Anda di halaman 1dari 1

Sesorah Pambagyaharja Adicara Temanten

Assalamu‘alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi, para kadang wredha
mudha ingkang bagya mulya, para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana. Langkung
rumiyin sumangga kula saha panjenengan sedaya tansah dherekaken atur puji syukur wonten
ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, awit sih wilasa miwah berkah dhumateng
panjenengan sedaya dalasan kula, saengga saget kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan
nir ing sambekala.

Ing pepanggihan menika, Bapak Karna lumantar kula ngaturaken sugeng rawuh saha
sugeng lenggah dhumateng para tamu sedaya. Bapak Karna ugi ngaturaken agunging panuwun
awit panjenengan sedaya kersa rawuh wonten ing adicara menika.

Ing kalodhangan menika, Bapak Karna malakramakaken putrinipun ingkang naminipun


Rahayu Ningsih dhaup kaliyan Wahyu Hidayat, putranipun Bapak Agus. Mugi-mugi lampahing
ijab tansah pinayungan karaharjan nir ing sambekala.

Para rawuh kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Karna lumantar kula
nyumanggaaken mugio para lenggah sedaya kersa ngedapi pasugatan ingkang cumawis sak
wontenipun. Bapak Karna ugi nyuwun pangapunten menawi wonten kekirangan anggenipun aruh,
lungguh, saha suguh.

Pungkasaning atur, kula minangka talanging atur, nyuwun pangapunten hambok bilih
anggenipun kula matur kathah kalepatan saha tebih saking subasita. Nuwun.

Wassalamu‘alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Anda mungkin juga menyukai