Anda di halaman 1dari 1

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

- Para Sesepuh Pinisepuh, para takziah sedaya ingkang satuhu kula


bekteni

- Para Takziah Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan

Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan


punika, sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos
syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit
saking peparingipun ni’mat saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget
makempal, silaturahim, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten
wonten alangan satunggal punapa.

Para Takziah Kakung Sumawana Putri ingkang minulya.

Keparenga kula minangka wakilipun kulawarga, ingkang nandang bela


sungkawa, ngaturaken agungin panuwun dhumateng para takziyah ingkang
sampun kepareng rawuh wonten dalem mriki, paring pakurmatan upacara
pametaking layonipun almarhum/almarhumah (...) mboten kesupen
kulawarga ngaturaken agungin panuwun ingkang tanpa umpami dhumateng
panjengengan sedaya ingkang sampun paring pambiyantu awujud bandha
beya, iguh pratikel saha penggalihan, ingkang sedaya wau katujokaken saha
mahanani entenging sesangganipun kulawarga. Kulawarga ing ngriki mboten
saged paring lelintu menapa-menapa, kejawi naming memuji mugi sedaya
amal kesaenan panjenengan sedaya tansaha pikantuk piwales saking Gusti
Allah. Amin..

Para takziyah ingkang kula kurmati, perlu kawuningan sepinten upaya lan
ikhtiaripun kulawarga nalika almarhum/almarhumah (...) nandhang gerah,
sageda sehat malih, nanging gandheng sedaya pepesthen menika wonten ing
astanipun Gusti, pramila kanthi tentrem Bapak/Ibu/Sedherek... Sasmpun
sowan wonten nnggarsanipun Gusti, rikala dinten... Waci tabuh... Wonten
ing...

Dhumateng para takziyah sedaya kepareng paring donga amrih sedaya amal
kesaenanipun almarhum/almarhumah (...) saged ketampi linebura sedaya
dosa lan kalepatanipun. Dhumateng kulawarga ingkang dipuntilar, mugi
kaparinga manah tabah, ikhlas lan tawakal.

Ing wasasna mbok bilih almarhum/almarhumah (...) rikala sugeng gadhah


kalepatan, utawi pettangan ingkang dereng rampung dhateng panjenengan
sami, kulawarga nyuwunaken agenging pangapunten. Lan panjenengan kersa
rawuh ngrampungaken sedaya wau kaliyang kulawarganipun.
Ing wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten
atur ingkang kirang prayogi. Kula nyuwun pangapunten. Nuwun

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai