Anda di halaman 1dari 1

Tampi Pasrah Panganten Kakung

Nuwun,
Winantu ing kawilujengan.
Sinartan sinukartaning panambrama,
Ibu miwah Bapak R. Rusna Wijaya S.H., dalah Putra Putri, dalasan Sanggyaning
kulawarga, punapa dene para rawuh.
Nuwun, tumanggap pangandikanipun Bapak Drs. Imam Sarjana, ingkang anyulihi Ibu
tuwin Bapak R. Rusna Wijaya S.H., amasrahaken panganten kakung, kaparenga kula matur,
minangka sesulihipun Ibu saha Bapak R.M. Suyanto Wiryatmoko, kula kadhawuhan tampi
pasrah panganten kakung.
Pramila, kaparenga amratelakaken bilih ing samangke wanci pukul 10.00, panganten
kakung kula tampi kanthi sae, andadosaken suka bingahing manah; saha sumangga sami muji
muja syukur konjuk ing Hyang Murbeng Gesang.
Salajengipun panganten kakung badhe sarimbit kaliyan panganten putri, Asih Sulastri,
dumungkap upacara candhakipun. Kula nyadhong pangaksami bok bilih wonten kakirangan
saha kaladuking panampi.
Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai