Anda di halaman 1dari 2

TEKS MC

“Acara Pengajian Sabtu Wage”

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh…

Alhamdulillahirrabil ‘alamiin (mukaddimah…………) puji syukur dhumateng Allah SWT


ingkang sampun paring kenikmatan iman lan islam saha kabagas warasan dhumateng kita
sedaya. Sholawat lan salam mugi katur katetepno dhumateng Nabi Muhammad SAW,
keluwargo, shohabat lan daya umat islam kalebet kula panjenengan sedaya Amiin Allahumma
Aamiin...

Bapak ………………………. ingkang kita hormati,


Dhumateng bapak ibu jama'ah pengajian Sabtu Wage ingkang kita hormati.

Saderengipun adicara pengajian dalu punika kawiwitan, keparenga kula badhe maosaken
rantamaning adicara pengaosan wonten dalu punika:

1. Sepisan Pambuka
2. Kaping kalih waosan Kalam Ilahi
3. Kaping tiga Sambutan Ketua Takmir Masjid Sunan Kalijaga
4. Kaping sekawan tausiah utawi pengaosan dhumateng Bapak Ustadz …………………..
5. Kaping gangsal atur pariwara utawi pengumuman
6. Kaping enem panutup

Mekaten adicara pengaosan dalu punika, lumampah adicara sepisan pambuka. Sumangga
pengaosan dalu punika kita purwakani kanthi waosan Surat Alfatihah, setunggal....kalih....tiga

Adicara salajengipun waosan Kalam Ilahi, dhumateng bapak/ibu/adik....... wekdal


sacekapipun kasumanggakaken

Outro: Shodaqallahul ‘adziim… Mekaten waosan kalam ilahi mugi-mugi dumateng ingkang
maosaken lan kita sedaya ingkang midangetaken pikantuk ganjaran saking Allah SWT.
Amiiin.......

Adicara kaping tiga sambutan Takmir Masjid Sunan Kalijaga, dhumateng Bapak …………
dipun sumanggakaken

Outro: Matur nuwun

Adicara kaping sekawan inggih puniko tausiah utawi pengaosan dhumateng Bapak Ustadz
…………....... dipun sumanggaken.
Outro: Mekaten tausiah ingkang sampun dipun aturaken Bapak Ustadz ..………….. mugi saget
mendet hikmah manfaatipun lan saget ngamalaken wonten panggesangan saben dintenipun

Adicara kaping gangsal atur pariwara utawi pengumuman dhumateng Bapak/Ibu ingkang
badhe ngaturaken pariwara utawi pengumuman kasumanggaaken

Infak dalu puniko pikantuk Rp. .......................................................................................


Alhamdulillahi rabbil ‘alamiin.

Lumampah adicara kaping enem panutup pramilo sumonggo pengaosan dalu puniko kita
pungkasi kanthi waosan tahmid. Alhamdulillahi rabbil 'alamin….

Mekaten lan semanten adicara pengaosan dalu puniko, matur nuwun

Billahi taufiq wal hidayah,


Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai