Anda di halaman 1dari 2

Pranatacara Mitoni

Assalamu’alaikum
Kawula Nuwun
Wonten ngarsanipun para pinisepuh ingkang tansah sinudarsana.Dhumateng bapak Munir
minangka pangarsa dhusun ingkang kinurmatan.Dhumateng para rawuh bapak saha ibu ingkang
bagya mulya.
Langkung rumiyin sumangga kawula dherakaken sami ngunjukaken raos syukur dhumateng
Gusti ingkang amurba amasesa, ingkang sampun paring nugraha kawilujengan dhumateng kita
sedaya saengga saged makempal wonten ing paapn menika kanthi saras saha boten wonten alangan
punapa. Amin.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Saderengipun adicara mitoni ing dinten menika dipunwiwiti, kawula minangka pambiwara
badhe ngaturaken reroncening adicara ingkang badhe kalampah, kirang langkung mekaten:
1. Pambuka
2. Atur pambagyaharja dening pamengku gati
3. Siraman
4. Brojolan
5. Medhot janur
6. Gantos busana
7. Mecah siwur
8. Dodolan dhawe
9. Panutup

Para rawuh ingkang minulya,


Sumangga adicara mitoni ing dinten menika kita wiwiti kanthi waosan basmalah
sesarangan.Mugi-mugi adicara ing dinten menika kita saged kalampahan kanthi sae lan gancar,
boten wonten alangan setunggal punapa. Amin.
Menggah adicara ingkang angka kalih nun inggih atur pambagyaharja dening pamengku gati,
dhumateng Bapak Mahsun kawula sumanggakaken.Maturnuwun dhumateng Bapak Mahsun ingkang
sampun paring atur pambagyaharja.
Para rawuh ingkang minulya,
Adicara salajengipun inggih menika siraman. Dhumateng bapak Mahsun minangka tiyang
sepuh saking ibu Lina, kawlua sumanggakaken murwakani siraman. Salajengipun kawula
sumanggakaken dhumateng ibu Sri, dipunlajengaken Ibu Erna saha Ibu Titin, ingkang pungkasan
kawula sumanggakaken ibu siti.Kaaturaken agunging panuwun dhumateng bapak saha ibu ingkang
sampun katuran adicara siraman.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika brojolan klapa gadhing cacah kalih ingkang
dipungambari Kamajaya kaliyan Kamaratih ingkang ngemot kekarepan supados putra/putri saged
lair bagus utawi ayu.Kasumanggakaken dhumateng Bapak Mahsun minangka tiyang sepuh saha Ibu
Sri ingkang badhe anadhahi klapa ingkang kabrojolaken. Klapa gadhing ingkang kaparingaken calon
ramanipun minangka pralambang supados nglairaken putra samangke boten wonten alangan
setunggal punapa.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Adicara salajengipun nun inggih medhot janur. Medhot janur menika minangka pralambang
wajibing tiyang kakung ngilangi sedaya pepalang ing gesang bebrayan.
Adicara ingkang kaping enem inggih menika gantos busana saha dipunlajengaken adicara
kaping pitu inggih menika mecah siwur.
Para rawuh ingkang minulya,
Adicara ingkang kaping wolu inggih menika dodol dhawet, dhumateng para rawuh sedaya
kawula sumanggakaken mundhut dhawet kaliyan rama lan ibu kanthi ngginakaken kreweng ingkang
sampun cumawis.
Mekaten kala wau adicara mitoni ing diten menika, kawula minangka pambiwara, mbok bilih
wonten klenta klentuning atur ingkang kirang mranani ing manah panjenengan sedaya, kawula
nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama, mekaten atur kawula.
Matur nuwun
Wassalamu’alaikum wr wb.

Anda mungkin juga menyukai