Anda di halaman 1dari 4

BIMA BUNGKUS

Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi
kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu
cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus.
Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana..
Jejer hastina. sangat berduka prabu pandu dan dewi kunti karena kelahiran anak jabang
bayi yang ebrwujud terbungkus. tak ada senjata yang mampu untuk memecah bungkus. kurawa
juga ikut membantu selalu ingin mecah bungkus walopun cuma omong doangan saja, malah
tujuan utamanya penegn membunuh snag bayi itu sendiri. dapat wangsit dewata bayi bungkus
dibuang di hutan krendawahana
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang
kaderekaken repat punakawan. “Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus,
sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken
duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…” di pertapaan wukir retawu begawan abyasa kedatangan raden
permadi yang dikuti oleh punakawan. “kakek bagaimana nasib kakak bungkus, sudah sampe
beberapa tahun tak ada kabar baik mengenai ini eyangg, menjadikan dukanya ibu kunti”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe
kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…”
tentu saja sang winasis yang emmang dipenuhi oleh budi luhur sudah mengetahui apa yang jadi
lelakon. “cucuku ngger, permadi, mengertilah kalo kakakmu lagi menjalani karmanya, di
kemudian hari kakamu si bungkus akan jadi satria utama dan bakal emndapat apa yang disebut
wahyu jati”
Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah,
samodra asat.
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen
mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen
nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus. adanya bungkus menjdikan gegernya
suralaya. bumi gonjang ganjing seperti dibelah. lautan menjadi kering. di suralaya batara guru
memanggil gajah sena putra sang batara yang berwujud gajah untuk memecah si bungkus
sehingga menjadi sejatining menungso. sang guru juga mengutus dewi umayi untuk melatih
tentang kautaman kepada si bungkus
Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa
cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku
Pancanaka. Setelah memebrikan pengajaran kepada si bungkus, dewi umayi memberikan buana
berupa cawet bang bintulu merah, itam, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong dan kuku
pancanaka.
Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun,
kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya
kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus. Selanjutnya gajahsena membuka bungkus,
pecahnya bungkus jadi ktemunya keduanya, kaget lalu terjadi perang. dibantinglah gajah sena.
sirna jasah gajah. roh dan daya kekuatanya manjing dalam badan si bungkus
Praptene Betara Narada. Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku
iki sopoh?” datanglah bhatara narada, si bungkus bertanya pada sang kabayadewa,”heeem, aku
ini siapa?
“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu ing
Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi
satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…” perkencong perkencong
waru doyong, ngger kamu itu sejatinya putra nomer dua dari raja dimarta prabu pandu dewanata.
kamu lhir berwujud bungkus, dan kemauan dewata kamu menjadi satria utama, dan kamu
kukaish nama bratasena ya ngger”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena
kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala
Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden
Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu. Datanglah ratu dari tasikmadu
yang meminta pertolongan kepada bratasena untuk emnyirnakan raja raksesa bernama kala
dahana. patih kala bantala, kala maruta dan kala ranu. para raksasa sirna. dan semua kekuatan
para raksasa tadi menyatu dlm tubuh raden bratasena, itulah kekuatan api, tanah, angin dan air
Soal
1. Sinten rama lan ibunipun si bungkus ?
2. Prabu Pandhu raja wonten pundi ?
3. Sinten rayinipun si bungkus ?
4. Awujud punapa raden Bratasena lair ?
5. Kahyanganipun Bathara Guru naminipun punapa ?
6. Wonten pundi pertapanipun Begawan Abiyasa ?
7. Paring busana punapa Dewi Umayi dhumateng si bungkus ?
8. Si bungkus dipunparingi tetenger kaliyan Bathara Narada punapa ?
9. Si bungkus pikantuk wahyu punapa ?
10. Sinten kemawon raja raseksa ingkang dipunsirnakaken Bratasena ?

Wangsulan
1. Ramanipun Pandhu kaliyan ibu Dewi Kunthi.
2. Prabu Pandhu raja Ngastina.
3. Rayinipun si bungkus sesilih Raden Permadi.
4. Lairipun awujud bungkus.
5. Naminipun kahyangan Suralaya.
6. Wonten ing pertapan Wukir Retawu.
7. Dewi Umayi paring busana awujud sumping, gelang, porong, kaliyan kuku pancanaka.
8. Tetengeripun Raden Bratasena.
9. Sinebut wahyu sejati.
10. Raja Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta, lan Kala Ranu.

Anda mungkin juga menyukai