Anda di halaman 1dari 2

PIDATO BAHASA JAWA KEBERSIHAN

CONTOH 1
Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh . . .

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah

Dhumateng Bapak lan Ibu guru

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani

Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT amargi
sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti
sehat wal afiat

Hadirin ingkang kulo tresnani

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya
nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-
sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge
kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga
kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan
kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun
menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang
layang lan sejahtera

Hadirin ingkang kulo tresnani

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang
ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking
ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun
mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki.
Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.

Dikumpulkan Oleh >>> www.KisahKamu.Info


Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun
pangampunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh . . .

CONTOH 2
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Panjenengan bapak-bapak, ibu para warga ingkang kinurmatan, para kadhang werdha mudha
sedaya ingkang kula tresnani.

Kula tansah ngaturaken gunging panuwun awit kerawihan panjenengan sedaya wonten ing
papan punika, bab punika nedahaken bilih bapak, ibu lan para sederek sedaya angrumaosi
minangka salah satunggaling warga ingkang sae. Kula sanget bingah lan mengkog ing penggalih
anggadhahi warga kados bapak, ibu lan kadang-kadang sedoyo.

Bapak ibu, lan kadang-kadangs edaya kita remen kalian kaindahan lan kabersihan. Abersihan
lan kaindahan meniko satunggaling kunci ketentreman, napake mawon! Ingkang asri lan sae
badhe cepet ical kaindahanipun prikala mendeke mawon kanti kotor lan mboten kumrawat,
kadosa ageman sae ingkang kotor dados mboten sae, semanten ugi kados untu ingkang rapi
nanging kotor meniko ugi mboten diremeni.

Mula kagem njaga kabersihan lingkungan mangga kita laksanaaken kerja bakti, sareng-sareng.

Tartamta kemawon kanthi kerja bakti punika kita wiwiti kanthi ambudayakaken tresna
dhateng kebersihan lingkungan punika, sedyaning manah kula, sesampunipun kerja bakti
budaya tresna dhateng kebersihan.

Para tamu sedaya kebersihan menika salah satunggaling pokok kesehatan, menawi lingkungan
kita resik, mila gesang kita badhe jeraos nyampun.

Mekaten, lan nyuwun gunging pangapunten manawi thitaling atur kula, kiranging suba sita
miwah tumpang suhing basa lan sastra panutuping atur.

wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Dikumpulkan Oleh >>> www.KisahKamu.Info

Anda mungkin juga menyukai