Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Wr Wb.

.Alkhamdulillahirobbil’alamin washsholatu wassalamu...


.Panjenengan nipun paro pepunden, sesepuh, pini sepuh, aji sepuh ingkang kulo hurmati,
.Ingkang kulo hormati :
- Bp. Agus Suyitnya sekalian ibu, Kepala Desa Kepatihan, sedoyo stap. Bp, Bayan, RW, RT,
undangan ingkang rawuh , ing dalu meniko.
- Bp. Ketua DMI Ranting Desa Kepatihan beserta anggota.
- Bp. Ketua BPD beserta anggota.
- Bp. Ustad....
- Bp, Ibu, hadirin ingkang kulo hurmati,
.Puji Syukur dateng ngarsanipun Alloh Swt, ingkang paring kenikmatan soho kamulyan dateng
kito
sedoyo. Aamiin
.Sholawat lan salam dipun aturaken Junjungan Nabi Muhammad Saw, ingkang paring Safaat
dateng
kito sedoyo, wonten yaumul Baatz lan yaumul khisab.
1. Kulo sekeluarga ngatuaken wilujeng dalu, kaaturan pinarak lenggah ingkang sakseca-
sekecanipun kanthi mardu, mardika, mardawaning penggalih, kawotenan mekateng
pangapunten.
2. Wulan meniko tasik wulan Syawal, pramilo, tartentu kulo sekeluarga, anggadahi kalepatan
dumateng panjenengan, kulo nyuwun pangapunten, kanthi atur :
“Taqobbalallohu Minna wa Mingkum, Shiyaamanaa washiyaamakum taqobbal ya Karim”
“Mohon Maaf Lahir dan Batin / Minal ‘Aidin Walfaizin”
3. Bp, Ibu Ingkang kulo hurmati :
Alhamdulillah, bilih kulo Kasdi kalih Istri Kasmi, dipun dimbali Alloh Swt dateng tanah suci
Mekah Almukaromah-Medinah Almunawaroh, nindakaken ibadah Haji, Rukun Islam
ingkang no 5,
Nyuwun pandongo mug-mugi kulo sekalian :
. Paringi sehat waras, panjang umur, paringi rejeki shokur kathah ugi barokhah, dipun
gampilaken
sedoyo urusan kulo sekeluarga, wiwit hari kalenggahan puniko ngantos selajengipun.
. Saget nindak aken rukun wajib – lan sunnah haji kanthi lancar.
. kanthi dongo panjenengan, mugi kulo dados haji ingkang Mabrur soho Mabruron, Alloh
Ngijabahi panyuwun kulo sekeluarga.
. Paringono kekiatan Islam Iman kulo, sehat waras, panjang umur, saget wangsul tanah
kelahiran malih, kanthi saget ngembangaken agami islam, sesarengan wonteng masyarakat.
4. Makaten anggen kulo matur tertemtu kathah kilaf lan salan nyuwun pangapunten.
5. Salam penutup (Wassalamu ‘alaikum Wr Wb.)

Anda mungkin juga menyukai