Anda di halaman 1dari 1

1.

Ringkesan Cerita Wayang Bale Si gala- Gala:


Sengkuni lan Kurawa kepingin nyingkirake Pandhawa teka Ngastina. Iki akibat e saka Pandhu seng
wis seda. Keraton Ngastina akhire dipimpin kakang e Pandhu yaiku Destrarasta amarga anak anak e
Pandhu isih cilik. Wektu Pandawa wes gedhe, mestine keraton Ngastina kuwi kudhu wes di serahake
marang Pandawa, nanging Gendari lan Sengkuni ora gelem nyerahake marang Pandawa malah usaha
supaya Pandawa ngaleh saka Keraton Ngastina. Kurawa mikir yen misale Bratasena ora ana, Pandhawa
bakal lemah. Akhire Bratasena diracun Kurawa, Bratasena semaput lan diguwan marang segara. Ing njero
banyu Bratasena di cucuki karo naga sing di utus Bathara Basuki, akhire Bratasena tangi lan di paringi
Bathara Bayu Tirtokundo sing bisa nggarai Bratasena kuwat kaya 70 gajah.
Ana pertemuan ing keraton Astina kang mbahas penobatan Puntadewa ing pesanggrahan
Pramonokoti. Kurawa ngerti lan berniat ngobong pesanggrahan kuwi. Eyang Abyasa ngerti rencana ala
kuwi lan ngandani Bratasena supaya tetep waspada.
Tiba wayahe penobatan puntadewa ing Pesanggrahan Pramonokoti. Sakdurunge penobatan ana
acara mangan-mangan. Panganane Pandhawa diwenehi racun karo Kurawa. Sakwisa iku Kurawa mbakar
Pesanggrahan iku. Tapi Pandhawa lan Dewi Kunthi slamet. Ana kewan jenenge Garangan Petak sing
nunjukake dalan metu saka kebakaran iku. Si garangan petak iku nduduhake dalan metu iku sampe ing
Kahyangan Sapta Pratala. Kewan iku nyatane Batara Ngatatmala. Nyatane bratara iku anake Sang Hyang
Hamantaboga. Sebagai tanda matur suwun marang Sang Hyang Hamantaboga, nikahake Bratasena karo
Dewi Nagagini

2. Pesen Moral Cerita Wayang Bale Si Gala- Gala:


Kejahatan di bales kejahatan iku biasa, nanging yen kejahatan di bales kabecikan iku luar biasa
3. Alur Cerita Wayang Bale Si Gala- Gala
Alur maju amarga kadadeyane urut, kdadeyane kayata :
 Bratasena dikeroyok lan diracun Kurawa
 Bratasena ketemu Sang Hyang Basuki
 Rapat gawe acara penobatane Puntadewa
 Pesanggrahan Pramonokoti dibakar karo Kurawa
4. Latar Panggon :
 Tepi Bengawan Swilugangga
 Keraton Ngastina
 Sitihinggil Kerajaan Ngastina
 Alas Waranawata
 Pringgondani
 Pesanggrahan Pramonokoti
 Kahyangan Sapta Pratata
Latar Wektu : Awan Lan Bengi
Latar Swasana : ada Tegang, ada Santai
5. Watak
 Yamawidura : Bijaksana, pinter tata Negara
 Sengkuni : julig, dengki, culika, candhula, srei
 Dewi Kunthi : hambeg welas asih, setya dhumateng kakung
 Bratasena : kuwat
 Bisma : kiyat sangat, bijaksana
 Semar : bijaksana
6. tema : permusuhan lan iri marang dulur.
7. Pendapat tentang Cerita wayang Bal Si Gala- Gala
Bale Sigala-Gala iku cerita wayang sing apik. Bale Sigala Gala nyeritakake permusuhan denin Pandawa lan
Kurawa. Sifate Kurawa marang Pandawa mestu ala amarga Kurawa iri karo Pandawa. Ing cerita iki, ake
pesen moral sing iso dijupuk, salah sijine yaiku awakdewe gaoleh iri marang wong liya.

Anda mungkin juga menyukai