Anda di halaman 1dari 2

A.

Pasrah Penganten Kakung

Nuwun,

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha asih mugi kajiwa kasarira wonten ing
Panjenengan sadaya.

Kairing sagunging pakurmatan Ibu saha Bapak R.M. Sukarja Wiryasuputra, tuwin para putri
putra, dalasan sagung kulawarga, miwah para rawuh.

Nuwun, kaparengna matur, minangka sesulihipun Ibu saha Bapak R. Kusna Wijaya. S.H.

sakulawarga. kula kadhawuhan masrahaken panganten kakung Adi Sumantri katur ibu saha
Bapak R.M Sukarja Wiryasuputra.

Wondene kalampahanipun makaten: Kala wau wanci tabuh 09.45, panganten kakung kuta
pendhet saking dalem Jl. Gombel Permai Angka 21, kanthi kairing para sepuh, kulawarga, sanak
kadang, mitra pitepangan. sawatawis, kula bekta sowan dumugi ing dalem JI. M.T. Haryana
Angka 878 ngriki, kalayan gangsar saha gancar.

Pramila, ngembun sarta ngemban dhawuh wigatosing sedya, kaparengna ing samangke
panganten kakung kula pasrahaken tuwin

kula sumanggakaken katur Bapak J. Soedardja, SH. Ingkang anyulihi Ibu dalah Bapak RM. Sukarja
Wiryasuputra, cundhuk kaliyan lampahing upacara.

Wasana kula nyuwun pangaksami mbokbilih angen kula nindakaken ayahan punika wonten
ingkang kirang ndadosaken pirenaning panggalih.

Nuwun.
B. Tampi Pasrah Panganten Kakung

Nuwun,

Winantu ing kawilujengan.

Sinartan sinukartaning panambrama.

Ibu miwah Bapak R. Kusna Wijaya, S.H., dalah para putri putra, dalasan sanggyaning kulawarga,
punapa den para rawuh.

Nuwun. tumanggap pangandikanipun Bapak Drs Iman Sarjana, ingkang anyulihi Ibu tuwin Bapak
R. Kusna Wijaya, S.H., amasrahaken panganten kakung, kaparengna kula matur, minangka
sesulihipun Ibu saha Bapak R.M. Sukarja Wiryasaputra, kula kadhawuhan tampi pasrah
penganten kakung.

Pramila keparengna amratelakaken bilih ing samangke wanci tabuh 10.00, panganten kakung
kula tampi kanthi sae, andadosaken suka biingahing manah; saha sumangga sami muji muja
syukur konjuk ing Hyang Murbeng Gesang

Selajengipun panganten kakung badhe sarimbit kaliyan panganten putri Asih Sulastri,
dumungkap upacara candhakipun.

Kula nyadhong pangaksami mbokbilih wonten kakirangan saha kaladuking panampi.

Nuwun

Anda mungkin juga menyukai