Anda di halaman 1dari 3

PANYANDRA MIJILIPUN TEMANTEN PUTRI (keluarnya pengantin putri dari

kamar rias)

Binarung swaraning pradangga munya hangrangin,Hambabar Ketawang


sekarteja/Puspawarna. Kaya ganda hangambar arum katiuping samirana manda.
Kawistingal jengkaring temanten putri mijil saking panti busana.

Panti ateges papan busana ageman,mijil saking panti busana ateges miyos saking
papan ageman nedya sumarak wonten ngarsanipun para tamu manjing ing
salebeting sasana pahargya.
penganten putri hangagem busana kang sarwaretna hangemba busananing garwa
nata. Katon pating galebyar pating pancurat ,lamun rinumpaka ing ukara yayah sileh
prenah

Hangagem puspita rinonco ingkang ukelira kasampiraken ing pamidhangan kanan,


lamun katiyuping samirana kongas gandane hangegi sajroning sasana pahargya.

Endaah edining busana hangimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamun cinandra
ical sipating jalma sawantah pan yayah Bathari Ratih ngeja wantah.

PANYANDRA PRAPTANING TEMANTEN KAKUNG (kedatangan pengantin


putra)

Geteeeer pater kaya ana teja kang manter, horek sanjawineng sasana pahargya
bebasan sorak hambata rubuh swarane. awit kena pangaribawane risang temanten
kakung ingkang ketingal agung,ageng lan wibawa.

Temanten kakung lamun cinandra bebasan kurang candra luwih warna. dasar pekik
ing warna, dedek pidheksa pangawak pradata. langkun-langkung sinasaban busana
kang tinaretes benang kencana, sumunar agilar-gilar nanging datan hambelerengi.
Saya malih hangagem dhestar hangemba nata tan ana kan kuciwa

Dampyak-dampyak para kadang kaliyan warga wandana alur selur ndalidir tan ana
pedhote ingkang samya kangayap hambayangkara tindakipun temanten priya.

Wus ndungkap unggyan kang tinuju ,gya lumadi laksitaning adicara pasrah tampa.

PANYANDRA TEMANTEN PANGGIH / TEMON

Reeep tidhem premanem, datan ana sabawane walang salisik, bebasan


gegodhongan tan ebah awit samiran tan lumampah, kang kapyarsa amung
swaranya pradangga lokananta ingkang munya ing sasana wiwaha,senadyan
hamung lumantar swaraning pita swara.Awit sedaya kalawau kena pangaribawane
kang samya binoja krama.

Tuhu wes pinesti ana titahing Gusti ingkang asipat jalu lan wanita ingkang nedya
ngancik ing ngalam madya hanenggih sambut silaning akrama

nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten priya
kang winastan Gondhang Kasih
Datan saranta temanten kakung gya amales hambalang gantalmring temanten putri
kang winastan Gondhang tutur.

KETIKA MENGINJAK TELUR


Kawistara kanang antiga tiapak padha pecah sanalika deningtemanten kakung,
bpunika asung pralampita bilih temanten kakung calon dados lantaraning tuwuh/wiji
ingkang suci,pratima bangkit tata jalma,putra kinarya tetalining akrama.

KETIKA CUCI KAKI


Tanggap temanten putri gita-gita hanjengku mring pepadhaning keng raka,sarwi
sumembah sarta hamiji pepadhaning ingkang garwa

KETIKA SINDURAN
Titipurna adicara panggih, tumuli lumadi adicara sinduran,kawistara temanten
kekalih sinengepan sindur ingkang kaaturaken dening ingkang Ibu.tanggapin
sasmita ingkang Bapa gita-gita angasta poncoting sindur tumuli hanganthi putra
temanten kekalih tumuju ing kursi palakrami.

Kawuryaaan alon-alon tindhake lan banget pangati-atine ingkang Bapa tuwin Ibu
hanganthi putra temanten sekaliyan tumuju unggyan kang tinuju.Punika asung
pralampita dhumateng kang binoja krama,mugi -mugi anggenipun nepusi jangkaning
agesang mangun brayat anyar,tansah kebak ing pangati-ati ,datan grusa-grusu
mundhak kesluru, tan milik barang kang elok jalaran keselak muluk.

KROBONGAN
Bobot Timbang
Ingkang nindakaken timbangan inggih punika ramanipun penganten putri kanthi cara
mangku penganten kekalih kiwa tengen. Minangka pasemon bilih rama ibunipun
penganten putri anggenipun ngrengkuh dhumateng penganten kekalih boten emban
cindhe emban siladan kados putra piyambak.
Tandur
Sampun sawetawis anggenyo jumeneng ing wiwaraning sasana wiwoho
panjenenganipun bapak – ibu…………, tumuli salajengipun bapak –
ibu……….badhe mapak ingkang beksan, kalamun pinanggyo age-age ingkang
hamengku gati ngaturaken pambagyo kawilujengan, Wus jengkar saking
plenggahaniro bapak-ibu,,,,,,,,arso mapak ingkang beksan bapak-ibu………sampun
antu-antu praptaning kang besan, arso mbage kabagyan awit dhauping putro
temanten, naliko samono lumaksono bapak-ibu……..tansah suko ing galih, kacihno
esem tansah sinunggih ing lathi, satindak tumuleh manganan, sapecak tumuleh
mengering, lamun rinumpoko kadyo asung pambagyo mring poro tamu ingkang
minulyo.
Sampun pinanggyo ingkang bebesanan ing wiwaraning sasana wiwoho, ingkang
bebesanan samyo ajejawat asto, bapak – ibu………ngaturaken kawilujengan.
Sugeng rawuh dhumateng ingkang beksan bapak-ibu…………ingkang rawuh saking
tlatah……..
Anggeniro lumaksono poro ibu wonten ing ngarso, poro bapak wonten ing pungkur,
meniko dados pratondho, kalamun poro priyo suko pangayoman marang poro
wanito, poro priyo suko panjurung tumindaking poro wanodyo kang datan nalisir
saking paugeraning kautamen.
Wus gambuh penggalihiro ingkang bebesanan, suko reno ing driyo dupi uningo
ingkang lenggah jajar ing sasana mulyo, langkung – langkung poro tamu ingkang
sampun lenggah pepak sinarojo, paring pangestu dhumateng risang pinanganten,
den gegadahang amrih ingkang putro kang lenggah ing sasana mulyo, satuhu bakal
mulyo uripe, nemu kagabyan lang karaharjan, kepareng ingkang besan kadereaken
lenggah ing sisih keringiro risang pinanganten, paripurno ngaturaken palenggahan
pakurmatan dhumateng ingkang beksan, bapak – ibu ……wangsul ing sasana
sakawit.
Kacar-Kucur
Penganten kakung maringi rejeki kanthi wujud arta receh, beras kawak, kacang
kawak, dhele kawak linambaran klasa bangka dhumateng penganten putri.
Pralambang tanggel jawab dhumateng kulawarga, tansah tekun pados sandhang
pangan.
Dulangan
Katindakaken kanthi ngepel sekul pethak lajeng kadulangaken cekap kaping
sepisan. Piring wadhah sekul lan lawuh lajeng katangkepaken, ingkang
dipunwastani gambuhan. Tegesipun sageda tansah manunggal lan jumbuh kang
ginayuh. Sabibaripun dulangan, dipunlajengaken ngunjuk rujak degan ingkang
kapendhet saking klapa ingkang wala (nembe uwoh sepisan).

SUNGKEMAN
Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang garwa
sumarak wonten ing ngarsanipun ingkang Bapa tuwin Ibu,tumuli sumungkem lan
ngabekti nyuwun idi pangestu anggenipun palakrama mugi tansah manggih bagya
mulya,saget langgeng dumugi salami-laminya.

Bekti dhumateng ingkang Rama labet enget bilih ingkang rama wus sembada ngfukir
jiwaraga dadya lantaraning tuwuh.
Parandene sumungkem dumateng ingkang ibu labet enget bilih ingkang Ibu wus
kinarya papanig yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta hanglelithing
wiwit alit dumugi akir dewasa,bebasan cilik digedhekke,bodho kapinterake.

Brool kanang waspa ingkang mijil saking anggenira temanten kekalih,tumibeng ing
pangkone ingkang rama lan ibu kadya mutiara kang rinonce. kaladuk.e kang
ngrumpaka basa bebasan banjir luh sarah waspa sajroning sasana rinengga.

Anda mungkin juga menyukai