Anda di halaman 1dari 3

1.

PANGGIHING TEMANTEN Wus dumugi wahyaning mangsakala dumawahing kodrat saking panguwasaning Gusti ingkang murbeng dumadi, nalika samana ana titahing gusti ingkang asipat jalu tanapi wanodya,ingkang sampun sumedya netepi jejering agesang , ngancik wonten ing alan madya ,hamestuti ila-ila ujaring para kina ingkang tansah cinandhi ing angkasa, jinempana ing maruta sarta nulad marang edi endahing budaya tulus. Nalika samana sriatmaja pinangantyan sampun siyaga hanetepi tumapaking tata upacara adat widi widana ingkang sampun sinengker wonten ing tlatah ngayogyakarta ingkang winastan tata upacara panggih.Punapa ta werdinipun adat? Adat hamengku werdi tata cara, widhi hamengku werdi gusti,wondenene dana hamengku werdi paweweh.Dados adat widhi widhana hamengku werdi tata cara paringipun gusti ingkang linagkung, laju panapa ta werdinipun panggih?Panggih hamengku werdi pangudi gambuhing penggalih, mila datan mokal senajan kang sajuga jejering priya,kang sawiji jejering wanodya, lamun sampun manunggaling cipta rasa lan karsa, mugya dados sarana marganing mulya. Kawistara kumlawe astane sri atmaja pinangnatyan hangaturaken pambalanging gantal ingkang winastan gondang kasih gondang tutur,Punapa ta wujud sarta werdining gantal ingkang kinarya sarana bebalanganing sri atmaja pinangantyan sarimbit?Pranyata gantal dumados saking suruh ingkan tinagsulan lawe wenang awarna seta ingkanghamengku werdi sinandi lamun jinarwi setunggal mring setunggalipun. Suruh hamengku suraos sumurupa ning kawruh,tambah ing kadewasan sama tanggap sasmita tanggap swasana,werdining suruh senajan ta beda lumah lawan kurepe lamun ginigit pada ing raose,hamengku pralampita,senajan kang sajuga jejering priya kang sawiji jejering wanodya,lamun sampun manunggaling cipta rasa lan karsa mugya kewala dados sarana marganing mulya.Tinangsulan lawe wenang awarna seta hamengku pralampita muga denira wis tinangsulan ing

akrami, kaiket dening prasedya luhur,mugi denira mbangun brayan datan nalisir saking angger unggering kautaman. Purna bebalangan gantal ,kawistara sriatmaja pinangantyan kakung hamrepeki antiga cinaket ing bokor kencana minangka wadhaing sekar setaman.Katon kambang-kambang kumambang sekar tri warna ,mawar mlati dalasan kanthil.Hamengku suraos winawaring tembung manis lumantar kedhaling lathi mugya dadya tuntunan ingkang hanggung kumantil-kantil ing pandoming netra tumameng ing tuntunging nala.Pindaning gulu bengawan weteng segara,sarwa sarwi hamung ngemot luhuring kautaman. Kawistara antiga tinapak ing pada,pecah sanalika..Daya-daya sri atmaja pinangantyan putri tindak jengku konjem pratiwi sarwi sumembah dumateng ingkang garwa,paripurna denira sumembah,sri atmaja pinangantyan putri hamijiki samparanipun ingkan raka,pinangka pralampita,hangicali salwiring sukerta,tulus mulya manggih raharja. Sri atmaja pinangantyan sarimbit sampunjajar sumandhing wonten ing luhuring pasangan linambaran roning pisang raja,pasemone yekti dhaupira sri atmaja pinangantyan wus pinasti dadi pasanganira kang hanggung kinudang -kudang bangkit mandireng pribadi,winimbuh ing kawibawan lir jejering narendratama. Paripurna sri atmaja hanetepi adicara adat wonten ing wiwaraning panti pahargyan, samangke kawistara sampun jajar sumandhing sarwi sinengemban sindur dening ingkang rama.pralampita bilih dhauping sriatmaja pinangantyan sampun tinuntun deningnreh kautaman,mugya smangke datan nalisir saking ungger unggering kautaman.Sri atmaja saklajengipu badhe humarak sowan lumarap tumuju wonten ing samadyaning panti pahargyan. >>>>>>Setelah selesai upacara adat di gerbang tempat resepsi,selanjutnya temanten berjalan menuju kedalam gedung resepsi untuk menjalankan acara adat selanjutnya,dalam perjalanan menuju tempat pelaminan ini,mc juga harus

nyandra temanten agar tidak sepi dan lebih khidmat acaranya..(bersambung panyandra temanten menuju pelaminan)

Anda mungkin juga menyukai