Anda di halaman 1dari 2

Assalamu'allaikum Wr Wb.

Dhumateng panjenenganipun Bapa H Siroq ingkang piniji


angemban wuwus minangka duta saking panjenenganipun Bapa/ibu
Solehan ingkang pantes sinuba sekaring pakurmatan. Kula ing ngriki
minangka sulih sarira, talanging atur saking pamangku gati nun inggih Ibu
Elfin Ida Listyanawati SH. Sakulawarga keparengna matur, kaping sepisan.
"Ngaturaken pambagya Sugeng Rawuh saga nderek memuji syukur
wonten Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, awit karawuhan panjenengan
sedaya saking laladan Kitho Malang Dumugi tlatah ngriki tansah
pinayungan rahmating Gusti satemah saget manggih Rahayu
samudayanipun.

Ewondene atur salam taklimipun Bp Solehan sampun katampi


kanthi suka renaning penggalih , kosokwangsulipun dawah sami-sami atur
salam taklimipun Ibu Elfin Ida Listyanawati SH. ugi katur dhumateng
Bp/ibu Solehan sekalian. (Bila sebelumnya diberi salam agama islam
hendaknya juga membalas dengan wa Alaika wa alahis salam
warahmatullahi wabarakatuh)

Ingkang saklajengipun, panjenengan kalawau nglarapaken sekar


cepaka mulya sasele nun inggih pasrahipun putra calon penganten kakung
Dimas Bagus Anas Puji Istianto SH. MH. katampi kanthi suka renaming
penggalih, Menawi kenging kawedhar ingkang kathah, kadi kajugrukan
wukir sari kablebeging samodra madu. Ing saklajengipun, hambok bileh
sampun dumugi titiwanci tumapaking gati tumunten badhe kapanggihaken
kalian Nimas ayu Elza Sylvania Pittaloka SH Mkn, miturut adat widhi
widana ingkang taksih lumampah wonten ing tlatah ngriki.

Dumateng Bapa H Siroq dalah pangaraking putra temanten


kakung, sasampunipun putra temanten kakung kapanggihaken,
panjenengan sedaya kula suwun pinarak wonten palenggahan ingkang
sampun sumadya kanthi mardu mardikaning penggalih dumugi
saparipurnaning adicara, saperlu hangestreni tuwin atur puji pangestu
mugi-mugi anggenipun temanten badhe mangun brayat anyar wonten
madyaning bebrayan agung tansah manggih bagya mulya, rahayu ingkang
tinuju, basuki ingkang kaesthi , miwah gagah ingkang jinangkah.

Puput pepontaning atur, menawi wonten kuciwaning boja krami


anggenipun Ibu Elfin Ida Listyanawati SH ngacarani menggah ing rawuh
panjenengan sami, mugi panjenengan sedaya keparenga paring gunging
samudra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging atur,
hambok bileh wonten kiranging subasita ingkang singlar ing rehtata krama.
Kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun pangapura.

Wassalamuallaikum wr wb, Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai