Anda di halaman 1dari 3

SASTRA PIWULANG

Kasusastran jawa yaiku kagunan adi luhung kang kalairake sarana basa jawa kang
endah.

Sastra piwulang ateges pasinaon sastra kang ngemot piwulang ateges ngemot
pitutur utawa wewarah.

Wujud Sastra Piwulang yaiku:

1. Serat Wulang Putri


Teks Serat Wulang Putri awujud tembang macapat lan aksara jawa.
Serat Wulang Putri miturut Nugroho (2018: 18) kaperang dadi :
a. Pupuh Kinanthi ( pada 1 – 23 )
b. Pupuh Maskumambang ( pada 24 – 49 )
c. Pupuh Sinom ( pada 50 – 64 )
2. Serat Sanasunu
Serat Sanasunu duwe 14 pupuh yaiku:
a. Dhandhanggula ( 26 pada)
b. Sinom ( 40 pada )
c. Asmaradana ( 38 pada)
d. Kinanthi ( 38 pada )
e. Dhandhanggula
f. Megatruh ( 30 pada )
g. Sinom ( 28 pada )
h. Pocung ( 28 pada )
i. Dhandhanggula ( 35 pada )
j. Sinom ( 31 pada )
k. Dhandhanggula ( 40 pada )
l. Kinanthi ( 41 pada )
m. Dhandhanggula ( 40 pada )
n. Mijil ( 36 pada )

Serat Sanasunu duweni isi pitutur kanggo anak. Pamenging kang ana ing
Serat Sanasunu iki menehi tuladha marang anak supaya ngerti tindak-
tanduk kang kudu dilakoni lan ora entuk dilakoni. Manungsa uga nglakoni
prentah supaya manembah marang Gusti, busana kang dienggo kudu
sopan, manungsa uga bisa ngajeni panemu liyan nalika rembugan/
musyawarah.

3. Serat Wedhatama
Serat Wedhatama saka tembung wedha ( piwulang ) lan tama ( utama ).
Serat Wedhatama njlentrehake gegayutane piwulang luhur kanggo
manungsa ing bebrayan agung.
Serat Wedhatama kaanggit dening KGPAA Sri Mangkunegara IV.
Isine Serat Wedhatama menehi piwulang kabecikan/ budi pekerti luhur
supaya manungsa tansah tumindak kang becik kayata tepa selira, dadi
manungsa kang prasaja. Serat Wedhatama dadi lelandhesan kanggo para
raja anggone nggulawenthah putra-putrine supaya bisa urip ing bebrayan
agung kanthi kebak subasita lan adoh saka enban cindhe emban siladan.
Kang kalebu Serat Wedhatama yaiku :
a. Pangkur ( 1 – 14 )
b. Sinom ( 15 – 32 )
c. Pocung ( 33 – 47 )
d. Gambuh ( 48 – 82 )
e. Kinanthi ( 83 – 100 )
4. Serat Tripama
Serat Tripama isisne Pupuh Dhandhanggula kang ana 7 pada.
Serat Tripama ngemot babagan Patriotisme kang bisa ditrapake ing jaman
saiki. Serat Tripama ana ing tembang Dhandhanggula.
Tripama saka tembung Tri ( telu ) lan Pama ( upama ).
Tripama tegese telung upama / telung Satriya yaiku Patih Suwanda, Raden
Kumbakarna lan Adipati Karna.
Pitutur kang bisa dadi patuladhan saka satriya kasebut babagan tresna
marang Negara lan nguripake greget ngajeni.
 Bambang Sumantri / Patih Suwanda
Kawit cilik Bambang Sumantri duwe pepinginan ngabdi marang Prabu
Harjuna Sasrabau ing Maespati. Sumantri bisa ngalahake Prabu
Dharmawisesa lan bisa mboyong Dewi Citrawati kang dipasrahake
kanggo Prabu Harjuna Sasrabau. Kasektene Bambangg Sumantri
yaiku bisa mboyong Taman Sriwedari. Bambang Sumantri diwenei
nama Patih Suwanda amarga dheweke kendel lan bisa
ngrampungake jejibahan kang abot.
Patih Suwanda gugur nalika ngadhepi Prabu Dasamuka saka
Ngalengka.
Patuladhan kang bisa dicontoh saka Patih Suwanda yaiku guna,
kaya lan purun.
Guna tegese pinter
Kaya tegese sugih bandha donya
Purun tegese gelem , wani
 Kumbakarna
Kumbakarna yaiku senapati kang ora nyawang drajat, pangkatlan
jabatan. Dheweke iku sedulure Dasamuka.
Kumbakarna tresna marang Negara.
Dheweke melu perang amarga ora pegin menang, namung mung
wujud ngabdi marang bangsa.
Kumbakarna ora ngabdi marang rajane, amarga dheweke ora gathuk
marang rajane.
Dheweke gugur amarga ora tegel nyawang angkara murka kang ana
ing negarane.
 Adipati Karna
Adipati Karna sedulure Duryudana lan dadi Senapati ing Hastinapura.
Dheweke antuk kamulyan, sugih lan pangkat.
Senapati sejati kuwi siyaga melu perang,sanajan dheweke ngerti ora
bakal menang nglawan sedulure dhewe yaiku Arjuna. Dheweke
duweni tekad nglakoni darma lan karmane.
Adipati Karna gugur ing medan perang nalika perang Bharatayuda.

Anda mungkin juga menyukai