
sugeng’ipun, dupun tampi sedoyo amal sae nipun lan dipun papan’aken wonten suwarganipun Allah SWT
6. Mbok bileh Alm/Almh takseh kagungan utang-piutang dumateng sinten kemawon mbokmenawi kerso
ikhlas’aken keluargo ngaturaken agung’ing panuwun, mbok bileh tak’seh dipun raos aurat sakmangke saget
langsung dipun rampung’aken kalih keluarga bapak ..........(Keluarga yang ditinggalkan)
7. Engkang pungkasan, bapak ..........(Keluarga yang ditinggalkan) ngaturaken agung’ing panuwun dumaten
sanak sederek tonggo tepalih engkang sampun kerso paring pambiyantu arupi menopo kemawon mugi”
ndados’aken amal ibadah lan pikantuk lelintu saking Allah SWT.

Mekaten engkang saget kulo aturaken minongko sesulih saking keluargo bapak..........(Keluarga yang ditinggalkan)
mbok bileh wonten kalepatan soho kekirangan anggen kulo matur nyuwun agung’ing pangapunten, bilaitofiq
walhidayah wassalamualaikum Wr Wb

MAULID NABI MUHAMMAD SAW

Assalamualaikum Wr Wb

Alhamdulillahi robbil ‘alamin assholatu wassalamu ‘ala asyrofil ambiya’i wal mursalin, wa’ala alihi wasohbihi ajma’in
‘amma ba’du.

- Engkang satuhu kinurmatan almukarom bapak kyai ...............


- Engkang kinurmatan kepala desa.............. soho perangkat ipun
- Engkang satuhu kinabekten poro sesepuh pini sepuh soho alim ulama
- Ugi para rawuh muslimin muslimat engkang minulyo

Langkung rumiyen manggo kito tansah muji sukur wonten ngarso dalem Allah SWT engkang sampun paring
mapinten” kenikmatan taufik soho hidayah, katitik eng ari kalenggahan dinten meniko kito saget makempal wonten
masjid................ saperlu nderek ngaos mengeti maulid nabi muhammad SAW kanti pinaringan sehat mboten wonten
alangan setunggal menopo. Swolawat soho salam mugi tansah kunjuk dateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW,
engkang tansah kito ajeng” safa’at ipun wiwit ndunyo langkung”mbenjang wonteng yaumul khiyamah Amiin

Poro rawuh engkang kulo hormati, eng mriki kulo sesulih saking pemerintah desa awit panjenengan’ipun bapak
kepala desa mboten saget rawuh amargi wonten jejibahan engkang mboten saget dipun tilar.

1. Sepisan kulo nderek mangayu bagyo soho ngaturaken agung ing panuwun dumateng takmir utawi jama’ah
masjid............... engkang sampun ngawonten’aken adicoro meniko kanti sae lan mugi” kaleksanan kanti
lancar mboten wonten alangan setunggal menopo amiin
2. Ongko kalih, pengetan meniko mugi dados satunggal’ing sarana kangge ngujud’aken gotong royong wargo ugi
shilaturohmi kangge ningkat’aken persatuan lan kesatuan
3. Poro rawun muslimin muslimat engkang minulyo, wedal meniko agami islam katah aliran”, wonten engkang
ndamel ringkih negari ugi bebrayan antawi’ipun sesami, pramilo saking meniko kulo sa’estu nyuwun poro
rawuh sedoyo monggo nderek aliran engkang mboten nerak aturan negoro satemah ndados’aken tentrem
soho aman negari kito lan keluargo
4. Sak lajeng’ipun, bileh nabi muhammad saw meniko minongko suri tauladan kagem sedoyo umat islam
pramilo mugi” sak mangke kito saget nulodon tindak lampah’ipun nabi muhammad saw lan saget mendet
hikmah saking pengajian meniko

Mekaten engkang saget kulo atur’aken minongko sesulih kepala desa mbok bileh anggen kulo matur wonten
kekirangan soho kalepatan nyuwun agung’ing samudro pangak’sami. Bilaitofik walhidayah wassalamualaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai