Anda di halaman 1dari 1

PASRAH LAN TAMPI PENGANTEN

 PASRAH PENGANTEN

Assalamu 'alaikum wr.wb Nuwun Para sepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi.Nyuwun
pangapunten dene kulo paripeksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kulo matur ing
ngarsanipun Bapak Sugiyatno sarimbit. Nuwun, Bapak Sugiyatno sekaliyan.Kulo kakersakaken dening
kadang kulo enem pun Arief Suyatno sekaliyan. Sepisan : ngaturaken salam taklim, kanthi pemuji mugi-
mugi Bapak Sugiyatno sakluwarga tansah pinayungan ing Pangeran satemah ambabar rahayu wilujeng
lumebering sedayanipun. Kaping Kalih : kulo kinanten rowing sawetawis, kadhawuhan nyowanaken
calon putra penganten, asmanipun Bagus Saefull Ali Nurdin ingkang sampun sarembag badhe
kadhaupaken kaliyan Rara xxxx putra putri panjenengan. Ingkang punika mugi kaparenga nampi. Dene
wonten kekiranganipun, Bapak Arief Suyatno sekaliyan nyuwun agenging pangapunten. Salajengipun,
kalampahanipun dhauping penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakluwarga.
Minangka panutup ing atur, mbok menawi wonten atur kulo saklimah, sowan kulo sarowang, ingkang
kirang trapsila satemah mboten ndamel renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu, kulo
nyuwun lumunturing pangaksami. Cekap semanten, Nuwun. wassalamu 'alaikum wr.wb

 TAMPI PENGANTEN

Assalamu 'alaikum wr.wb Kulo nuwun, Para sepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing
budi.Nyuwun pangapunten dene kulo paripeksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kulo
matur ing ngarsanipun Bapak Sugiyatno sarimbit. Nuwun, Bapak Sugiyatno sekaliyan.Kulo kakersakaken
dening kadang kulo enem pun Arief Suyatno sekaliyan. Sepisan : ngaturaken salam taklim, kanthi pemuji
mugi-mugi Bapak Sugiyatno sakluwarga tansah pinayungan ing Pangeran satemah ambabar rahayu
wilujeng lumebering sedayanipun. Kaping Kalih : kulo kinanten rowing sawetawis, kadhawuhan
nyowanaken calon putra penganten, asmanipun Bagus Saefull Ali Nurdin ingkang sampun sarembag
badhe kadhaupaken kaliyan Rara xxxx putra putri panjenengan. Ingkang punika mugi kaparenga nampi.
Dene wonten kekiranganipun, Bapak Arief Suyatno sekaliyan nyuwun agenging pangapunten.
Salajengipun, kalampahanipun dhauping penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan
sakluwarga. Minangka panutup ing atur, mbok menawi wonten atur kulo saklimah, sowan kulo
sarowang, ingkang kirang trapsila satemah mboten ndamel renaning penggalih panjenengan punapa
dene para tamu, kulo nyuwun lumunturing pangaksami. Cekap semanten, Nuwun. wassalamu 'alaikum
wr.wb

Anda mungkin juga menyukai