BAB I
PENDAHULUAN
A. Latar Belakang
Bahasa daerah merupakan bahasa yang perlu dipelajari, supaya kita sebagai
calon guru Madrasah Ibtidaiyah (MI), jika dituntut untuk mengisi pelajaran Bahasa
Daerah mampu melaksanakannya dengan baik. Bahasa Jawa merupakan bahasa yang
mayoritas dipakai di beberapa daerah di Jawa Timur.
Bahasa Jawa khususnya mengenai Sastra Jawa sampai dengan saat ini belum
banyak dipahami secara luas oleh masyarakat dan guru. Menurut banyak orang, Sastra
Jawa itu identik dengan Bahasa Jawa, padahal tidaklah demikian. Sastra Jawa memang
erat kaitannya dengan Bahasa Jawa tetapi Sastra Jawa tidak sekedar Bahasa Jawa.
Studi Sastra Jawa merupakan dunia yang sangat luas, yang menantang kita para calon
guru untuk mempelajari Sastra Jawa. Maka dari itu dalam makalah ini penulis akan
membahas mengenai Kasusastraan Jawa.
Dunia Sastra Jawa sampai dengan saat ini belum banyak dipahami masyarakat.
Dan Mahasiswa mungkin juga belum sepenuhnya mengetahui seberapa luas dunia
sastra kita. Menurut banyak orang, Sastra Jawa itu identik dengan Bahasa Jawa,
padahal tidaklah demikian.
Sastra Jawa memang erat kaitannya dengan bahasa Jawa tetapi Sastra Jawa
tidak sekedar Bahasa Jawa. Studi Sastra Jawa dengan demikian tidak hanya studi
tentang Bahasa Jawa. Studi Sastra Jawa merupakan dunia yang sangat luas, yang
menantang kita, para peneliti dan calon peneliti untuk segera menggarapnya.
Seberapa luas Sastra Jawa itu, kita bicarakan pada bagian berikut.
B. Rumusan Masalah
Berdasarkan latar belakang di atas maka rumusan masalah dalam makalah ini sebagai
berikut:
1. Apakah pengertian Kesusastraan?
2. Apa macam-macam Kesusastraan Jawa?
3. Apa contoh-contoh dari macam-macam Kesusastraan Jawa?
2
C. Tujuan Penulisan
Adapun tujuan dari penyusunan makalah ini adalah sebagai berikut :
1. Memahami tentang pengertian Kesusastraan.
2. Memahami tentang macam-macam Kesusastraan Jawa.
3. Memahami contoh-contoh dari macam-macam Kesusastraan Jawa.
BAB II
PEMBAHASAN
B. Kasusastraan Jawa
a) Paribasan - Bebasan – Saloka - Sanepan
8
1
G. Setyo Nugraha, M. Abi Tofani, Gagrag Anyar basa Jawi Pepak, (Surabaya:Pustaka Agung
Harapan). 85-94.
2
G. Setyo Nugraha, M. Abi Tofani, Buku Pinter Basa jawa, (Surabaya: Kartika)103.
3
Daryanto,Kawruh Basa Jawa pepak, (Surabaya:Apollo Lestari,1999).122.
9
PARIBASAN
a. BEBASAN
b. SALOKA
4
Hendra Prayetna-M. Abi Tofani, Buku Pinter Basa Jawa Pepak, (Surabaya: Karya Utama).120.
10
b) Cangkriman
Cangkriman iku unen-unun sing kudu dibedhek (dibatang). Mula cangkriman
diarani uga bedhekan. Cangkriman ana patang warna yaiku:5
1. Cangkriman wancah (cekakan)
Pak bomba, pak lawa, pak ciyut : tepak kebo amba, tepak ula dawa, tepak
cempe ciyut.
Nasgithel : panas, legi kenthel
Kabaketan : nangka tiba nang suketan
Yumaerong : yuyu omahe ngerong
Suru bregitu : asu turu dibregi watu
Karla ndheren : mbakar tela sumendhe keren
Pak boletus : tepak kebo lelene satus
Burnas kopen : bubur panas kokopen
Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
Wiwa wite, lesbo dhonge, karwa pake : uwi dawa wite, tales amba
godhonge, cikar dawa tipake
Pak lawa : tepak ula dawa
Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng
ginawa abot
Surles pe dheg wer-weran : susur teledipe neng gedheg jewer-jeweran
Pucung
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring sing disaba sipucung mung turut kutha. (sepur)
c) Wangsalan
Wangsalan yaiku rumpakan sing saemper cangkriman, nanging tebusane utawa
ancase wis dikandhakake pisan. Wangsalan kaperang dadi 6 yaiku :6
1. Wangsalan padinan / sajroning pacelathon
Wangsalan Padinan yaiku wangsalan kang digunakake minangka pacelathon ing saben
dinane, mula ana sing nganggo nyebutake batangane la nana sing tanpa batangan,
amarga wong-wong sing padha krungu/maca wis ngerti maksude (batangane).7
Tuladha :
Njanur gunung, kadingaren gelem mampir!
Wangsalan : njanur gunung
Batangan : aren
Tebusan : kadingaren
Tembung njanur gunung iku arane aren, mula biasa dadi tembung kadingaren
6
G. Setyo Nugraha, M. Abi Tofani, Gagrag Anyar basa Jawi Pepak, (Surabaya:Pustaka Agung
Harapan). 85-94.
7
Budi Anwari, Baboning Pepak Basa Jawa, (Surabaya: Genta Group Production, 2016). 160-161
28
2. . Wangsalan lamba
Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangane siji.
Tuladha :
Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Tembung roning mlinjo iku arane eso, mula bisa dadi ngaso
Widheng galeng, tekamu apa padha rahayu.
Tembung widheng galeng iku arane yuyu, mula bisa dadi tembung rahayu.
3. Wangsalan rangkep
Wangsalan rangkep yaiku wangsalan kang bisa batangane luwih saka siji.
Tuladha :
Jenang sela, wader kalen sesonderan
Apuranta, yen wonten lepat kawula
Tembung jenanggula arane apu, mula dadi apuranta. Dene tembang wader kalen
sesonderan arane sepat, mula dadi tembung lepat.
4. Wangsalan memet
Wangsalan memet yaiku wangsalan kang carane nggoleki batangane sarana
ngonceki maksude tetmbungane ambal ping pindho.
Tuladha :
Uler kambang, yen trima alon-alon bae.
Tembung uler kambang tegese lintah, mulabatangane dadi tembung satitahe. Tembung
satitahe tegese ora ngaya, mung tumindak sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
5. Wangsalan edipeni
Wangsalan edipeni yaiku wangsalan kang mawa paugeran :8
a. Unen-unene kedadeyan saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
b. Saben ukara kang kapisan (yaiku isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan
purwakanthi basa.
Tuladha :
Tepi wastra, wastra kang tumrap mustak
Mumpung mudha, nggegulanga ngike basa
Ibid., 162
8
30
Tembung tepi wastra iku tegese kemadha, mula bisa dadi tembung mudha. Dene
tembung wastra kang tumrap mustaka iku tegese iket, mula bisa dadi tembung ngiket.
Ancur kaca, kocak munggwing netra.
Wong wruh rasa, tan mama king tata karma.
(ancur kaca: rasa, kocakmunggwing netra: tesmak).
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
Ora gampang wong urip ing alam dunya.
(carang wreksa: pang, wreksa wilis tanpo patra: wit kayu urip).
Kolik priya, wanara anjani putra.
Tahu eman, wong anom wedi kangelan.
(kolik priya : tuhu, wanara Anjani putra : anoman)
a. Yaksa dewa, dewa dewi lir danawa
Kala mudha, bangkit abengkas durmaga
(Yaksa dewa : bethara kala; dewa dewi lir danawa : bethari durga)
b. Roning kamal, putrane pandhita durna
Mumpung enom, ngudia laku utama
(Ron kamal : sinom; putrane pandhita durna : aswatama)
c. Witing klapa jawata ing ngarcapada
Salugune, wong sinau aja sembrana
(Wit klapa : glugu; jawata ing ngarcapada : wong)
Pangkur
Singgang gung kang piniyara,
Mardi siswa kakawinireng estri,
Wineh winulangaken wadu,
Di Peputhut mong pregiwa,
Kang sumewa pasewakaning kalangun,
Pangrantamireng pradangga,
Sesendhonan genti-genti.
Singgang gung kang piniyara tegese winih, mula bisa dadi
tembung wineh.
Mardi siswa tegese mulang, mula bisa dadi winulangaken.
Kakawinireng estri tegese wada, mula bisa dadi wadu.
Peputhut mong pregiwa: janaloka.
Pangrantamireng pradangga tegese sendhon, mula bisa dadi
sesendhonan.
TEMBANG
Tembang jawa ana telu warna:
1. Tembang macapat, 2. Tembang tengahan, 3. Tembang gedhe
1. Tembang macapat ana 11 pupuh:
a. Asmaradana g. Megatruh
b. Dhandhang gula h. Mijil
c. Durma i. Pangkur
d. Gambuh j. Pucung
e. Kinanthi k. Sinom
f. Maskumambang
32
2. Tembang tengahan:
a. Balabak c. Jurudemung
b. Girisa d. Wirangrong
3. Tembang gedhe:
a. Citramengeng c. Mintajiwa
b. Kusumastuti d. Pamularsih
Pangkur
Mingkar-mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawa
33
Dhandhanggula
Dhuh kusuma ingkang milangoni,
Buron arumingkang sobeng wana,
Yen panggih sun arasane,
Sumber gung ngisor gunung,
Wreksa langking sisaning agni,
Sun sandhang pinarenga nedya amemanuh,
Wit saking tresnaning manah,
Surya ratri wong kuning sun kawulani
Sun adhep saben dina
d) Parikan
Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan
kanggo narik kawigetan, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan iku kayupantun
nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara.9
Paugeran utawa pathokane parikan :
1. Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
2. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, /wos.
3. Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho.
4. Parikan bisa dumadi saka 2 gatra utaa 4 gatra.
Tuladha Parikan :
a. Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah dadi.
Wajik klethik, gula Jawa. Luwih becik, sing prasaja.
Nyangking ember, kiwa tengen. Lunggu jejer, tamba kangen.
9
Abi Kusno, Pepak Basa jawa,(Surabaya : Ekpress, 1996). hal, 97-98
34
PARIKAN
1. Abang-abang gendera landa, ana sing ijo kok milih putih
Bujang maneh ora kluyuran, sing wis duwe bojo ora tau mulih
2. Ana brambang sasen lima
Berjuang labuh Negara
3. Bisa ngendhang ora bisa nyuling
Bisa nyawang ora bisa nyandhing
4. Bibi surip tuku klobot, pethuk encik tuku roti
Uwong urip pancen abot, mula becik ngati-ati
5. Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong paisa
Esok mikir sore mikir, sing dipikir ora rumangsa.
6. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar
Lamun sabar, bisa lejar sarta binger
7. Jambu apa jeruk
Aku melu apa entuk
8. Jemek-jemek gula jawa
Aja sok ngenyek karo kanca
9. Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula.
Welingku marang para mudha, aja wedi ing rekasa
10. Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi
Watak putri, kudu setiti angati-anti
11. Kembang kencur, ditadur tepining sumur
Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur
12. Kembang menurtinandur ing pinggir sumur
Yen wis makmur aja, lali marang sedulur
13. Kutha kendhal kali wungu
Ajar kenal karo wina
14. Kembang aren sumebar pinggir kalen
Aja dahwen yen kowe kepingin kajen
15. Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur
Kudu jujur, yen kowe kepingin makmur
16. Kembang mawar, ganda arum ngambar-ngambar
36
e) Tembang Jawa
Tembang yaiku susastra/ sastra, utawa anggitan/ karangan kang kaiket dening
guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra (Indonesia : Puisi).10
Guru lagu/ dhong ding: yaiku tibane swara vokal ing pungkasane gatra.
Guru wilangan: yaiku cacahe wanda saben sagatra.
Guru gatra: yaiku cacahe gatra saben sapada.
Pupuh: yaiku tembang pirang-pirang pada kang isih sajenis.
Pada: yaiku bait/ koplet.
Wanda: yaiku pakecapan/ suku kata.
Tembang Jawa ana telung warna yaiku Tembung Macapat, Tembung Tengahan
lanTembung Gedhe.11
Tembang macapat yaiku reriptan kanthi paugeran tartamtu kang pamacane
dilagokake, lan bisa diiringi wiramaning gendhing. Tembang macapat kaiket ing guru
lagu lan guru wilangan lan duwe watak dhewe-dhewe.Mungguh cacahing larike utawa
guru gatrane tembang Macapat iku ora padha.
Tembang Macapat iku ana 11, yaiku : pocungm maskumambang, megatruh,
gambuh, mijil, kinanthi, asmaradana, durma, pangkur, sinom, lan dhandhang gula.
Tuladha tembung macapat:
a. Pocung (4gatra) : 12u, 6a, 8i, 12a
Ethik-ethik patenana si penunggul
Gek dosane apa
Dosane ngungkul-ngungkali
Dhi aja dhi malati sadulur tua
b. Maskumambang (4 gatra) : 12i, 6a, 8i, 8a
Aturipun risang pathak angeneni
Dhuh Gusti Rohulah
Ing pamirsa amba malih
Warna warna ning naraka
c. Megatruh (5 gatra) : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
10
Budi Anwari, Baboning Pepak Basa Jawa, hal,166
11
Sri Hartatik, Pepak Basa Jawa Lengkap, (Surabaya : dua media,2011). hal, 82-83.
38
f) Purwakanthi
Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku gandhenge
swara sing buri karo swara sing wis kasebut ing ngarepe. 12 Purwakanthi ana werna telu
yaiku :
a. Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang runtut swarane.
Tuladha:
1. Aja dumeh menang, banjur tunindak sawenang-wenang
2. Ana awan, ana pangan
3. Ana bungah, ana susah iku wis lumrah
4. Ana dina, ana upa
5. Ati karep, bandha cupet
6. Bareng wis makmur, lali marang sedulur
7. Becik ketitik, ala ketara
8. Gelem obah, mesthi mamah
9. Inggah inggih ora kepanggih
10. Ijo-ijo godhonge kara, bareng bodho lagi rumangsa
11. Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune
12. Kudu sregep sing sinau, sapa sing kepingin maju
13. Ora cepet, ora ngliwet
14. Ora ngedan, ora keduman
15. Thenguk-thenguk nemu kethuk
16. Tuwas sayah, ora paedah
17. Wong bungah sok nemu susah
18. Welinging guru, wong iku kudu mituhu marang bapa ibu, supaya slamet
sing tinemu
12
Budi Anwari, Baboning Pepak Basa Jawa, 174
43
c. Purwakanthi lumaksita
Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa yaiku
purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake.
Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara
ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.
Tuladha :
44
g) Tembung Dolanan
Tembang dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo
paugeran gatra, guru lagu, guru wilangan, lan dhong . Nanging biasa ditembangake
dening bocah-bocah cilik, utamane ing padesan, sinambi dolanan bebareng karo
kanca-kancane lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan,
bocah-bocah dikenalake bab sato kewan, sato iwen, thethukulan, tetanduran, bebrayan,
lingkungan alam, lan sapanunggalane.13
Tuladha
Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketudhung gudel
Pak empong lera-lere
Sapa ngguyu ndelikkake
Sir sir pong dhele gosong
Sir sir pong dhele gosong
Jaranan
Jaranan-jaranan..... jarane jaran teji
13
Ibid., 177
45
Gundul Pacul
h) Geguritan
Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes lan endah.
Geguritan asale saka tembung “gurit”, kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud
tatahan. Dene geguritan ingkene, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran
gumathok, yaiku:14
Caching gatrane ora tertamtu, nanging apese 4 gatra.
Saben-saben sagatrane guru wilangan lan guru lagu padha wae, runtut mawa
purwakanthi guru swara.
Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara “sun anggegurit”.
14
Ibid., 187
46
Geguritan iku klebu puisi Jawa modhern, amarga ora kaiket ing aturan
kayadene tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa insprasi (angen-
angen). Geguritan mujudake karya kang sipate pribadi, mula geguritan panganggit siji
lan sijine beda-beda. Angen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah
supaya dadi geguritan kaya kang dikarepake pengarang banjur diolah supaya dadi
geguritan kaya kang dikarepake penganggit. Kanthi mengkono, geguritan iku basane
katon endah, bisa migunakake nilai-nilai utawa amanat kang bisa kapethik kanthi
difrasekan dhisik. Memfrasekan geguritan iku ateges menganalisa utawa ngudari
ukara-ukara geguritan iku supaya maksude bisa ketangkep. Geguritan iku kawujud lan
majas. Sarana retorika lan majas paedahe kanggo gawe geguritan iku endah lan enak
kawaca.
Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah.
Menthes yaiku tembunge duwe makna kang jero.
Endah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
Tembungane pilihan
Tuladha :
Raden Ajeng Kartini
Sanajan panjenengan wanita
Nanging gelem rekasa
Sanajan dipingit wong tuwa
Atine mbela
Mbela kaum wanita
Aja nganti kalah prakosa
Jejere wanita
Kudu tetep siyaga
Ngawohi nasibe bangsa
Nurunake nasibe bangsa
Duwea wawasan kang jembar
Kanggo nggayuh lintang kang sumunar
Amanat :
Ngeluhurake derajad Pahlawan
Ngagungake asmane
47
Ngormati perjuangane
Ora lali dongakake supaya ditampa ing sisi Gusti Allah
BAB III
PENUTUP
A. Kesimpulan
Kesusastraan ialah sebuah jenis pemikiran dari perasaan manusia yang mendalam dan
memiliki arti ataupun suatu keindahan tertentu.
Kasusastraan Jawa meliputi paribasan-bebasan-saloka, cangkriman, wangsalan,
parikan, tembang macapat, purwakanthi, tembang dolanan dan geguritan.
Contoh dari macam-macam kasusastraan yakni, paribasan (Adigang, adigung,
adiguna), bebasan (Adol lenga kari busik), saloka (Asu belang kalung wang),
48
cangkriman (Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan), wangsalan (Njanur gunung,
kadingaren gelem mampir!), parikan (Wajik klethik, gula Jawa. Luwih becik, sing
prasaja), tembang macapat (sinom, gambuh, asmaradana, dll), purwakanthi (Ana
awan, ana pangan), tembang dolanan (Cublak-cublak suweng), dan geguritan (Raden
Ajeng Kartini).
Karya Sastra adalah benda budaya, karena ia diciptakan oleh manusia, hasil
sentuhan tangan manusia. Sebagai benda budaya karya sastra memuat ide/gagasan
penciptanya, sedangkan gagasan pokok dalam sastra adalah kemanusiaan. maka yang
dimaksud dengan Sastra Jawa adalah karya seni yang menggunakan Bahasa Jawa
sebagai media.
Hal yang membedakan antara Sastra Jawa dengan sastra yang lain adalah pada
penggunaan Bahasa Jawa. Bahasa Jawa memiliki sejarah yang sangat panjang, yakni
sejak zaman kuna hingga saat ini. Oleh karena itu Bahasa Jawa dapat dibedakan
berdasarkan kesejarahannya. Sejalan dengan itu maka Sastra Jawa juga dapat dipilah-
pilah sesuai dengan perkembangan historis Bahasa Jawa.
Jenis Sastra Jawa dapat dikelompokkan berdasarkan Bahasa dan isi.
Berdasarkan Bahasa Jawa yang digunakan, Sastra Jawa dapat dibedakan menjadi
Sastra Jawa Kuna, Sastra Jawa Tengahan, Sastra Jawa Baru, dan Sastra Jawa modern.
Sedangkan Berdasarkan Kategori Isi antara lain : Sejarah, Silsilah, Hukum, Bab
Wayang, Sastra Wayang, Sastra, Piwulang, Islam, Primbon, Bahasa, Musik, Tari-
tarian, dan Adat-istiadat
Kasusastraan Jawa meliputi Paribasan, Bebasan, lan Saloka. Cangkriman dapat
dibedakan menjadi tiga macam yaitu: Cangkriman Wancah, Cangkriman Pepindhan,
Cangkriman Wujud Tembang. Wangsalan juga dapat dibagi menjadi tiga macam yaitu
Wangsalan Sajroning Pacelathon, Wangsalan Edi Peni, Wangsalan Wujud Tembang.
Sedangkan Tembang jawa ada tiga macam yaitu Tembang macapat, Tembang
tengahan, Tembang gedhe. Guru wilangan yaiku akehing kecap (ucap) utawa suku
tembung saben sa gatra (baris), sedangkan Guru lagu yaiku aksara urip (vokal) ing
49
pungkasaning gatra (baris). Purwakanthi dapat dibedakan menjadi tiga macam yaitu
Purwakanthi guru swara, Purwakanthi guru sastra, Purwakanthi lumaksita.
DAFTAR PUSTAKA
Abikusno. 1996. Pepak Basa Jawa.Surabaya: Ekspress.
Budi Anwari. 2016. Baboning Pepak Basa Jawa. Surabaya: Genta Group Production.
Daryanto.1999. Kawruh Basa Jawa Pepak.Surabaya:Apollo Lestari.
Hartatik, Sri. Pepak Basa Jawa Lengkap.Surabya: Dua Media.
Nugraha, G & Setyo. Tofani, M. Abi. Buku Pinter Basa Jawa. Surabaya: Kartika.
Nugraha, G & Setyo. Tofani, M. Abi. Gagrag Anyar basa Jawi Pepak, Surabaya:
Pustaka Agung Harapan.
Nurani. Pepak Basa Jawa Lengkap. Surabaya: Lingkar Media.
Suripan Sadi Hutomo. 1975. Telaah Kesusastraan Jawa Modern. Jakarta: Pusat
Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Depdikbud.
Zoetmulder, PJ. 1985. Kalangwan, Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang. Jakarta:
Jambatan.