Anda di halaman 1dari 2

PIDATO BAHASA JAWA HARI ULANG TAHUN SEKOLAH

Nuwun sewu, saderengipun mugi tinebihna tulaksarik, saha kinalisna saking


sarusiku sikudendha, tuwin tinebihna saking bendu. Bokbilih pribadhi jasad kula
ing mriki kumawantun ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya kumedah anyigeg
wawan pangandikan penjenengan sedaya.

Langkung rumiyin sumangga kula dhereaken panjenengan ngunjuaken puja-puji


pudyastuti dhumateng ngarsanipun gusti ingkang maha Mirah, inggih awit sih
nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan sami saged pinanggih ing papan mriki
kanthi bagya mulya kalis ing sambikala.

Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya ngaturaken sugeng


rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit
saking punika kula ngaturaken gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken
gunging panuwun ugi dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring
idin palilah murih kaleksananipun sedaya pengetan ambal warsa sekolah punika.
Ugi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindan dhumateng bapak saha
ibu guru sumrambah karyawan ingkang keparing paring eguh pratikel murih
pratitising adicara punika.

Bapak saha ibu sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Dene
wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika saperlu mengeti
dinten ingkang mirunggan punika. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi
pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke,
ningkataken prestasi tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.

Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika.
Kula pribadhi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah
pranataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra. Nuwun

Dikumpulkan Oleh >>> www.KisahKamu.Info


Artinya
Mohon maaf, sebelumnya semoga dijauhkan dari berbagai pantangan dan
terbebaskan dari aral melintang, serta dijauhkan dari bahaya. Karena saya berani
berdiri di sini dengan lancang menghentikan/menyela pembicaraan anda semua.

Terlebih dahulu saya ajak anda untuk memanjatkan puji syukur kehadirat Tuhan
Yang Maha Pemurah, karena kemurahan dan berkahnya kita semua bisa bertemu
di tempat ini dengan bahagia tiada suatu apapun.

Selanjutnya saya sebagai panitia mengucapkan selamat datang semoga kehadiran


anda bisa membuat suasana semakin meriah. Oleh karena itu saya mengucapkan
terimakasih. Tidak lupa saya menyucapkan terimakasih kepada bapak kepala
sekolah yang sudah memberi ijin sehingga peringatan pada hari ulang tahun
sekolah ini bisa teraksana. Juga mengucapkan terimakasih kepada bapak ibu guru
dan karyawan yang sudah memberi saran untuk kelancaran acara ini.

Bapa dan ibu serta rekan-rekan yang berbahagia. Inti dari permintaan atas
kehadiran anda ini untuk memperingati hari lahir yang lapang ini. Maksud yang
diharapkan adalah semoga peringatan ini semoga bisa menjadi pelecut semangat
meningkatkan prestasi dan skhlsk khususnya para siswa.

Akhirnya selamat menikmati acara ini sampai akhir. Saya pribadhi mohon maaf
karena perilaku, tuturkata yang jauh dari sopan dan aturan.

Terimakasih

Dikumpulkan Oleh >>> www.KisahKamu.Info

Anda mungkin juga menyukai