Anda di halaman 1dari 11

BAB I

PURWAKA

1.1. Latar Belakang


Para Pandhawa Lima (basa Sansekreta: Pañca Pāṇḍava) iku Prabu
Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadewa.
Lima paraga iki turunané Prabu Pandhu kang dadi raja ing Astina. Pandhu
disepata dening dewa bakal mati yèn saresmi karo garwané. Pandhu nerjang wewaler
lan banjur mati. Dewi Madrim, garwané, mèlu belapati, kamangka nalika iku lagi
nggarbini. Nalika suduk salira iku lair Nakula lan Sadewa kang kembar. Déné
Yudhistira, Bima lan Arjuna lair saka Dewi Kunti. Sadurunge karo Pandhu, Dewi Kunthi
nate nglairake bayi kang banjur diwenehi jeneng Suryatmaja.
Pandhawa dadi satru Kurawa ing Bharatayudha. Dene, Suryatmaja melu
Kurawa nglawan sedulur-sedulure dhewe.
Pandhawa ing budaya Jawa, mlebu wong-wong kang kudu diruwat. Yen ora
diruwat bakal dipangan Bathara Kala.

1.2. Rumusan masalah


Kanthi dhasar saking latar belakang meniko fokus masalah ingkang
dipunpundhut inggih menika babagan pandawa 5 inggeh puniko raden Puntadewa /
Yudistira, Brotoseno/Bima ,Arjuna Nakula lan Sadewa.
.
1.3. Tujuan panyeratan
Menggahing tujuan saking pangastan makalah menika enggeh puniko :
1. Kagem njangkepi piwucal Bahasa Jawi
2. Paring tambahan pengetahuan nopo ingkang dipun arani maksud Pandawa 5

1.4. Metode Pangempalan Data


Makalah menika dipun susun kanthi data engkang dipun pendet saking browsing
utawi penelusuran data saking internet.
BAB II
WOSING PIREMBAGAN

2.1 Silsilah
Pandhawa menika cacahipun gangsal sedherek, tiga antawisipun
(Puntadewa/yudistira, Bima /Brotoseno, lan Arjuna) menika putra Pandu saking ibu
Kunti, dene (Nakula lan Sadewa) menika putra saking ibu Madrim.

. Panitisan
Miturut tradhisi Hindu, Pandhawa menika panitisanipun dewa:
1. Puntadewa / yudistira titisan Dewa Yama, dewa akhirat;
2. Brotoseno / Bima titisan Dewa Bayu, dewa angin;
3. Arjuna titisan Dewa Indra, dewa perang;
4. Nakula lan Sadewa titisan dewa kembar Aswin, dewa tabib.
1. Puntadewa / yudistira

Inggih punika Raja ing Amarta utawi Indrapasta. Sawise perang Bharatayuda
Puntadewa dados raja ing Astina kanthi gelar Prabu Kalimataya. Puntadewa kagungan
julukan antawisipun : Darmawangsa, Darmakusuma ,Kantakapura, Gunatalikrama,
Yudistira, lan Sami Aji. Priyantung ingkang jujurr, sareh, suci, luhur, remen tinulung,
tresna tumrap tiyang sepuhipun saha njagi sederek-sedererekipun. Gadahi pusaka
kanthi aran Jamus Kalimasada, ingkang paedahipun saged dados pituduh lan pinulung
tumrap kesaenan lan kesejahteraan. Puntadewa gadah garwa kalih yaiku Dewi Drupadi
lan Dewi Kuntulwilaten.
2. Bratasena / Bima

Nalika dewasa asmanipun Werkudara, inggih punika ksatria Jodipati lan


Tanggulpamenang. Nate dados raja Giliwesi kanthi gelar Prabu Tuguwasesa.
Kagungan julukan antawisipun : Bima, Bayusutu, Dandun Wacana, Kusuma Waligita.
Piyantun ingkang jujur, boten gumedhe, suci, manut tumrap gurunipun (terutama
Dewaruci)l, tresna tumrap ibu saha sederekipun. Nalika perang gadah jargon “Menang,
nalika kalah berarti mati”. Panjenengane pantes dados panutan amargi kagungan sifat
kang jujur lan suci panggalihipun. Kagungan pusaka kanti aran Kuku Pancanaka ing
tangan kanan lan kiri migunani, kukuh sanget saha landhep. Uga kagungan kekuatan
gangsal angin, serta saged ngancuraken gunung. Kagungan kalih prameswuri yaiku:
Arimbi dan Nagagini. Kaliyan Arimbi pikantuk putra yaiku Gatotkaca, ingkang saged
mabur boten ngagem sewiwi. Saking Nagagini angsal putra kanthi asma Antasena
ingkang saged mlebet ing bumi lan kagungan kuwasa ing samodra. Bratasena nalika
lair kabungkus. Lan ingkang saged nyowek bungkusan wau yaiky Gajah Situ Seno.
Nalika samanten Gajah Situ Seno mlebet ing raganupin Bratasena, saengga kagungan
kekuatan luar biasa lan saged nyowek bungkusan wau.
3. Arjuna

Inggih punika Ksatria Madukara, raja Tinjomaya ugi. Kagungan julukan ingkang
kathah antawisipun : Janaka, Parta, Panduputra, Kumbawali, Margana, Kuntadi,
Indratanaya, Prabu Kariti, Palgunadi, Dananjaya. Priyantung ingkang remen lung
tinulung, remen tapabrata, cerdik lan pinter, ahli ing kabudayan lan kesenian. Arjuna
inggin punika ksatria ingkang sekti mandraguna. Kekasining para Dewa, panjalmaning
Dewa Wisnu. Kagungan gawra ingkang kathah kamangkan kagungan julukan
“Lelananging jagad”, kagungan paras ingkang gagah lan boten wonten tandhingane.
Prameswarinipun ing Arcapada yaiku Wara Sumbadra dan Wara Srikandi. Lan
prameswari ingkang sanesipun inggih punika Rarasati, Sulastri, Gandawati, Ulupi,
Maeswara, lsp. Ing Jonggrang Saloka panjenengane gadah prameswari inggih punika
Dewi Supraba, Dewi Dersanala inggih punika widodari ing Tinjomaya. Priyantun
ingkang kagungan watak ksatria, luhur budinipun, remen lung tinulung, sarta
demenaning para Dewa.
4. Nakula

Inggih punika putra kapapat Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Madrim
ingkang lair sesarengan kaliyan Sadewa. Rama lan ibunipun tilar donya nalika
penjenengane tasih alit. Mangka penjenengane dipunrawat dening Dewi Kunti kanthi
boten mbenten-bentenaken. Sawise perang Bharatayuda Nakula lan Sadewa dados
raja ing Mandraka kaliyan Sadewa. Kagungan julukan Raden Pinten. Nakula prigel ing
pertanian. Nalika perang Bharatayuda, panjenengane ingkang saged ngluluhaken
manahipun Prabu Salya. Sebab Prabu Salya tasih sederekipun Dewi Madrim, lan
sejatina panjenengane tansah sarujuk ing kabecikan Pandhawa. Mangka Prabu Salya
maringi pirsa tumrap Nakula lan Sadewa dene ingkang saged ngalahaken
panjenengane inggih punika Puntadewa, sebabPuntadewa kagungan getih pethak.
5. Sadewa

Putra kaping gangsalipun Prabu Pandhu kaliyan Dewi Madrim, dilairaken


sesarengan kaliyan Nakula. Sawise perang Bharatayuda dados raja ing Mandraka
sareng kaliya Nakula. Nalika alit kagungan asma Raden Tangsem. Prigel babagan
peternakan. Kagungan prameswari Endang Sadarmi, putrinipun Begawan
Tembangpetra pertapa ing Parangalas, kagungan putra kanthi asma Sabekti’.
BAB. III
WASANA

3.1 Dudutan
saking pangrembagan ingkang enten ing Bab dipuninggil mila panyerat saged
menyimpulkan menawi Pandhawa 5 inggih puniko :
1. Puntadewa / yudistira
2. Brotoseno / Bima
3. Arjuna
4. Nakula
5. Sadewa

3.2 Saran
Mekaten makalah ingkang kula damel niki, mugi-mugi menapa ingkang kula
serat sageto dados minggahan pangasumerepan kunjuk kita sedaya konjuk langkung
nepang ngengingi pandawa 5. kula ngelingi menapa ingkang kulo serat lebet makalah
meniko tentu taksih dereng sami menapa ingkang dipun pengajeng ajeng. Kulo tansah
ngajeng-ajeng bimbingan saking guru pembimbing ugi rencang-rencang sedaya.
DAFTAR PUSTAKA

http://jv.wikipedia.org/wiki/Pandhawa
(dipun akses Minggu, 25Januari 2015)

http://jv.wikipedia.org/wiki/Sad%C3%A9wa
(dipun akses Minggu, 25 Januari 2015)

http://jv.wikipedia.org/wiki/Nakula
(dipun akses Minggu, 25 Januari 2015)

http://diancintailham.blogspot.com/2009/12/pandhawa.html
(dipun akses Minggu, 25Januari 2015)

http://mongosilakan.net/translatorjawa/
(dipun akses Minggu, 25 Januari 2015)
ATUR SAPALA

Assalamu’alaikum Wr.Wb
Ingkang sepindah kula ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT kagem
sedaya nikmat lan rahmatipun saenggo kula saget ngrampongngaken makalah punika
Wonten makalah punika kula nyariosaken babagan Pandawa 5. Mboten kesupen rasa
matur suwun datheng:
1. Kepala Sekolah SMK CITRAMEDIKA SRAGEN
2. Guru Pengampu bahasa jawi wonten ing kelas X KEPERAWATAN 1 ingkang sampun
maringi pengarahan kalian bimbingan datheng penulis anggen nyusun makalah
puniko.
3. Rencang-rencang ingkang sampun paring bantuan ugi semangat dateng kawulo mawi
panyeratan makalah puniko.
Kawulo nyuwun pangapunten menawi anggenipun kawulo nyusun makalah
puniko kirang sempurna lan tasih kathah klentunipun ingkang mboten kita mangertosi.
Mugi sedaya kesaean ingkang sampun maringi datheng kawulo pikanthuk
balesan saking gusti Allah. Pengerep-ngarep kawulo mugi-mugi makalah puniko saged
paring paedah kagem sedaya ingkang maos.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

sragen, 8 maret 2017


LAMPIRAN

WAYANG YUDHISTIRA WAYANG WERKUDARA

WAYANG ARJUNA WAYANG NAKULA


DAFTAR ISI

BAB 1
MAKALAH BASA JAWA

PANDAWA 5

Disusun oleh :

1. Desy Rahmawati .F.F (161023/07)


2. Dewi Megawati (161025/08)
3. Intan Yuliana (161035/12)
4. Mashda Koara (161042/15)
5. Yunita Siswi .R. (161083/29)
6. Zarima Nur .K. (161085/30)

Tahun ajaran 2016/2017

SMK CITRAMEDKIA SRAGEN

Anda mungkin juga menyukai